Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 34 >> 

1Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Nataha papan watu loro kaya sing dhisik, lan Aku bakal nyerat pangandika sing katulis ing watu sing wis kokremuk.

2Sésuk-ésuk kowé kudu wis cecawis munggah ing Gunung Sinai, lan sowan marang Aku ing pucaking gunung kono.

3Ora ana wong siji waé sing kena mèlu kowé utawa kumliwer ana ing gunung iku. Senajan wedhus utawa sapi uga ora kena nyenggut ing sikiling gunung."

4Musa natah papan watu loro menèh, lan ésuké, umun-umun, watu mau diasta munggah ing Gunung Sinai, kaya sing didhawuhaké déning Allah.

5Gusti Allah banjur rawuh ing sajroning méga: Panjenengané jumeneng ana ing sacedhaké Musa, sarta nyebut asmané sing suci, yakuwi Allah.

6Gusti Allah banjur langkung ing ngarepé Musa lan ngandika sora, "Aku iki Allah, sing asipat welas lan asih, gedhé sabaré, kamirahan lan kasetyané.

7Aku netepi janji-Ku marang wong éwon-éwon sarta ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging ngukum malesaké kaluputané bapak marang anak-putuné nganti turun ping telu lan ping pat."

8Musa énggal-énggal sujud lan nyembah.

9Aturé, "Gusti! Menawi Paduka saèstu nresnani kawula, kawula nyuwun, mugi kersaa nyarengi kawula. Bangsa menika pancèn wangkot manahipun, nanging mugi kersa ngapunten dosa lan duraka kawula sedaya, saha mugi kersa mundhut kawula sami dados kagungan Paduka piyambak."

10Pangandikané Allah marang Musa, "Saiki Aku gawé prejanjian karo bangsa Israèl. Ing ngarepé wong-wong mau Aku bakal nindakaké kaélokan-kaélokan sing durung tau Daktindakaké ing antarané bangsa ngendi waé. Sakèhing bangsa bakal weruh kaélokan sing Daktindakaké, sebab Aku, Allah bakal nindakaké prekara kang nggegirisi tumrap kowé kabèh.

11Mulané dhawuh-dhawuh kang bakal Dakparingaké marang kowé ing dina iki lakonana. Aku bakal nundhung bangsa-bangsa Amori, Kenaan, Hèt, Fèris, Hèwi lan Yébus, samasa kowé padha maju.

12Aja padha gawé prejanjian karo wong-wong ing negara sing koktekani, sebab prekara mau bakal bisa njiret kowé dhéwé.

13Dadi, aja padha nglakoni mengkono, nanging mesbèh-mesbèhé gempuren, tugu-tuguné remuken, lan cagak-cagaké brahala Asyéra duwèké wong-wong mau rubuhna.

14Aja padha nyembah allah liyané, sebab Aku iki Allah sing sujanan; Aku ora marengaké yèn ana wong nyembah marang allah liyané.

15Aja padha gawé prejanjian karo bangsa ing negara mau, sebab menawa wong-wong mau padha nyembah allah-allahé lan gawé kurban, mesthi bakal padha ngulemi kowé supaya mèlu mangan kurbané.

16Menawa anak-anakmu mbésuk kawin karo wong wadon ing kono, wong-wong mau bakal padha mbujuk anak-anakmu ninggal Aku, diajak nyembah déwa-déwané.

17Aja padha gawé lan nyembah marang allah-allah saka barang pelikan.

18Padha nganakna Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi, kaya sing wis Dakdhawuhaké marang kowé. Kowé kudu padha mangan roti tanpa ragi sajroné pitung dina ing sasi Abib, sebab ing sasi kuwi kowé kabèh padha lunga saka ing tanah Mesir.

19Saben anak lanang mbarep sarta kéwan lanang sing lair kawitan kuwi kagungan-Ku,

20nanging kuldi sing lair kawitan iku kudu koktebus nganggo cempéning wedhus gèmbèl siji minangka ijolé. Yèn kowé padha ora gelem nebus, guluné kéwan mau kudu kokputung. Saben anak lanang mbarep kudu koktebus. Sing sapa sowan marang Aku kudu nggawa pisungsung.

21Nem dina kowé padha nyambuta-gawé; nanging ing dina kapitu padha lèrèna, senajan ing mangsa mluku utawa ing mangsa panèn.

22Menawa kowé padha ngenèni gandum kang kawitan, padha nganakna Pésta Panèn. Riayakna uga Riaya Tarub Godhong ing pungkasaning taun, samasa kowé padha ngundhuhi woh-wohan.

23Setaun kaping telu wong-wong lanang kabèh kudu padha séba marang Aku, Allahé Israèl.

24Sawisé bangsa-bangsa Daktundhung, sarta wilayahmu Dakelar, ora ana wong sing bakal wani ngrebut negaramu, angger kowé padha tetep séba marang Aku setaun rambah kaping telu, yaiku ing riaya roti tanpa ragi, riaya panèn lan riaya undhuh-undhuh.

25Aja padha misungsungaké roti sing digawé nganggo ragi samasa kowé misungsungaké kurban kéwan marang Aku. Kéwan sing disembelèh kanggo kurban Riaya Paskah ora kena nginep tekan dina ésuké.

26Gandum kawitan pametuné lemahmu sing apik dhéwé kudu kokgawa menyang Pedalemané Allah. Dagingé cempé aja kokmasak nganggo banyu susuné emboké."

27"Pangandikané Allah marang Musa, Pangandika-Ku tulisen, sebab pangandika iki bakal Dakgawé prejanjian karo kowé sarta karo bangsa Israèl."

28Musa ana ing kono karo Gusti Allah suwéné patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar lan ora ngunjuk. Déné prejanjian mau yaiku Angger-anggering Allah Sepuluh prekara, kang katulis ana ing papan watu.

29Nalika Musa mandhap saka ing Gunung Sinai ngasta Angger-angger Sepuluh mau, pasuryané mencorong awit wis aben-ajeng karo Allah; nanging Musa dhéwé ora pirsa.

30Bareng Harun lan para umat nyawang Musa padha weruh yèn pasuryané Musa mencorong, temah padha wedi nyedhaki.

31Musa banjur nimbali wong-wong mau. Harun lan para tuwa-tuwané umat kabèh nuli iya padha nyedhaki Musa. Musa banjur ngandikani wong-wong mau.

32Sawisé mengkono wong-wong Israèl kabèh uga banjur padha kumpul nyedhaki sarta padha dipangandikani bab apa kang wus kadhawuhaké déning Allah ing Gunung Sinai.

33Sajroné ngandikan karo wong-wong mau, Musa nutupi pasuryané nganggo kacu.

34Samasa mlebet ing Kémah Palenggahaning Allah prelu sowan ing ngarsané Gusti Allah, kacu mau dibukak. Sawisé metu, sakèhing pangandikané Allah nuli didhawuhaké marang bangsa Israèl,

35déné wong-wong iya padha weruh yèn pasuryané Musa mencorong. Saben-saben bali saka sowan ana ing ngarsané Allah, Musa nutupi pasuryané nganggo kacu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel