Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 15 >> 

1Musa lan para wong Israèl banjur nglagokaké kidung pamuji katur marang Allah, mengkéné: "Dakngidung konjuk marang Pangéran, merga enggoné perang wis menang. Jaran lan sing nunggang kabèh padha kaklelebaké ing segara.

2Pangéran ngreksa marang aku, klawan astané kang rosa, temah wis nylametaké bangsaku. Pangéran iku Allahku, pepundhèné leluhurku, mulané arep dakpuji kaluhurané.

3Pangéran iku sénapati ing perang, asmané kasebut Allah.

4Bala Mesir, jaran lan krétané diklelebaké ing segara. Para prawira sing pilihan padha kleleb ing Segara Teberau.

5Padha kakubur ing segara sing jero, padha kelem kaya watu ing dhasaring banyu.

6Asta tengené Allah ngéram-éramaké, mungsuh diremuk ajur-mumur.

7Kalayan kaluhuran ingkang agung, Paduka sampun numpes sakathahing mengsah Paduka. Bebendu Paduka mulad-mulad, mbesmi mengsah presasat dami.

8Seganten Paduka sebul, toya piyak minggah, ngadeg jejeg kados témbok, ngantos dhasaring seganten kénging kaambah.

9Pangucapipun mengsah, ‘Padha dakoyaké, dakrayahé barang-darbèké, dakedum-edum, dakjupuk ing sakarepku, dakunus pedhangku, lan apa sing diduwèni dakgawa kabèh.’

10Napas saking Paduka sepisan kémawon, njalari tiyang Mesir sami kleleb. Sami kelem presasat timah, ing toya ingkang nggegirisi.

11Déwa pundi saged nyamèni Paduka, Allah Mahamulya lan Mahasuci? Sinten ingkang saged damel kaélokan lan makarya kanthi pangwaos?

12Menawi Paduka ngangkat asta tengen Paduka, lajeng sami kauntal déning bumi.

13Paduka setya dhateng janji Paduka, umat ingkang Paduka luwari lajeng Paduka irid, dhateng tanah paduka ingkang suci srana pangwaos.

14(15:14-15) Para bangsa sami mireng, lajeng sami gemeter. Tiyang Filistin sami kedher, lan para pengageng Édom sami gègèr. Para pangwaos ing Moab sami ajrih sanget, tiyang-tiyang Kenaan sami semplah, gemeter.

15(15:14)

16Sami ketaman ing pagiris sareng sumerep pangwaos Paduka, dhuh Pangéran. Sami njenger saking ajrihipun, ngantos umat Paduka mengker késah saking ngriku, inggih umat ingkang Paduka luwari saking pangawulan.

17Bangsa Israèl Paduka irid saha Paduka tanem wonten ing redi kagungan Paduka piyambak, ing panggènan ingkang Paduka dalemi, ing pasucèn yasané asta Paduka.

18Inggih Paduka, dhuh Allah, ingkang ngerèh langgeng ing selami-laminipun."

19Nalika wong Israèl padha mlaku nratas segara, padha ngambah ing lemah gasik. Nanging bareng wong Mesir lan kréta-krétané dalah balané jaranan padha mlebu ing segara, Gusti Allah nangkebaké banyuné menèh, temah padha kleleb.

20Miryam, nabi wadon, mbakyuné Harun, nuli njupuk terbangé, lan bebarengan karo para wong wadon liyané sing iya padha nabuh terbang nuli padha jejogèdan, ngrepèkaké kidung, surasané:

21"Padha ngidunga kagem Pangéran Allah, awit gedhé kaluhurané. Jaran karo sing nunggangi padha diklelebaké ing segara."

22Musa banjur ngirid bangsa Israèl saka Segara Teberau menyang ing segara wedhi Sur. Enggoné mlaku ngliwati ara-ara, mangka sajroning telung dina padha ora olèh banyu.

23Banjur tekan ing panggonan sing jenengé Mara. Banyu ing panggonan kono rasané pait banget, nganti ora kena diombé. Panggonan mau dijenengaké Mara, tegesé pait.

24Wong-wong padha ngedumel marang Musa, pangucapé, "Kula sami badhé ngombé menapa?"

25Musa banjur ndedonga klawan ngganter marang Allah. Gusti Allah nedahaké kayu marang Musa. Musa nguncalaké kayu mau ing banyu; banyuné banjur kena diombé. Iya ing panggonan kono wong Israèl padha diparingi prenatan-prenatan kang kudu ditetepi, sarta iya padha ditètèr imané.

26Pangandikané Gusti Allah, "Kowé kudu padha mbangun-turut marang Aku sarta nindakaké sekabèhing dhawuh-Ku. Menawa kowé padha tumindak mengkono, kowé ora bakal Dakukum nganggo memala sing wis Daktandukaké marang wong Mesir. Aku iki Allah kang marasaké kowé."

27Sabanjuré wong-wong Israèl tekan panggonan sing jenengé Élim. Ing kana ana sumber cacahé rolas sarta wit kurma pitung puluh. Wong-wong Israèl banjur padha ngedegaké kémah ing sacedhaké sumber mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel