Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 35 >> 

1Musa nglempakaké bangsa Israèl, banjur ngandika marang wong-wong mau, "Iki dhawuhé Allah marang kowé kabèh, sing kudu koklakoni:

2Sajroné nem dina padha nyambuta-gawé, nanging dina kapitu kuwi dina sing suci, dina kanggo ngaso, dina gedhé sing dipiji kagem Allah. Sapa waé sing nyambut-gawé ing dina mau kudu diukum pati.

3Dadèn geni ing omah ing dina Sabbat iya ora kena."

4Musa ngandika marang bangsa Israèl kabèh, "Mengkéné dhawuhé Allah: Nggawaa pisungsung kagem Gusti Allah saka kang kokduwèni.

5Sapa sing rila atiné misungsungna mas, slaka, utawa prunggu;

6kain léna alus, wuluning wedhus gèmbèl, kain biru, wungu lan abang; kain saka wulu wedhus bérok;

7lulanging wedhus gèmbèl lanang sing dipulas abang; lulang alus, kayu akasia,

8lenga kanggo lampu; bumbu kanggo lenga jebad sarta dupa sing arum;

9akik dlima lan akik liyané sing diembani kanggo kotang éfod lan tutup dhadhané Imam Agung."

10"Sakèhing tukang sing ahli padha tekaa prelu gawé barang-barang sing didhawuhaké déning Allah, yakuwi:

11(35:11-12) Kémah, payon lan tutupé, canthèlan lan ragangané, kendhité, cagaké lawang lan gordhèn sing kanggo nutupi;

12(35:11)

13méja lan pikulané, sarta pirantiné kabèh; roti sing disaosaké kagem Allah;

14pedamaran sapirantiné, damar karo lengané;

15mesbèh kanggo ngobong dupa sarta pikulané, lenga jebad, dupa wangi; gordhèn ing lawanging Kémah,

16mesbèh kurban obongan karo wancak-suji saka prunggu, pikulan karo pirantiné kabèh; padasan kanggo wisuh karo umpaké,

17gordhèn kanggo lawanging plataran,

18pathok sarta tali-temaliné kanggo Kémah lan platarané;

19sandhangan dhines sing dienggo para imam samasa ngladèni ing Kémah Suci sarta sandhangan dhines kanggo Imam Harun, sarta putra-putrané."

20Wong-wong Israèl banjur padha bubaran.

21Sapa waé sing atiné kabereg nuli kanthi lila padha nggawa pisungsung katur ing Allah kanggo gawé Kémah Palenggahaning Allah. Wong-wong mau padha nggawa apa waé sing dibutuhaké kanggo ngibadah sarta samubarang sing kanggo gawé sandhangané imam.

22Sapa waé sing atiné lila legawa, wong lanang utawa wong wadon padha teka nggawa peniti, anting-anting, ali-ali, kalung, lan sawernaning anggon-anggon mas, banjur dipisungsungaké marang Allah.

23Sing padha duwé kain léna alus, kain benang biru, wungu utawa abang, kain saka wulu wedhus, lulang wedhus gèmbèl lanang sing dipulas abang, utawa lulang alus, padha misungsungaké barang-barang mau.

24Kabèh wong sing bisa nyumbang slaka lan prunggu, padha misungsungaké marang Allah. Mengkono uga tumrap wong-wong sing padha duwé kayu akasia sing kena dienggo dandanan mau.

25Sakèhing wong wadon sing pinter nenun padha nggawa benang léna alus sarta benang biru, wungu lan abang.

26Wong-wong mau uga ngantih benang saka wuluning wedhus.

27Para pemimpin padha nggawa akik dlima lan akik liyané sing bakal dijait ing kotang kanggo éfod, sarta tutup dhadha.

28Wong-wong mau iya padha nggawa bumbu lan lenga kanggo damar, lenga jebad sarta dupa sing gandané wangi.

29Kanthi rilaning ati wong-wong Israèl kabèh padha nggawa pisungsung katur ing Allah, kanggo gegawéan sing didhawuhaké déning Allah lantaran Musa.

30Musa banjur ngandika marang bangsa Israèl, "Gusti Allah wis miji Bézaleèl, anaké Uri, putuné Hur, saka klompok Yéhuda.

31Wong mau katedhakan ing Rohé Allah, kaparingan keahlian, kaprigelan lan pangertèn ing sawernaning pegawéan,

32kanggo ngrancang apa waé, kayata nggarap mas, slaka lan prunggu;

33ngasah akik sing bakal diembani; ngukir kayu sarta pegawéan liyané.

34Gusti Allah maringi kabisan marang Bézaleèl mau lan iya marang Aholiab, anaké Ahisamakh saka klompok Dhan, mulangaké kapinterané marang wong-wong.

35Gusti Allah wis maringi kaprigelan marang wong-wong mau ing sarupaning pegawéan tukang, yaiku gawéané ahli ukir, ahli ngrancang lan ahli nenun léna alus, wol biru, wungu lan abang, sarta nenun liyané. Ringkes wong-wong mau padha bisa nindakaké sakèhing pegawéan sarta bisa ngrancang modhèl sing becik.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel