Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 14 >> 

1Gusti Allah banjur ngandika marang Musa,

2"Wong Israèl préntahana bali menèh nganti tekan ing ngarepé kutha Pi-Hahirot, antarané kutha Migdol lan Segara Teberau, cedhaké kutha Baal-Zéfon, lèrèna ana ing kono.

3Sang Pringon bakal ngira yèn wong Israèl kesasar lakuné lan padha kepepetan déning ara-ara samun.

4Aku bakal mangkotaké atiné, temah bakal nututi kowé. Ing kono Aku bakal numpes Sang Pringon sabalané. Srana lelakon mau wong-wong bakal ngluhuraké Aku, lan wong Mesir bakal weruh yèn Aku iki Allah." Wong Israèl padha nindakaké dhawuhé Allah mau.

5Bareng Sang Pringon pirsa yèn bangsa Israèl wis budhal, Sang Prabu lan para penggedhéné padha gela, banjur ngucap, "Apa sing kudu kita tindakaké? Yagéné kita ngolèhaké wong Israèl lunga; kita rak banjur kélangan batur."

6Sang Pringon banjur nyiapaké kréta perang lan tentarané, sarta

7mangkat karo nggawa krétané kabèh, klebu krétané sing becik-becik, cacahé nem atus, ditunggangi para pemimpiné perang.

8Allah ndadèkaké Sang Pringon wangkot atiné, mula banjur budhal saka negarané ngoyak wong Israèl sing dikanthi déning Allah.

9Wadyabala Mesir karo jaran lan krétané kabèh ngoyak wong Israèl, tekan panggonané wong Israèl sing lagi padha ngaso ing kémah ing sangareping kutha Pi-Hahirot, sacedhaké Baal-Zéfon.

10Wong Israèl bareng weruh Sang Pringon lan wadyabalané wis cedhak, padha wedi, banjur sesambat marang Allahé.

11Tembungé marang Musa, "Menapa ing Mesir mboten wonten kuburan, déné kita ngantos dipun bekta mriki namung prelu nglurug pejah? Cobi kula aturi mirsani menapa kedadosanipun, enggèn kula sami dipun bekta medal saking tanah Mesir!

12Kula rak sampun matur dhateng panjenengan wonten tanah Mesir. Panjenengan kula aturi ngèndelaken kula kémawon, kajengipun kula tetep dados batur ing Mesir. Langkung saé dados batur tinimbang pejah ing ara-ara samun menika."

13Musa mangsuli, "Aja wedi! Atimu sing teteg, lan kowé bakal padha weruh apa sing ditindakaké Allah kanggo nylametaké kowé ing dina iki. Merga wong Mesir sing padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng menèh ing selawas-lawasé.

14Gusti Allah piyambak kang bakal maju perang kanggo kowé; kowé padha menenga waé."

15Pangandikané Allah marang Musa, "Yagéné kowé padha sesambat nyuwun tulung? Wong Israèl padha konen nerusaké lakuné.

16Tekenmu angkaten sarta acungna ing segara. Banyuning segara bakal miyak dadi loro, sarta wong Israèl olèhé nyabrang segara bakal ngambah lemah sing gasik.

17Wong Mesir bakal Dakdadèkaké wangkot atiné nganti padha ngoyak wong Israèl, lan Aku bakal numpes Sang Pringon sawadyabalané lan kréta-krétané pisan.

18Srana mengkono wong Mesir bakal padha ngerti yèn Aku iki Allah, yaiku samasa Aku wis nedahaké kaluhuran-Ku marang Sang Pringon."

19Malaékaté Allah sing ana ing ngareping barisané wong Israèl banjur pindhah tindak ana ing mburiné.

20Tugu méga uga banjur mapan ana ing antarané wong Mesir lan wong Israèl. Tumraping wong Mesir méga mau njalari peteng ndhedhet, nanging tumraping wong Israèl madhangi, temah ing sajroning sewengi iku golongan sing siji ora bisa nyedhaki sijiné.

21Musa banjur ngathungaké astané ing arahé segara. Allah nuli nekakaké angin saka Wétan banter banget, sewengi muput. Saking bantering angin mau ndadèkaké segarané asat lan banyuné kapiyak.

22Wong Israèl banjur padha mlaku metu ing tengahing segara sing gasik, déné banyu ing sakiwa-tengené presasat témbok kang ngamping-ampingi.

23Wong Mesir lan jarané kabèh, kréta lan tentarané padha ngoyak nututi wong Israèl ing tengahing segara.

24Bareng ngadhepaké pajar Gusti Allah mirsani wadyabala Mesir saka ing tugu geni lan méga, banjur gawé bingungé tentara Mesir.

25Rodhaning kréta padha macet, nganti lakuné dadi rendhet. Pangucapé wong Mesir, "Allah mbantu wong Israèl, nglawan marang kita. Ayo padha lunga waé saka kéné!"

26Pangandikané Allah marang Musa, "Tanganmu athungna menyang segara, banyuné bakal nangkeb pulih ngelebi wong Mesir, dalasan kréta-kréta lan balané jaranan."

27Musa banjur ngathungaké astané menyang segara; bareng ésuk banyuné nangkeb pulih kaya mauné. Wong Mesir padha mlayu arep mentas, nanging diklelebaké déning Allah ing segara.

28Banyuné nangkeb sarta ngelebi kréta-kréta, sing nunggang sarta wadyabala sing padha nututi wong Israèl, nganti wong Mesir mau padha mati kabèh.

29Nanging wong Israèl padha mlaku ngambah dhasaring segara sing gasik, banyuné dadi kaya témbok ing kiwa-tengené.

30Ing dina kuwi Allah ngluwari bangsa Israèl saka tanganing bangsa Mesir. Déné wong Israèl padha weruh jisimé wong Mesir sing padha mati pating ngglasah ana ing pinggir segara.

31Bareng weruh dhéwé gedhéning pangwasané Allah enggoné ngalahaké wong Mesir, wong Israèl banjur padha wedi banget sarta precaya marang Panjenengané, semono uga marang Musa, abdiné.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel