Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 13 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa,

2"Sakèhing anak lanang mbarep saosna marang Aku. Saben anak lanang mbarepé wong Israèl, lan saben kéwan lanang sing lair wiwitan kuwi kagungan-Ku."

3Préntahé Musa marang bangsa Israèl mengkéné, "Dina iki pèngetana, yakuwi dina enggonmu padha metu saka ing tanah Mesir, panggonanmu dadi batur-tukon. Iya ing dina kuwi enggoné Gusti Allah merdikakaké kowé kabèh saka pangwasané wong Mesir. Aja padha mangan roti nganggo ragi.

4Ing dina iki, sasi Abib kowé kabèh padha lunga saka tanah Mesir.

5Nganggo sumpah Allah njanjèni leluhurmu arep maringaké tanahé wong Kenaan, Hèt, Amori, Hèwi lan Yébus. Sawisé Allah ngirid kowé lan kowé ngenggoni negara sing sugih sarta subur kuwi, saben taun ing sasi kapisan kowé kabèh kudu nganakaké riaya mengkono.

6Sajroné pitung dina kowé kudu padha mangan roti tanpa ragi, lan ing dina kapitu nganakna riaya kanggo ngurmati Allah.

7Iya sajroné pitung dina ing negaramu aja nganti ana roti sing nganggo ragi.

8Ing wiwitaning riaya, kowé kudu nyritani anak-putumu, yèn olèhé padha nganakaké riaya iku kanggo mèngeti apa sing wis ditindakaké Allah kanggo kowé kabèh, yakuwi budhalan saka ing tanah Mesir.

9Prenatan mengkono mau dadia pretandha ana ing tangan sarta tetenger ana ing bathukmu. Srana pèngetan iku kowé bakal tansah diélingaké supaya Angger-anggeré Allah tansah kokucapaké lan koksinau. Sebab Gusti Allah wis ngluwari kowé kabèh saka ing tanah Mesir nganggo pangwasa sing gedhé.

10Riaya iki kudu dianakaké saben taun ing wektu sing wis ditemtokaké."

11Préntahé Musa marang bangsa Israèl mengkéné, "Gusti Allah bakal ngirid kowé kabèh menyang negara Kenaan, sing dijanjèkaké nganggo sumpah marang kowé sarta marang leluhurmu. Sawisé tanah mau dipasrahaké marang kowé,

12kowé kabèh kudu nyaosaké anakmu lanang sing mbarep lan kéwan lanang sing lair kawitan. Kabèh kuwi kagungané Allah.

13Nanging saben kuldi lanang sing lair kawitan kudu ditebus nganggo nyaosaké cempé wedhus gèmbèl minangka gantiné. Déné yèn kowé ora gelem nebus kuldi mau, kéwan mau kudu diputung guluné. Semono uga anakmu lanang sing mbarep iya kudu koktebus.

14Déné yèn ing tembé mburi anakmu takon tegesé prenatan iki, kudu kokwangsuli mengkéné, ‘Kanthi pangwasa kang gedhé Gusti Allah ngirid kita metu saka ing tanah Mesir, kuwi panggonan kita dadi batur-tukon.

15Nalika Sang Pringon mangkotaké penggalihé sarta ora nglilani kita padha lunga saka ing Mesir, Gusti Allah mejahi saben anak lanang pembarep, iya manungsa, iya kéwan. Yakuwi sebabé kita saos kurban marang Allah wujud kéwan lanang sing lair kawitan, nanging kudu nebus anak mbarep kita.’

16Srana mengkono prenatan mau ngélingaké marang kita, dadi pretandha ana ing tangan lan ing bathuk kita, kang tansah ngélingaké marang kita, yèn Allah ngentasaké kita saka ing tanah Mesir ngagem pangwasa gedhé."

17Nalika bangsa Israèl dililani lunga déning Sang Pringon, Allah enggoné ngirid ora metu pesisir nuju negara Filistia, senajan dalan iku luwih cedhak. Gusti Allah menggalih, "Bangsa iki menawa kecuwan atiné, aja nganti banjur bali menyang tanah Mesir, yaiku samasa ngerti yèn dhèwèkné kudu perang."

18Mulané Gusti Allah enggoné ngirid bangsa iku diénggokaké metu ara-ara samun nuju marang Segara Teberau. Lan wong Israèl tansah cecawis maju ing perang.

19Balungé Yusuf digawa déning Musa saka tanah Mesir, sebab nalika uripé wis njaluk sumpahé wong Israèl mengkono. Yusuf wis weling, "Yèn Gusti Allah ngentasaké kowé kabèh, jisimku gawanen saka panggonan iki."

20Wong Israèl banjur padha mangkat saka Sukot tekan kutha Étam, ing tapel watesé ara-ara samun.

21Gusti Allah tindak ana ing ngarepé, ing wayah awan ana ing tugu méga, déné ing wayah bengi ana ing tugu geni kanggo nuntun lakuné; mulané wong-wong mau awan bengi bisa nerusaké lakuné.

22Sedina muput tugu méga mau ana ing ngarepé, lan sewengi natas tugu geni ngirid bangsa mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel