Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 18 >> 

1Yitro mara sepuhé Musa, imam ing Midian, mireng bab samubarang sing ditandukaké déning Allah marang Musa lan bangsa Israèl, nalika Panjenengané ngirid bangsa Israèl metu saka ing tanah Mesir.

2Yitro banjur mangkat niliki Musa, ngasta Zipora, garwané Musa sing isih kèri ana ing tanah Midian,

3mengkono uga putrané kakung loro, Gérsom lan Élièzer. Sing mbarep nama Gérsom, sebab Musa ngandika, "Aku iki wong neneka ing negara manca,"

4déné putra sing nomer loro nama Élièzer, awit Musa ngandika, "Allahé leluhurku wis nulung sarta nylametaké aku nganti ora dipatèni déning raja ing Mesir."

5Yitro, bebarengan karo garwa lan putrané Musa loro tekan ing ara-ara samun panggonané Musa ngedegaké kémah ana ing gunung suci.

6Yitro utusan ngabari yèn arep rawuh.

7Mulané Musa metu methukaké, sarta sungkem ing ngarsané Yitro, lan ngaras panjenengané. Sawisé padha bagé-binagé bab keslametané, banjur padha mlebet ing kémahé Musa.

8Musa nyariyosaké marang marasepuhé apa sing wis ditandukaké déning Allah marang raja lan bangsa Mesir, kanggo ngluwari wong Israèl. Musa iya nyariyosaké sakèhing ngrekasané ing sedalan-dalan, sarta kepriyé enggoné padha ditulungi déning Allah.

9Bareng Yitro mireng bab kuwi kabèh penggalihé bungah banget,

10banjur ngandika, "Pinujia Allah sing wis ngluwari kowé kabèh saka ing astané raja lan bangsa Mesir! Pinujia Allah sing wis ngluwari umaté saka enggoné dadi batur-tukon.

11Saiki aku ngerti, yèn Allah kuwi luwih luhur tinimbang karo sakèhing déwa, sebab kabèh mau ditindakaké nalika wong Mesir tumindak sawenang-wenang marang bangsa iki."

12Yitro banjur nyaosaké kurban obongan sarta kurban sembelèhan sawetara katur marang Allah. Harun sarta para tuwa-tuwané bangsa Israèl kabèh mèlu dhahar bebarengan minangka pangibadah marang Allah.

13Ésuké Musa ngadili prekara pasulayané wong Israèl. Pegawéan kuwi gawé répoté Musa wiwit ésuk tekan bengi.

14Nalika Yitro pirsa apa waé sing ditindakaké Musa, banjur ndangu, "Apa waé sing koktindakaké kanggo bangsa iki? Yagéné kabèh mau koktandangi dhéwé, nganti bab njaluk pitutur waé kudu padha ngadeg wiwit ésuk tekan bengi?"

15Wangsulané Musa, "Menika kedah kula lampahi, mergi tiyang-tiyang ingkang kepéngin ngertos kersanipun Allah menika sami takèn dhateng kula.

16Menawi wonten tiyang ingkang sami regejegan, kula ingkang kedah nyukani putusan sinten ingkang leres, mawi kula sumerepaken dhateng prenatan saha Angger-anggering Allah."

17Yitro banjur ngandika, "Cara sing mengkono kuwi kurang prayoga.

18Kowé mung gawé kesel awakmu dhéwé lan wong-wong kuwi. Pegawéan iki kakèhen yèn mung ditindakaké déning wong siji.

19Coba pituturku iki lakonana. Gusti Allah bakal nunggil karo kowé. Pancèn becik makili bangsa iki ing ngarsané Allah sarta nglantaraké sarupaning prekara marang Panjenengané.

20Nanging kowé uga kudu mulang wong-wong kuwi bab prenataning Allah sarta nuturi carané urip sing becik sarta nindakaké pegawéan sing prayoga.

21Kejaba kuwi kowé kudu milih wong lanang sawetara sing sembada, iku dadèkna hakim sing nglurahi wong sèwu, wong satus, wong sèket lan wong sepuluh. Wong-wong mau kudu sing ngabekti marang Allah, kena diprecaya sarta ora gelem nampani besel (suap).

22Wong-wong mau kang kudu ngadili umat ing samangsa-mangsa. Prekara-prekara sing gedhé-gedhé kena diaturaké marang kowé, nanging prekara sing cilik-cilik karebèn dirampungi para hakim dhéwé. Yèn mengkono bisa ngènthèngaké ayahanmu, sebab wong-wong mau padha mèlu mikul tanggung jawabmu.

23Yèn enggonmu nindakaké dhawuhé Allah kaya mengkono, kowé bakal ora kekeselen; tur wong-wong padha mulih kanthi lega atiné, merga prekarané wis putus."

24Musa ndhèrèk marang dhawuhé Yitro,

25banjur milih wong-wong Israèl sing sembada, lan diangkat dadi para hakimé bangsa, ana sing mimpin wong sèwu, wong satus, wong sèket lan wong sepuluh.

26Wong-wong mau dadi hakim gemathok, kang ngadili wong-wong sing padha prekaran. Prekara sing angèl diaturaké marang Musa, déné sing gampang dirampungaké dhéwé.

27Sawisé mengkono Musa nuli nguntapaké Yitro kondur menyang negarané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel