Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 24 >> 

1Allah ngandika marang Musa, "Kowé lan Harun, Nadab lan Abihu, sarta para tuwa-tuwané Israèl pitung puluh, padha sowana Aku ing pucak gunung. Padha nyembaha lan sujuda marang Aku saka kadohan.

2Ora ana wong siji waé sing kena nyedhaki Aku kejaba mung kowé dhéwé; liyané ora kena cedhak-cedhak, malah para umat ora kena munggah ing gunung."

3Musa banjur lunga sarta ngandharaké marang bangsané sakèhing dhawuh sarta prenatan sing diparingaké déning Allah. Para umat padha mangsuli bebarengan, "Kula badhé ngèstokaken sedaya pangandikanipun Allah."

4Musa banjur nulis dhawuhé Allah mau kabèh. Ésuké, isih umun-umun, Musa gawé mesbèh nganggo watu rolas didegaké ing sikiling gunung mau; saben watu minangka wakiling taler Israèl sing cacahé rolas.

5Musa banjur utusan nonoman sawetara, supaya saos kurban obongan marang Allah sarta nyembelèh sapi sawetara kanggo kurban slametan.

6Musa mundhut getihing kéwan mau, sing separo diisèkaké ing mangkok-mangkok; déné separoné dikepyuraké ing sandhuwuring mesbèh.

7Musa banjur mundhut kitab prejanjian sing isi dhawuh-dhawuhé Gusti Allah, banjur diwaos kanthi sora ing ngareping bangsa mau. Aturé wong-wong mau, "Kula badhé ngèstokaken saha nindakaken dhawuhing Allah sedaya."

8Musa banjur mundhut getih ing mangkok-mangkok mau, nuli dikepyuraké marang para umat. Tembungé, "Getih iki minangka ecaping prejanjian antarané Allah karo kowé kabèh, adhedhasar dhawuh-dhawuh sing wis dingandikakaké mau."

9Musa, Harun, Nadab, Abihu lan para tuwa-tuwané Israèl pitung puluh banjur padha munggah ing gunung,

10sarta padha ndeleng Allahé Israèl. Ancik-anciking sampéyané mèmper jrambah sesotya adi kang mencorong biru kaya langit.

11Allah ora numpes para tuwa-tuwané Israèl mau senajan wis padha ndeleng Panjenengané. Wong-wong banjur padha mangan lan ngombè bebarengan.

12Gusti Allah ngandika marang Musa, "Sowana marang ngarsa-Ku ing pucaking gunung iki. Aku bakal maringaké papan watu loro kang wis Dakserati sakèhing angger-angger, supaya kokwulangna marang bangsa kuwi."

13Musa lan Yosua pembantuné padha tata-tata, nuli munggah ing gunung suci.

14Pangandikané Musa marang tuwa-tuwané Israèl, "Ngentènana ing kéné nganti aku bali. Harun lan Hur uga kèri karo kowé ana ing kéné. Sing sapa duwé prekara, sowana marang wong loro kuwi supaya olèh karampungan."

15Musa banjur minggah ing Gunung Sinai, nuli ana méga nutupi gunung mau.

16(24:16-17) Ana cahya gedhé sumorot mblerengi mretandhani yèn Gusti Allah tedhak ing gunung. Tumraping wong Israèl cahya mau kaya urubing geni ana ing pucak gunung. Sajroning nem dina gunung mau katutupan ing méga. Ing dina kapituné Gusti Allah nimbali Musa saka ing méga mau.

17(24:16)

18Musa banjur minggah mlebu ing sajroning méga. Enggoné ana ing dhuwur gunung mau lawasé patang puluh dina patang puluh bengi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel