Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 46 >> 

1Yakub ngringkesi barang-darbèké, banjur lunga menyang Bèrsyéba, saos kurban marang Allah, sesembahané Iskak, bapakné.

2Nalika wayah bengi Gusti Allah ngandika marang Yakub sajroné impèn, "Yakub, Yakub." Wangsulané Yakub, "Kula, Gusti!"

3Pangandikané Allah, "Aku iki Allah, sesembahané bapakmu. Aja kuwatir bab enggonmu arep lunga menyang Mesir. Ana ing kana anak-turunmu bakal Dakdadèkaké bangsa gedhé.

4Aku bakal ngirid lakumu menyang Mesir, lan lakuné anak-turunmu bali mréné. Yusuf bakal nunggoni kowé nganti sangajalmu!"

5Yakub banjur budhal saka Bèrsyéba, nunggang kréta kiriman saka ing Mesir, semono uga para mantuné wadon lan putu-putuné sing isih cilik-cilik.

6Ingon-ingoné lan kabèh barang darbèké enggoné olèh ana ing tanah Kenaan digawa menyang Mesir.

7Semono uga anak-putuné kabèh lanang lan wadon.

8Wargané brayaté Yakub sing mèlu menyang Mesir yakuwi:

9Rubèn, anaké mbarep, karo anak-anaké: Hénokh, Palu, Hézron lan Karmi.

10Siméon, karo anak-anaké: Yemuèl, Yamin, Ohad, Yakin, Zohar lan Saul, anak patutan saka bojoné asal Kenaan.

11Lèwi karo anak-anaké: Gèrson, Kéhat lan Mérari.

12Yéhuda karo anak-anaké: Séla, Pèrès lan Zérah. (Anaké Yéhuda liyané: Èr lan Onan mati ana ing Kenaan.) Anak-anaké Pèrès, yakuwi Hézron lan Hamul.

13Isakar karo anak-anaké: Tola, Puah, Ayub lan Simron.

14Zébulon, karo anak-anaké: Sérèd, Élon lan Yahléèl.

15Kabèh kuwi anak-anaké Yakub sing patutan saka Léa, lan kalairaké ana ing Mésopotamia. Kejaba kuwi isih duwé anak wadon jenengé Dina. Dadi turuné Yakub patutan saka Léa mau kabèh cacahé telung puluh telu.

16Gad karo anak-anaké: Ziflon, Hagi, Syuni, Èzbon, Éri, Arodi lan Arèli.

17Asyèr karo anak-anaké: Yimna, Yiswa, Yiswi, lan Béria, sarta anaké wadon sing jeneng Sérah. Anak-anaké Béria yakuwi: Hèbèr lan Malkièl.

18Kabèh kuwi anaké Yakub patutan saka Zilpa, baturé wadon olèhé mènèhi Laban marang Léa, anaké wadon.

19Rahèl, bojoné Yakub liyané duwé anak lanang loro, yaiku: Yusuf lan Bènyamin.

20Ana ing Mesir Yusuf duwé anak loro, yaiku Manasyè lan Éfraim, patutan saka Asnat, anaké wadon Potiféra, imam ing Héliopolis.

21Anak-anaké Bènyamin yakuwi: Béla, Bèkèr, Asibèl, Naaman, Éhi, Ros, Mupim, Hupim lan Atèd.

22Wong patbelas mau anak putuné Yakub patutan saka Rahèl.

23Dhan karo Husim, anaké.

24Naftali karo anak-anaké: Yahzéèl, Guni, Yézèr lan Silèm.

25Wong pitu kuwi anak-turuné Yakub patutan saka Bilha, batur wadon olèhé mènèhi Laban marang Rahèl, anaké wadon.

26Anak lan putu-putuné Yakub !!— ora kepétung mantu-mantuné !!— kabèh cacahé sewidak enem.

27Anak-anaké Yusuf sing lair ing tanah Mesir ana loro, dadi brayaté Yakub sing ana ing Mesir cacahé kabèh pitung puluh wong.

28Yakub kongkonan Yéhuda mangkat ndhisiki nemoni Yusuf supaya methuk ana ing Gosèn.

29Yusuf banjur numpak kréta menyang Gosèn methuk bapakné. Bareng ketemu Yusuf ngrangkul bapakné, diambungi karo nangis nganti suwé.

30Clathuné Yakub marang Yusuf, "Saiki aku lila mati, merga wis weruh kowé isih urip."

31Yusuf banjur kandha karo kakang-kakangné lan sanak-seduluré liyané, "Aku daksowan Sang Pringon dhisik, ngaturi pirsa yèn sanak-sedulurku sing saka Kenaan wis teka kabèh.

32Dakmatur pisan yèn sanak-sedulurku kuwi tukang angon wedhus lan sapi, lan yèn raja-kayané tuwin sebarang darbèké wis digawa mréné kabèh.

33Yèn didhawuhi sowan lan didangu bab pegawéanmu,

34padha matura yèn kowé kabèh tukang ngingu raja-kaya wiwit cilik mula, ora béda karo para leluhurmu. Mengko kowé rak didhawuhi manggon ana ing tanah Gosèn." Enggoné kandha mengkono mau merga Yusuf ngerti yèn wong Mesir kuwi ora seneng srawung karo tukang ngingu raja-kaya.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 46 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel