Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 17 >> 

1Umat Israèl kabèh banjur padha budhal saka segara wedhi Sin lan pindhah-pindhah saka papan siji menyang papan sijiné manut dhawuhé Allah. Banjur padha ngedegaké kémah ing Rafidim, nanging ing kana ora ana banyu.

2Umat Israèl nuli padha ngresula marang Musa lan kandha, "Kula nyuwun toya kanggé ngombé." Wangsulané Musa, "Yagéné kowé padha madoni aku sarta nyoba marang Allah?"

3Sarèhné sing padha ngelak akèh banget, mulané padha ora meneng-meneng nggrundeli Musa, tembungé, "Kénging menapa kula panjenengan irid medal saking tanah Mesir, ndadosaken kula saha anak kula tuwin kéwan kula sami pejah kasatan?"

4Musa banjur matur marang Allah, unjuké, "Menapa ingkang kedah kula lampahi kanggé bangsa menika? Kawula temtu badhé dipun benturi séla."

5Dhawuhé Allah marang Musa, "Mlakua ing sangareping wong akèh, supaya ditutaké déning para tuwa-tuwané bangsa Israèl. Teken sing kokenggo nyabet banyu kali kaé gawanen, banjur mangkata.

6Aku bakal jumeneng ing sandhuwuré watu karang ing Gunung Sinai; watu karang kuwi banjur sabeten, temah bakal metu banyuné kanggo ngombé." Musa banjur nindakaké dhawuhé Gusti Allah ana ing ngarepé tuwa-tuwané bangsa Israèl.

7Panggonan kono banjur kasebut Masa lan Mériba, merga wong Israèl wis padha madoni lan nyoba marang Allah mau, tembungé, "Gusti Allah apa iya ana ing tengah-tengah kita?"

8Nalika semana tentara Amalèk nglurug, merangi wong Israèl ana ing Rafidim.

9Musa banjur dhawuh marang Yosua, "Aku pilihna wong kanggo methukaké perang nglawan wong Amalèk. Sésuk aku arep ngadeg ing ndhuwur punthuk karo nggawa tekené Allah."

10Yosua nglakoni dhawuhé Musa maju perang nglawan wong Amalèk. Déné Musa, Harun lan Hur, padha munggah ing punthuk.

11Angger Musa enggoné ngangkat astané dhuwur, wong Israèl perangé menang. Nanging yèn astané mandhap, wong Amalèk sing menang.

12Suwé-suwé astané Musa keju, mulané banjur dijupukaké watu kanggo lenggah; Harun lan Hur padha nyangga astané Musa nganti surup.

13Kaya mengkono wong Amalèk enggoné padha ditumpes déning Yosua nganggo landheping pedhang.

14Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Lelakon iki kabèh tulisen, supaya dadi pengéling-éling. Kandhakna marang Yosua yèn wong Amalèk bakal Daksirnakaké babar-pisan."

15Musa banjur yasa mesbèh sarta dijenengaké, "Gusti Allah kuwi Panjiku".

16Pangandikané Musa, "Panjiné Allah cekelen sing dhuwur! Gusti Allah bakal nglestantunaké perangé nglawan Amalèk turun-temurun!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel