Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 35 >> 

1Ing sawijining dina Gusti Allah ngandikani Yakub, "Aku Allah sing wis ngetingal marang kowé, nalika kowé ngungsi nyingkiri kakangmu Ésau. Lungaa menyang Bètèl. Manggona ana ing kono lan gawéa mesbèh kanggo Aku."

2(35:2-3) Yakub banjur ngandhani brayaté lan wong-wong liyané sing padha mèlu dhèwèké, "Ayo padha budhal menyang Bètèl. Ana ing kana aku arep gawé mesbèh kagem Gusti Allah, sing wis nulungi aku nalika uripku ngrekasa, lan wis nganthi aku ing salakuku. Mulané sakèhé brahala sing kokgawa buwangen, padha sesucia lan salina sandhangan sing resik."

3(35:2)

4Wong-wong mau banjur masrahaké sarupané brahala sing padha disimpen marang Yakub, semono uga anting-anting sing padha dienggo. Yakub mendhem barang-barang mau ing ngisor wit gedhé sacedhaké kutha Sikèm.

5Nalika Yakub lan anak-anaké padha budhal, atiné wong-wong ing kutha-kutha saubengé kono didadèkaké wedi déning Allah, nganti padha ora wani ngoyak Yakub lan anak-anaké.

6Mengkono Yakub lan brayaté wis kelakon tekan tanah Kenaan, ing kutha Bètèl, sing biyèn jenengé Lus.

7Ing kono Yakub banjur gawé mesbèh. Panggonan mau dijenengaké "Bètèl," merga ing papan kono Gusti Allah wis ngetingal marang Yakub, nalika ngungsi nyingkiri kakangné.

8Iya ing kono uga Déborah, embané Ribkah tilar-donya, banjur dikubur ana ing ngisor wit gedhé ing sakidulé Bètèl. Mulané wit mau dijenengi: "Wit Petangisan."

9Saulihé saka tanah Mésopotamia Yakub diketingali menèh déning Allah sarta diberkahi.

10Pangandikané marang Yakub, "Jenengmu aja Yakub menèh, nanging Israèl." Mengkono Gusti Allah enggoné ngelih jeneng Yakub dadi: Israèl.

11Pangandikané Allah, "Aku Allah Kang Mahakwasa. Padha bebranahana! Kowé bakal dadi leluhuré bangsa-bangsa lan nurunaké raja-raja.

12Tanah sing Dakparingaké marang Abraham lan Iskak bakal Dakparingaké marang kowé lan anak-turunmu."

13Sawisé mengkono Gusti Allah banjur sumengka nilar Yakub.

14Yakub banjur ngedegaké watu pengéling-éling ing papan kono. Watu mau diesoki anggur lan lenga zaitun kanggo saosan konjuk marang Allah.

15Panggonan kono dijenengi: "Bètèl".

16Sawisé mengkono Yakub lan brayaté budhalan saka Bètèl. Nalika lakuné isih rada adoh karo kutha Éfrata, Rahèl nglarani arep nglairaké, mangka enggoné nglairaké mau ngrekasa.

17Nalika lagi tengah-tengahé nglarani mau dhukun-bayiné kandha, "Aja kuwatir Rahèl, anakmu lanang menèh."

18Nanging Rahèl wis ora kuwat. Sadurungé tilar-donya Rahèl njenengi anaké Bènoni, nanging bapakné njenengaké bayi mau Bènyamin.

19Rahèl banjur dikubur ing pinggir dalan menyang kutha Éfrata, sing saiki karan Bètléhèm.

20Ing papan kono Yakub ngedegaké watu pengéling-éling. Watu tengerané kuburé Rahèl mau isih tekan sepréné.

21Yakub banjur nerusaké lakuné. Sawisé ngliwati menara Èdèr banjur pasang kémah.

22Nalika manggon ing kono Rubèn ngumpuli Bilha, seliré bapakné. Krungu kedadéan mau Yakub nepsu banget. Yakub duwé anak lanang rolas.

23Anaké Léa yakuwi: Rubèn (pembarep), Siméon, Lèwi, Yéhuda, Isakar, lan Zébulon.

24Anaké Rahèl: Yusuf lan Bènyamin.

25Anaké Bilha, baturé Rahèl: Dhan lan Naftali.

26Anaké Zilpa, baturé Léa: Gad lan Asyèr. Kuwi mau kabèh lairé ana ing Mésopotamia.

27Yakub tilik Iskak, bapakné sing manggon ing Mamré cedhak Hébron. Abraham, embahné swargi, biyèn iya manggon ing kono.

28(35:28-29) Iskak wis tuwa banget, umuré nyandhak satus wolung puluh taun. Iskak tilar-donya, déning anak-anaké, Ésau lan Yakub dikubur ing Guwa Mahpéla.

29(35:28)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel