Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 45 >> 

1Yusuf wis ora kuwat ngampet rasaning atiné ana ing ngarepé para seduluré. Mulané wong-wong padha didhawuhi metu saka kamar kono supaya bisa kandha blak-blakan karo sedulur-seduluré mau.

2Bareng para abdi wis padha metu Yusuf banjur nangis seru banget, nganti wong Mesir padha krungu, lan ngaturaké marang Sang Pringon.

3Yusuf clathu marang sedulur-seduluré, "Aku iki Yusuf! Bapak apa isih sugeng?" Krungu tembungé Yusuf sing mengkono mau, para sedulur-seduluré wedi banget nganti ora bisa kumecap.

4Yusuf clathu menèh, "Majua mréné." Banjur padha nyedhak. Yusuf clathu menèh, "Aku iki Yusuf, sing biyèn kokedol menyang Mesir.

5Aja kuwatir lan aja nutuh awakmu dhéwé, awit wis dadi kersané Allah piyambak ngutus aku mréné, ndhisiki tekamu, supaya aku nylametaké wong akèh.

6Mangsané pailan lagi kelakon rong taun, isih limang taun lawasé ora bakal ana wong mluku utawa panèn.

7Allah wis ngutus aku ndhisiki lakumu mréné supaya nylametaké kowé, mengkono uga anak-turunmu kabèh, srana patrap sing élok iki.

8Dadi dudu kowé sing nggawa aku mréné, nanging Allah piyambak. Panjenengané sing ngangkat aku dadi pegawéné Sang Pringon sing dhuwur dhéwé. Aku dipitaya mrenata sanegara kabèh. Sakèhé pangwasa ing Mesir ana ing tanganku.

9Saiki kowé padha énggal muliha, matura marang bapak mengkéné, ‘Keng putra Yusuf meling kula matur dhateng bapak: Gusti Allah sampun ngangkat kula dados pangwaos ing satanah Mesir sedaya. Bapak kula aturi tumunten rawuh mrika.

10Saged manggèn ing tanah Gosèn, supados celak kaliyan kula, semanten ugi putra-putra lan para wayah, ménda-ménda lan lembu tuwin sedaya kagunganipun.

11Menawi manggèn ing Gosèn kula saged nyekapi sedaya kabetahanipun bapak. Mangsanipun pailan taksih gangsal taun malih. Lan kula badhé ikhtiyar, supados bapak, brayat-brayat lan kéwan ingah-ingahan mboten kekirangan tedha.’"

12Yusuf nerusaké clathuné, "Tamatna aku. Kowé Bènyamin, delengen aku, aku rak Yusuf temenan.

13Aturna marang bapak, sepira gedhéné pangwasaku ing Mesir kéné, lan critakna kabèh apa sing padha kokdeleng. Banjur énggal-énggal bapak boyongen mréné."

14Bènyamin, adhiné, nuli dirangkul karo nangis. Bènyamin mèlu nangis lan ngrangkul kakangné.

15Isih karo nangis Yusuf ngrangkuli kakangné siji-siji lan diambungi. Sawisé kuwi banjur padha jagongan.

16Bareng mireng yèn Yusuf ketamon sedulur-seduluré, Sang Pringon lan para pegawéné padha mèlu bungah.

17Pangandikané Sang Pringon marang Yusuf, "Sedulur-sedulurmu kandhanana supaya padha nggawaa pangan sakuwaté, digawa mulih menyang Kenaan.

18Konen mboyong bapakné lan brayat-brayaté mréné. Bakal dakwènèhi palemahan sing apik dhéwé satanah Mesir, supaya padha bisa urip sarwa kecukupan saka pametuné lemah mau.

19Sedulur-sedulurmu kandhanana: Yèn methuk bapakné lan brayaté supaya saka kéné nggawa kréta, karebèn ditumpaki wong-wong wadon lan anak-anaké sing isih cilik.

20Ora susah padha owel ninggal barang-barangé sing ora kegawa, merga ana ing kéné bakal padha dicepaki barang sing apik dhéwé ing satanah Mesir."

21Anak-anaké Yakub nglakoni apa sing didhawuhaké mau. Yusuf awèh kréta, kaya sing didhawuhaké Sang Pringon, karo pangan kanggo sangu ana ing dalan.

22Para seduluré diwènèhi penganggo anyar sasetèl-sasetèl, nanging Bènyamin diwènèhi telung setèl lan dhuwit slaka telung atus.

23Bapakné dikirimi barang-barang sing apik dhéwé satanah Mesir, dimomotaké kuldi sepuluh iji. Kuldi sepuluh liyané dimomoti gandum, roti lan panganan liya-liyané kanggo sangu ana ing dalan yèn mbésuk lunga menyang Mesir.

24Yusuf banjur nguntapaké sedulur-seduluré budhal, lan nalika mangkat padha diweling, supaya ana ing dalan aja padha tutuh-tinutuh.

25Mengkono enggoné padha mlaku saka tanah Mesir mulih menyang Kenaan, ketemu karo Yakub, bapakné.

26Yakub dicritani, "Pak, Yusuf jebul taksih gesang. Samenika nyepeng pangwaos sanegari Mesir!" Krungu sing mengkono mau Yakub rasané kaya disamber bledhèg, lan ora ngandel babar-pisan.

27Yakub lagi ngandel temenan bareng padha nyritakaké kabèh sing diwelingaké Yusuf lan weruh kréta sing kanggo methuk bapakné samangsa menyang Mesir.

28Clathuné Yakub, "Dadi, anakku Yusuf isih urip! Yèn mengkono wis lega atiku. Aku kepéngin weruh mumpung aku isih urip!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 45 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel