Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 37 >> 

1Yakub manggon ing tanah Kenaan, tilas panggonané bapakné.

2Riwayaté brayaté Yakub mau mengkéné: Anaké Yakub sing jeneng Yusuf kuwi nonoman, umur pitulas taun. Yusuf mau gawéané angon wedhus, bebarengan karo kakang-kakangné, yakuwi anaké Bilha lan Zilpa, seliré bapakné. Kenakalané kakang-kakangné mau gawéné diwadulaké karo bapakné.

3Yakub tresna karo Yusuf, ngungkuli katresnané karo anak-anak liyané, merga Yusuf lairé nalika bapakné wis tuwa. Ing sawijining dina Yusuf digawèkaké jubah apik banget.

4Bareng kakang-kakangné ngerti yèn Yusuf ditresnani ngungkuli sedulur-seduluré kabèh, banjur padha gething karo Yusuf, temah padha dijothak.

5Ing sawijining bengi Yusuf ngimpi. Nalika impèné dicritakaké karo sedulur-seduluré, ndadèkaké saya sengité karo dhèwèké.

6Critané Yusuf mau mengkéné, "Aku ngimpi,

7kayané aku lan kowé kabèh lagi padha ana ing pategalan mbentèli gandum. Bentèlanku ngadeg mbegegeg. Déné bentèlan-bentèlanmu kabèh padha ngrubung bentèlanku lan sungkem ana ing ngarepané bentèlanku mau."

8Banjur diunèni sedulur-seduluré, "Apa kokkira, kowé arep dadi ratu ngerèh aku kabèh?" Merga saka impèn sing dicritakaké mau kakang-kakangné saya nemen gethingé marang Yusuf.

9Liya dina Yusuf ngimpi menèh, lan iya dicritakaké karo kakang-kakangné, "Aku ngimpi menèh. Nang kanané aku weruh srengéngé, rembulan lan lintang sewelas padha sujud ana ing ngarepku."

10Impèn mau uga dicritakaké bapakné. Banjur disendhu bapakné, "Kuwi impèn apa? Apa kokkira aku lan ibumu sarta sedulur-sedulurmu bakal teka lan sumungkem sujud ana ing ngarepmu?"

11Merga saka kuwi sedulur-seduluré padha serik atiné karo Yusuf, nanging bapakné nyathet prekara kuwi mau ing sajroning ati.

12Ing sawijining dina nalika kakang-kakangné Yusuf padha angon wedhusé bapakné ana ing Sikèm,

13Yakub kandha karo Yusuf, "Kowé dakkongkon menyang Sikèm, panggonané kakang-kakangmu padha angon wedhus." Wangsulané Yusuf, "Inggih, pak."

14Clathuné bapakné, "Kakang-kakangmu tilikana apa padha slamet, lan wedhus-wedhusé apa kabèh padha becik. Banjur énggal balia, aku kabarana." Yusuf banjur mangkat saka Lembah Hébron. Ora wetara suwé banjur tekan Sikèm.

15Saka kana Yusuf mlaku menyang ara-ara. Ing dalan kepethuk karo wong lanang sing nakoni, "Sampéyan pados menapa?"

16Wangsulané Yusuf, "Kula madosi kakang-kakang kula ingkang sami angèn ménda. Menapa sampéyan sumerep sami wonten pundi?"

17Wangsulané wong mau, "Sampun sami bidhal saking ngriki. Kula mireng sami badhé dhateng Dotan." Yusuf banjur mangkat nusul kakang-kakangné mrana lan ketemu ana ing Dotan.

18Saka kadohan wis padha weruh klédhangé Yusuf. Sadurungé tekan panggonan kono, kakang-kakangné padha rembugan arep matèni Yusuf.

19Clathuné, "Lha kaé tukangé ngimpi mréné.

20Ayo, padha dipatèni, banjur dibuwang ing sumur sing asat. Mengko dikandhakaké yèn bocahé dimangsa kéwan galak. Jajal, impèné kelakon apa ora."

21Krungu gunemé sedulur-seduluré mau Rubèn golèk réka arep nylametaké Yusuf. Clathuné, "Aja dipatèni.

22Cukup dicemplungaké ing sumur sing ana ing ara-ara samun kéné. Aja pisan-pisan dipilara." Enggoné muni mau merga kepéngin ngentas Yusuf, banjur dikon bali menyang panggonané bapakné.

23Kecrita bareng tekan ngarepé kakang-kakangné, Yusuf banjur diblèjèdi, lan sawisé jubahé sing apik banget mau diuculi,

24banjur dicandhak lan dicemplungaké ing sumur asat.

25Bareng lagi padha mangan, dumadakan padha weruh ing kadohan ana wong-wong Ismaèl saka Giléad padha liwat arep menyang tanah Mesir. Unta-untané padha dimomoti rempah-rempah lan kismis.

26Yéhuda kandha karo sedulur-seduluré, "Apa gunané matèni Yusuf lan nyidhem prekarané?

27Apa ora luwih becik diedol waé marang wong Ismaèl kaé. Dadi ora prelu dipilara. Bocah kuwi rak kulit-daging kita dhéwé." Sedulur-seduluré padha nyarujuki.

28Bareng para sudagar Midian padha liwat, Yusuf dientas saka ing sumur, banjur diedol menyang wong-wong Ismaèl, payu rong puluh dhuwit slaka. Sawisé mengkono Yusuf banjur digawa para sudagar mau menyang tanah Mesir.

29Bareng Rubèn mbalèni ing sumur mau lan ngerti yèn Yusuf wis ora ana ing kono, nuli nyuwèk sandhangané merga saka sedhihé.

30Banjur marani sedulur-seduluré karo clathu, "Bocahé kokwis ora ana! Gèk njur kepriyé aku iki?"

31Banjur padha nyembelèh wedhus bérok. Jubahé Yusuf nuli dicelupaké ing getih mau,

32lan dikirimaké marang bapakné, karo kandha, "Kula sami manggih jubah menika. Menapa menika sanès jubahipun Yusuf, putra panjenengan?"

33Yakub banjur nitik jubah mau, pangucapé, "Iya, iki jubahé anakku! Anakku mesthi ditubruk kéwan galak lan dipothèng-pothèng."

34Yakub nyuwèk sandhangané merga saka sedhihé lan nganggo sandhangané wong kepatèn. Pirang-pirang dina lawasé Yakub nangisi Yusuf.

35Anak-anaké kabèh, lanang lan wadon padha teka arep nglipur, nanging ora kéguh. Pangucapé, "Selawasé urip aku bakal nangisi anakku." Mengkono Yakub enggoné nangisi Yusuf, anaké.

36Déné satekané ing tanah Mesir Yusuf diedol déning wong-wong Midian marang Potifar, komandhan keamanan kraton.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 37 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran