Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 9 >> 

1Gusti Allah mberkahi Nuh lan anak-anaké, pangandikané, "Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara sarta ngebakana bumi.

2Sarupané kéwan ing bumi lan sarupané manuk sarta iwak bakal wedi lan giris marang kowé. Kéwan-kéwan mau kabèh wis kapasrahaké marang kowé.

3Lah kabèh iki kena kokpangan, padha kaya tetuwuhan ijo; kabèh mau dipasrahaké supaya dadi panganmu.

4Mung daging kang isih ana nyawané, yakuwi daging sing isih ana getihé, kuwi aja kokpangan, awit nyawa kuwi dunungé ana ing getih.

5Sapa sing matèni manungsa bakal kaukum. Aku bakal ngukum pati marang sarupaning kéwan sing matèni manungsa.

6Sing sapa matèni manungsa, bakal dipatèni déning manungsa, awit manungsa katitahaké nulad gambaré Gusti Allah.

7Ana déné kowé padha bebranahana lan tangkar-tumangkara, supaya anak putumu ngambra-ambra ngebaki bumi."

8Karo menèh Gusti Allah ngandika marang Nuh lan anak-anaké,

9"Saiki Aku arep gawé prejanjian karo kowé lan turunmu ing sapungkurmu,

10lan karo sadhéngaha titah sing urip, yakuwi sarupané manuk, sarupané kéwan sing mèlu kowé metu saka ing prau.

11Aku gawé prejanjian karo kowé, yèn ing sebanjuré Aku ora bakal numpes sakèhing nyawa kang urip srana keleban ing banyu.

12Minangka pretandhané prejanjian kang Daktetepaké selawas-lawasé ing antara-Ku karo kowé, sarta sarupaning nyawa urip kang mèlu kowé,

13Aku bakal mrenahaké kluwung ana ing mendhung. Kluwung mau bakal dadi pretandhané prejanjian ing antarané Aku karo bumi.

14Samangsa-mangsa Aku ngumpulaké mendhung ing sandhuwuré bumi, mangka kluwungé banjur katon ana ing kono,

15Aku mesthi bakal ngèngeti ing prejanjian-Ku karo kowé lan karo sarupaning nyawa urip, temah ora bakal ana banjir patopan menèh kang numpes sarupaning titah kang urip.

16Samangsa ing mendhung ana kluwung, bakal Dakpandeng supaya ngèngeti ing Prejanjian langgeng ing antarané Allah karo sedhéngah nyawa urip kang ana ing bumi.

17Iku pretandhané prejanjian kang Dakgawé ing antarané Aku karo sarupané titah urip kang ana ing bumi."

18Anak-anaké Nuh sing padha metu saka ing prau yakuwi: Sèm, Kham lan Yafèt. (Déné Kham kuwi bapakné Kenaan.)

19Anaké Nuh telu-teluné mau dadi leluhuré wong sadonya.

20Nuh kuwi wong tani. Iya sing wiwitan dhéwé gawé kebon anggur.

21Bareng ngombé angguré, Nuh nuli mendem, nguculi sandhangané kabèh, banjur turu ana ing kémahé.

22Nalika Kham, bapakné Kenaan, weruh kaya mengkono, banjur crita karo seduluré loro sing ana ing njaba.

23Sèm lan Yafèt nuli njupuk jubahé bapakné, kasampiraké ing pundhak lan karo mlaku mungkur nutupi awaké Nuh, temahan ora weruh kawirangané bapakné.

24Bareng Nuh mari enggoné mendem, lan krungu apa sing dadi penggawéné Kham, anaké sing ragil,

25banjur ngandika, "Kenaa ing ipat-ipat si Kenaan! dadia baturé-baturé sedulur-seduluré.

26Pinujia Allahé Sèm! Kenaan bakal dadi baturé Sèm.

27Allah maringana ombèr marang Yafèt, karebèn manggon bebarengan karo turuné Sèm. Déné Kenaan kuwi bakal dadi baturé Yafèt!"

28Sawisé banjir patopan Nuh isih ginanjar umur telung atus sèket taun.

29Nalika tilar-donya umuré Nuh 950 taun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel