Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 23 >> 

1"Aja nyebar kabar goroh sarta aja mbiyantu wong kang luput lan aja gelem awèh paseksèn sing ora nyata.

2Aja mèlu-mèlu wong akèh nglakoni piala utawa gawé dhoyongé pengadilan.

3Aja ngiloni wong miskin sing lagi diadili.

4Yèn kowé nemu sapiné utawa kuldiné mungsuhmu sing ketriwal, ulihna marang sing duwé.

5Yèn kuldiné mungsuhmu ambruk awit kabotan momotan, tulungana nangèkaké kuldi mau, aja koktégakaké.

6Aja gawé ruginé wong miskin yèn wong mau ngajokaké prekarané ing pengadilan.

7Aja ndakwa utawa matèni wong sing ora salah, merga Aku bakal ngukum sapa waé sing tumindak mengkono.

8Aja padha nampani besel, sebab besel kuwi marakaké wong ora weruh marang kabeneran, sarta ngisruhaké prekarané wong sing bener.

9Aja tumindak sewenang-wenang marang wong manca, kowé wis padha ngerti kepriyé rasané dadi wong manca, sebab biyèn kowé iya padha dadi wong manca ana ing tanah Mesir."

10"Sajroné nem taun kowé padha kena nanduri pategalanmu sarta ngundhuhi pametuné.

11Nanging ing taun kapitu palemahanmu aja kokgarap. Sajroning taun mau aja ngundhuh pametuning tetuwuhan ing pategalanmu sing thukul karepé dhéwé, karebèn pametuné kanggo wong miskin sarta turahané kanggo kéwan alasan. Sing mengkono mau iya tindakna tumrap kebon anggur lan witmu zaitun.

12Nem dina kowé kudu padha nyambut-gawé, nanging ing dina kapitu kowé aja padha nyambut-gawé, supaya para batur lan wong-wong manca sing padha nyambut-gawé kanggo kowé, semono uga kéwan-kéwanmu bisa padha ngaso.

13Rungokna apa sing wis Dakngandikakaké marang kowé kabèh. Aja padha nyenyuwun marang allah liyané, malah nyebut jenengé waé ora kena."

14"Kowé padha nganakna riaya kanggo ngurmati Aku setaun ping telu.

15Ing sasi Abib, kowé kudu padha nganakaké Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi, kaya sing wis Dakdhawuhaké marang kowé, sebab ing sasi kuwi kowé padha budhal saka ing tanah Mesir. Aja padha mangan roti nganggo ragi ing sajroning riaya sing suwéné pitung dina kuwi. Aja ana sing séba marang Aku tanpa nggawa apa-apa.

16Riaya Panèn iku anakna samasa kowé padha wiwit ngundhuhi tanduranmu. Déné Riaya Tarub Godhong anakna ing pungkasaning taun, sawisé kowé padha ngundhuhi pametuning kebon anggur lan kebon woh-wohan.

17Saben taun samasa nganakaké riaya telu iki, wong lanang kabèh kudu padha séba ngibadah marang aku, Allahmu.

18Yèn kowé padha saos kurban sembelèhan marang Aku, aja padha nyaosaké roti nganggo ragi. Gajihing kéwan sing disaosaké marang Aku sajroning riaya mau, aja koksimpen nganti tekan ésuké.

19Saben taun kowé kudu padha nggawa pametuning gandummu sing kawitan menyang Pedalemané Allahmu. Enggonmu nggodhog daginging cempé aja nganggo banyu susuné biyungé."

20"Aku bakal ngutus Malaékat-Ku ndhisiki lakumu, supaya njaga kowé ana ing dalan, sarta ngirid lakumu menyang panggonan sing wis Dakcawisaké,

21mulané Panjenengané gatèkna sarta dhawuhé éstokna. Aja padha brontak marang Panjenengané, merga Aku sing ngutus, temah kaluputanmu ora bakal diapura.

22Yèn kowé padha mbangun-turut, sarta nindakaké sakèhing dhawuh-Ku, Aku bakal perang nglawan mungsuhmu kabèh.

23Malaékat-Ku bakal ndhisiki lakumu sarta ngirid kowé menyang tanahé wong Amori, Hèt, Fèris, Kenaan, Hèwi lan Yébus; bangsa-bangsa mau bakal Daktumpes.

24Aja padha sujud utawa ngabekti marang allah-allahé sarta aja niru sarak-saraké agamané. Allah-allahé sirnakna sarta cagak-cagak watu sing padha disembah iku rubuhna.

25Yèn kowé padha ngabekti marang Aku, Pangéran Allahmu, kowé bakal padha Dakberkahi klawan pangan lan ombèn-ombèn, sarta Aku bakal marasaké sakèhing lelaramu.

26Ing negaramu bakal ora ana wong wadon sing kluron utawa gabug; kowé bakal Dakparingi umur dawa.

27Bangsa-bangsa sing nglawan marang kowé bakal padha giris marang Aku. Para mungsuhmu bakal Dakgawé kisruh, temah kabèh bakal padha mlayu ninggal kowé.

28Mungsuh-mungsuhmu bakal Dakbuyaraké; wong Hèwi, wong Kenaan lan wong Hèt bakal Daktundhung, temah kowé kabèh padha bisa mlebu.

29Aku ora bakal nundhung wong-wong mau ing sajroning setaun, supaya tanah ing kono aja nganti bera, temah cacahé kéwan galak bakal dadi akèh banget ngungkuli cacahmu.

30Enggonmu nundhung wong-wong mau saka sethithik, nganti cacahmu wis cukup kanggo ngebaki tanah mau.

31Watesé negaramu bakal Dakjembaraké saka Teluk Akaba nganti tekan Bengawan Éfrat, lan saka ing Segara Tengah tekan ara-ara samun. Kowé bakal Dakparingi pangwasa, mréntah wong-wong ing tanah kono. Sajroné kowé padha maju ngrebut tanah mau, kowé kudu padha nundhung wong-wongé.

32Aja padha nganakaké prejanjian karo wong-wong mau utawa karo allah-allahé.

33Wong-wong mau aja padha olèh manggon ing tanahmu. Yèn koktogaké waé, wong-wong mau bakal njalari kowé padha gawé dosa marang Aku. Yèn kowé padha nyembah allah-allahé, kowé mesthi bakal mati."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel