Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 11 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa, "Aku bakal nekakaké paukuman sepisan engkas marang raja Mesir sarta marang rakyaté. Sawisé mengkono, mesthi raja mau bakal nglilani kowé kabèh padha lunga; malah arep padha nundhung kowé kabèh saka kéné.

2Merga saka kuwi kandhaa karo bangsa Israèl; préntahna njaluk emas-emasan lan slaka marang tanggané."

3Gusti Allah ndadèkaké wong Mesir ngajèni marang bangsa Israèl. Malah Musa dadi wong gedhé ana ing ngarepé para penggedhé sarta rakyat ing Mesir kabèh.

4Musa matur marang raja ing Mesir, "Gusti Allah ngandika mekaten, ‘Kira-kira tengah wengi Aku bakal ndlajah tanah Mesir,

5lan saben anak mbarep ing Mesir bakal mati, wiwit pembarepé raja Mesir nganti anak lanang pembarepé batur wadon sing nggiling gandum. Mengkono uga sing lair kawitan saka raja-kayané iya bakal mati.

6Ing satanah Mesir kabèh bakal ana tangisan sing nrenyuhaké, sing durung tau kelakon sarta ora bakal kelakon menèh.

7Déné wong Israèl lan raja-kayané ora bakal diganggu. Sebanjuré kowé bakal ngerti, yèn Aku, Allah, mbédakaké wong Mesir lan wong Israèl!’"

8Wusanané Musa matur, "Para pengagengipun Sang Prabu badhé sami dhateng saha sujud ing ngajeng kula sarta kula badhé kapurih késah mbekta bangsa kula sedaya. Sesampunipun menika kula badhé bidhal." Musa banjur mundur saka ngarsané Sang Prabu karo duka banget.

9Gusti Allah ngandika marang Musa, "Raja Mesir ora bakal ngrungokaké aturmu, preluné supaya Aku bisa damel kaélokan luwih akèh menèh ing tanah Mesir."

10Wis akèh Musa sarta Harun enggoné nindakaké kaélokan ana ing ngarsané raja Mesir, nanging Gusti Allah mangkotaké penggalihé raja mau, temah ora nglilani wong Israèl lunga saka negarané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel