Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 20 >> 

1Gusti Allah banjur ngandika mengkéné,

2"Aku iki Allahmu sing wis ngentasaké kowé saka ing tanah Mesir, panggonanmu dadi batur-tukon.

3Aja padha nduwèni allah liyané kejaba Aku.

4Aja padha gawé reca utawa tetironé apa waé sing ana ing langit, ing bumi, utawa ing banyu sangisoring bumi kanggo disembah-sembah.

5Aja padha sujud utawa ngabekti marang reca mau, awit Aku iki Allahmu, Allah sing sujanan. Aku bakal ngukum wong sing sengit marang Aku, nganti turun ping telu lan ping pat.

6Nanging Aku nresnani sakèhing turuné wong sing padha tresna marang Aku lan nindakaké dhawuh-Ku.

7Aja padha ngrèmèhaké marang asma-Ku, sebab Aku, Allahmu, bakal ngukum sapa waé sing ngrèmèhaké asma-Ku.

8Élinga lan sucèkna dina Sabbat.

9Nem dina kowé padha nyambuta-gawé.

10Nanging dina kapitu kuwi dina kang katetepaké déning Pangéran kanggo ngaso. Ing dina kuwi kowé aja padha nyambut-gawé, mengkono uga anak-anakmu, réwangmu, kéwanmu utawa wong liya sing ana ing wewengkonmu.

11Sajroné nem dina Aku nitahaké bumi, langit, segara, lan saisiné kabèh; nanging ing dina kapitu Aku lèrèn. Mulané Aku mberkahi dina Sabbat mau sarta Daksucèkaké.

12Padha ngajènana bapa lan biyungmu, supaya dawa umurmu ana ing tanah sing Dakparingaké marang kowé.

13Aja padha mematèni.

14Aja padha laku bédhang.

15Aja padha nyenyolong.

16Aja padha ngucapaké paseksi goroh tumrap pepadhamu.

17Aja padha mélik marang omahé pepadhamu, apa déné bojoné, baturé lanang utawa wadon, sapi utawa kuldiné lan apa waé sing dadi duwèké pepadhamu."

18Bareng wong-wong padha krungu gumlegering gludhug lan bledhèg sarta uniné slomprèt, apa menèh weruh kumeluning mendhung ing gunung, banjur padha wedi banget, nuli padha mundur, ngadohi.

19Aturé marang Musa, "Mugi panjenengan kémawon ingkang ndhawuhi kula, sampun Gusti Allah, mindhak kula sami pejah."

20Pangucapé Musa, "Aja padha kuwatir, Gusti Allah kersa nguji kowé, supaya kowé padha wedi-asih marang Allah, sarta ora padha gawé dosa."

21Nanging wong-wong padha ngadeg ing kadohan, mung Musa piyambak nyelak ing mendhung kang peteng, panggonané lenggah Gusti Allah.

22Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Wong-wong Israèl padha dhawuhana mengkéné, ‘Kowé wis padha krungu pangandika-Ku saka ing langit.

23Kowé aja padha gawé brahala saka slaka utawa emas ing sandhing-Ku.

24Aku gawèkna mesbèh saka lemah; kuwi enggonen saos kurban obongan lan kurban slametan, rupa wedhus lan sapimu. Panggonan ngendi waé sing bakal Dakpilih, kanggo ngibadah marang Aku, iya ing panggonan kono Aku bakal nuwèni lan mberkahi kowé.

25Yèn kowé gawé mesbèh saka watu, aja nganggo watu tatahan, sebab watu tatahan wis kagepok ing tatahmu, dadi wis ora patut kanggo Aku.

26Mengkono uga enggonmu munggah ing mesbèh aja nganggo undhak-undhakan, supaya aja nganti katon kawiranganmu.’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel