Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 2 >> 

1Nalika semana ana wong lanang turun-Lèwi ningkah karo wong wadon uga turun-Lèwi;

2wong wadon mau nglairaké anak lanang. Bareng weruh yèn bayiné mau bagus banget, banjur didhelikaké nganti telung sasi lawasé.

3Nanging sarèhné brayat mau ora bisa ngumpetaké menèh, nuli gawé wadhah saka glagah nganggo dipopok tir supaya ora klebon banyu. Bayiné nuli disèlèhaké ing wadhah mau, banjur digawa menyang kali. Wadhah mau nuli didokok ana ing satengahing glagah-glagah ing pinggir Bengawan Nil.

4Déné mbakyuné bayi mau ngadeg kepara adoh karo ngawat-awati, merga arep weruh kepriyé bakal kedadéané.

5Ing kono putrané putri Sang Pringon tindak menyang kali arep siram; déné para embané padha mlaku-mlaku ing pinggir kali kono. Dumadakan putri mau pirsa wadhah sing ana ing satengahé glagahan, banjur utusan embané njupuk.

6Bareng pirsa yèn ing njero wadhah ana bayiné, lan bayi mau nangis, putri mau runtuh welasé, sarta ngandika, "Iki genah anaké wong Ibrani."

7Mbakyuné bayi mau banjur matur, "Menapa panjenengan kersa kula padosaken tiyang èstri Ibrani ingkang saged nesepi bayi menika?"

8"Iya becik," mengkono wangsulané putrané putri Sang Pringon mau; bocah wadon mau banjur ngundang embokné.

9Sang putri dhawuh marang embokné bayi, "Bayi iki gawanen, kowé bakal dakopahi." Bayiné banjur digawa sarta disusoni déning embokné.

10Bareng bocahé wis gedhé, nuli diaturaké marang sang putri; bocah mau kapundhut dadi putra angkat lan diparingi jeneng Musa. Pangandikané, "Merga bocah iki dakentas saka ing banyu."

11Bareng wis diwasa Musa nuli lunga niliki para seduluré, yaiku bangsa Ibrani. Ing kono Musa weruh enggoné wong-wong mau dipeksa nyambut-gawé abot. Malah iya weruh ana wong Mesir matèni wong Ibrani.

12Musa nolèh ngiwa-nengen. Bareng dikira ora ana wong sing weruh, wong Mesir mau banjur dipatèni sarta dipendhem ing wedhi.

13Ésuké Musa bali lan weruh ana wong Ibrani loro lagi padha kerengan. Musa takon marang wong sing luput, "Yagéné kowé nggebugi wong Ibrani, bangsamu dhéwé?"

14Wangsulané wong mau, "Sapa sing ngangkat kowé dadi penggedhé lan hakim? Apa kowé iya arep matèni aku kaya enggonmu matèni wong Mesir wingi kaé?" Musa kuwatir, batiné, "Yèn ngono, prekara iki wis konangan."

15(2:15-16) Bareng Sang Pringon mireng lelakon mau, banjur golèk akal supaya bisa matèni Musa. Nanging Musa lolos saka ing kedhaton, nuli manggon ing tanah Midian. Yitro, imam ing tanah Midian kono duwé anak wadon pitu. Ing sawijining dina, nalika Musa lagi lungguh ing sacedhaké sumur, bocah wadon pitu mau padha teka arep nimba kanggo ngombèni wedhusé bapakné.

16(2:15)

17Nanging ana pangon lanang sawetara teka. Bocah-bocah wadon mau nuli padha ditundhung. Musa banjur ngadeg nulungi bocah-bocah wadon mau sarta ngombèni wedhus-wedhusé.

18Nalika bocah-bocah wadon mau tekan ing ngomah, ditakoni bapakné, "Yagéné dina iki mulihmu gasik?"

19Wangsulané, "Wonten tiyang Mesir ingkang sampun nulungi kula saking pretingkahipun para pangèn. Tiyang menika malah nimbakaken sarta ngombèni ménda-ménda."

20"Saiki wongé ana ngendi?" pitakoné Yitro marang anak-anaké. "Yagéné wong mau koktinggal lunga? Coba undangen mréné, kita ajak mangan bebarengan."

21Musa sabanjuré mondhok ana ing omahé Imam Yitro kono, malah banjur dipèk mantu, diolèhaké anaké sing jeneng Zipora.

22Zipora mau mbabar anak lanang, dijenengaké Gérsom, merga Musa duwé gagasan mengkéné, "Aku ana ing kéné iki wong manca."

23Sawisé let pirang-pirang taun Sang Pringon séda, nanging bangsa Israèl uripé tetep sangsara, sebab dipeksa nyambut-gawé abot, temah sambat ngaru-ara nyuwun tulung marang Allah.

24Gusti Allah midhangetaké pesambaté bangsa Israèl mau lan ènget marang janjiné karo Abraham, Iskak lan Yakub.

25Gusti Allah mirsa kasangsarané bangsa Israèl enggoné dadi batur, mulané banjur nggatosaké marang pesambaté.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel