Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 21 >> 

1Allah banjur ngandika marang Musa, "Gawéa prenatan kanggo wong Israèl mengkéné,

2‘Yèn kowé tuku batur-tukon wong Israèl, wong mau kudu dadi batur-tukon sajroné nem taun. Ing taun kapitu kudu diluwari tanpa mbayar tebusan apa-apa.

3Yèn enggoné dadi batur isih jaka, wong mau nalika diluwari ora kena nggawa bojo. Nanging yèn enggoné dadi baturmu wis omah-omah kena nggawa bojoné.

4Yèn bendarané mènèhaké wong wadon supaya dadi bojoné, mangka banjur duwé anak, bojo lan anaké dadi duwèké bendarané; batur mau nalika diluwari kudu mung lunga dhéwé.

5Nanging yèn batur mau tresna marang bendara, bojo lan anaké, sarta ora gelem diluwari,

6bendarané kudu ngejak wong mau menyang panggonan sing kanggo ngibadah. Ing kono batur mau konen ngadeg lèndhèhan lawang utawa cagaké lawang; déné bendarané kudu nyoblos kupingé batur mau; lan wong mau bakal dadi baturé sajegé urip.

7Yèn ana wong wadon Ibrani dadi batur, wong mau ora kena diluwari kaya carané ngluwari batur lanang.

8Yèn wong wadon mau didol marang wong lanang sing nduwèni niat arep ngepèk bojo, mangka banjur ora seneng, wong wadon mau kudu didol marang bapakné wong wadon mau, ora kena marang wong manca, sebab wong lanang mau wis mblénjani janji.

9Yèn ana wong tuku batur wadon arep didadèkaké mantuné, batur mau kudu dianggep kaya anaké dhéwé.

10Yèn ana wong lanang arep rabi menèh, kudu mènèhi bojoné sing kapisan sandhang, pangan lan wewenang padha kaya mauné.

11Yèn ora netepi kuwajibané, wong lanang mau kudu ngluwari bojoné kang kapisan tanpa nganggo mbayar tebusan.’"

12"Sing sapa menthung wong nganti ndadèkaké patiné, kudu diukum pati.

13Nanging yèn olèhé menthung mau ora dijarag, dadi tangané mau diagem déning Gusti Allah nindakaké mengkono, wong mau kena ngungsi menyang ing panggonan sing bakal Daktuduhaké, sarta ana ing kana wong mau bakal slamet.

14Nanging yèn ana wong muntab nepsuné lan njarag matèni wong liya, wong sing matèni mau senajan wis mlayu menyang mesbèh-Ku prelu nylametaké awaké, kudu diukum pati.

15Sing sapa menthung bapak utawa biyungé kudu diukum pati.

16Sing sapa nyulik wong, banjur didol utawa didadèkaké baturé dhéwé, kudu diukum pati.

17Sing sapa ngipat-ipati bapak utawa biyungé kudu diukum pati.

18Yèn ana wong regejegan sing siji menthung nganggo watu utawa ngantem, nanging ora njalari patiné, mung kepeksa turonan,

19banjur bisa tangi lan mlaku tekenan, wong sing menthung utawa ngantem iku kudu ngopèni wong sing diantem mau nganti wongé waras; kejaba iku kudu mènèhi ganti-rugi sajroné wong mau nganggur.

20Sing sapa nggebugi baturé lanang utawa wadon, nganti batur mau mati sanalika, wong mau kudu diwales.

21Nanging yèn batur mau ora mati sajroné sedina utawa rong dina, bendarané ora bakal diwales. Merga batur mau duwèké dhéwé.

22Yèn ana wong sawetara padha kerengan, mangka natoni wong sing lagi meteng nganti kluron, nanging ora ndadèkaké cilakané wong wadon mau, sing menthung kudu didhendha manut sepira penjaluké bojoné, miturut putusané hakim.

23Nanging yèn wong wadon mau nganti mati, ukumané nyawa gantiné nyawa,

24mripat gantiné mripat, untu gantiné untu, tangan gantiné tangan, sikil gantiné sikil,

25mlicèt gantiné mlicèt, tatu liruné tatu, abuh liruné abuh.

26Sing sapa nyabet mripaté baturé lanang utawa wadon nganti batur mau wuta, batur mau kudu diluwari minangka liruné mripaté.

27Yèn ana wong nyabet baturé nganti untuné rampal, batur mau kudu diluwari minangka liruné untuné."

28"Yèn ana sapi nyundhang wong nganti mati, kéwan mau kudu dibenturi watu nganti mati, sarta dagingé ora kena dipangan, nanging sing duwé sapi ora bakal diukum.

29Nanging upamané sapi mau nduwèni pakulinan nyundhang wong, mangka sing duwé wis diélikaké, éwasemono kéwan mau meksa ora dikandhang, yèn sapi mau kelakon nyundhang wong nganti mati, kéwan mau kudu dibenturi watu nganti mati; déné sing duwé uga kudu diukum pati.

30Menawa sing duwé sapi mau olèh mbayar dhendhan kanggo nebus nyawané, wong mau kudu mbayar kabèh sing dadi kuwajibané.

31Prenatan mengkono mau uga kanggo bocah lanang utawa wadon sing disundhang sapi nganti mati.

32Yèn sing disundhang nganti mati mau batur lanang utawa wadon, wong sing duwé kéwan mau kudu mbayar dhuwit slaka telung puluh marang sing duwé batur, lan sapiné kudu dibenturi watu nganti mati.

33Sing sapa njupuk tutup sumur utawa ndhudhuk sumur ora ditutupi, banjur ana sapi utawa kuldi sing kacemplung sumur mau,

34sing duwé sumur kudu mbayar ganti-rugi marang sing duwé kéwan; nanging bathangé kéwan mau dadi duwèké.

35Yèn ana sapi matèni sapi duwèké wong liya, sing duwé kudu padha adol kéwané sing isih urip, dhuwité banjur diparo.

36Nanging yèn sapi mau pancèn duwé pakulinan nyundhang, mangka sing duwé ora nglebokaké sapiné ing kandhang, wong mau kudu mbayar ganti-rugi rupa sapi lanang sing isih urip, déné sapi sing wis mati tetep dadi duwèké."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel