Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 26 >> 

1"Kémah Suci kuwi Palenggahan-Ku, njeroné kudu kokgawé saka kain léna alus sepuluh potong, ditenun nganggo benang biru, wungu lan abang. Kain mau sulamana gambar kerub nganggo swiwi.

2Saben potong ukurané kudu padha, dawané rolas mèter lan ambané rong mèter.

3Kain sing limang potong kudu disambung dadi siji, mengkono uga sing limang potong liyané.

4Gawéa kolongan saka kain biru ing pucuking bagéan loro mau ing sisih njaba,

5sèket kolongan ing bagéan sing siji lan sèket kolongan ing bagéan sijiné, adhep-adhepan.

6Gawéa canthèlan mas sèket iji kanggo nyambung bagéan loro mau supaya bisa dadi siji.

7Gawéa tutup Kémah nganggo kain sewelas potong saka wulu wedhus.

8Kain-kain mau ukurané kudu padha, dawané telulas mèter, ambané rong mèter.

9Kain sing limang potong kudu disambung dadi siji. Sing nem potong liyané iya disambung dadi siji, semono uga nem potong liyané menèh kudu iya disambung dadi siji. Sambungan sing ping nem kudu ditekuk lan dienggo nutupi Kémah sisih ngarep.

10Kolongan sèket iji pasangen ing pinggiring kain sing siji lan kolongan sèket iji ing kain liyané.

11Gawéa canthèlan saka prunggu sèket iji lan olèhna kolongan mau supaya rong bagéan mau kena didadèkaké siji kanggo tutupé Kémah.

12Déné turahan kain sing setengah potong kanggo nutupi Kémah sisih mburi.

13Turahané kain sing dawané sèket sèntimèter ing bagéan sing mujur ing kiwa-tengen iku karebèn nutupi sisihing Kémah mau.

14Gawéa tutup Kémah rong iji, sing siji saka kulit wedhus gèmbèl lanang sing dipulas abang lan sijiné nganggo kulit alus kanggo tutupé njaba.

15Gawéa ragangan Kémah sing ngadeg jejeg saka kayu akasia.

16Ragangan mau dawané patang mèter sarta ambané 66 sèntimèter.

17Saben ragangan ana purusé kanggo nggandhèng ragangan siji karo sijiné.

18Gawéa ragangan rong puluh kanggo ing sisih Kidul,

19cagaké ragangan ngisoré nganggo umpak slaka loro; dadi kabèh ana umpak patang puluh.

20Gawéa ragangan rong puluh kanggo ing sisih Lor,

21lan umpak slaka patang puluh, saben ragangan umpaké loro.

22Ing Kémah mburi sisih Kulon, mbutuhaké ragangan nem,

23sarta ragangan loro kanggo ing pojok.

24Ragangan-ragangan pojokan mau saka ngisor tekan ndhuwur kudu digandhèng dadi siji.

25Dadiné ana ragangan wolu sarta umpak slaka nembelas, saben ragangan umpaké loro.

26Gawéa balok malang saka kayu akasia cacahé limalas, lima kanggo ragangan ing sisih siji,

27lima kanggo ing sisih sijiné, sarta lima kanggo bagéan mburi.

28Balok malang ing tengah, kudu dipasang ing tengah-tengahé ragangan, lajuran saka ing pucuk siji tekan ing pucuk sijiné.

29Ragangan Kémah sarta balok malang mau kudu dilapisi mas. Gelangan sing kanggo nyangga balok kudu digawé saka mas.

30Kémah mau adegna ing ndhuwur gunung manut rancangan sing wis Daktedahaké marang kowé.

31Gawéa gordhèn saka kain léna alus sing ditenun nganggo benang biru, wungu lan abang. Kain mau sulamana gambar kerub nganggo swiwi.

32Kain mau gantungen nganggo canthèlan mas ing cagak akasia papat sing dilapisi mas sarta dipasang ing sandhuwuring umpak slaka.

33Gordhèn mau pasangen ing sangisoring canthèlan-canthèlan ing payoning Kémah. Pethi Prejanjian sing isi papan watu loro prenahna ing samburiné gordhèn. Gordhèn mau minangka singgetané Sasana Suci lan Sasana Mahasuci.

34Tutupé sèlèhna ing sandhuwuring Pethi Prejanjian.

35Méja sesaji kudu disèlèhaké ing sanjabaning Sasana Mahasuci ing sisih Lor, pedamaran kudu disèlèhaké ing sisih Kidul sajroning Kémah Suci.

36Kanggo lawanging Kémah kudu digawèkaké gordhèn saka kain léna alus sing ditenun nganggo benang biru, wungu lan abang, direngga nganggo sulaman.

37Kanggo gordhèn mau kudu digawèkaké cagak lima saka kayu akasia dilapisi mas, lan diwènèhi canthèlan mas. Gawéa umpak prunggu lima kanggo cagak-cagaké."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel