Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 38 >> 

1Bézaleèl gawé mesbèh saka kayu akasia kanggo kurban obongan. Wujudé pesagi, dawa lan ambané padha 2,2 mèter, déné dhuwuré 1,3 mèter.

2Ing pojoké mesbèh papat mau digawèkaké sungu papat, diiras dadi siji karo mesbèhé. Kabèh mau padha dilapisi nganggo tembaga.

3Uga digawèkaké sakèhé pirantining mesbèh mau, kayata: kuwali-kuwali, sérok, mangkok-mangkok, garpu-garpu sarta wadhah geni. Piranti mau kabèh digawé saka tembaga.

4Digawèkaké jala saka tembaga sing diubedaké ing mesbèh wiwit saka ngisor nganti tekan tengah-tengahé.

5Banjur digawèkaké gelangan kanggo ngusung, dipasang ing sangisoring pojoké mesbèh, papat.

6Pikulané padha digawé saka kayu akasia sing dilapisi tembaga.

7Pikulané mau dislobokaké ing gelangan sing ana ing iringaning mesbèh. Mesbèh mau digawé saka blabag sarta ing njeroné digawé kaya kothak.

8Bézaleèl gawé padasan tembaga; déné dhasaré iya tembaga; asalé saka pengiloné para wong wadon sing padha ngladèni ing lawanging Kémah Palenggahaning Allah.

9Bézaleèl mageri plataraning Kémah Palenggahané Allah nganggo gordhèn-gordhèn kain léna alus. Dawané gordhèn ing sisih Kidul 44 mèter,

10disangga cagak tembaga rong puluh; saben cagak nganggo umpak tembaga, déné canthèlan sarta sing kanggo nyambung digawé saka slaka.

11Ing sisih Lor uga digawé kaya mengkono.

12Ing sisih Kulon dipasangi gordhèn dawané 22 mèter; cagak sepuluh ana umpaké dhéwé-dhéwé, canthèlan sarta sing kanggo nyambung slaka.

13Ing sisih Wétan, sing ana lawangé, ambané pager iya 22 mèter.

14(38:14-15) Ing kiwa-tengené lawang mau ana gordhèn ambané 6,6 mèter, nganggo cagak telu ana umpaké dhéwé-dhéwé.

15(38:14)

16Gordhèn ing sakubengé plataran mau kabèh digawé saka kain léna alus.

17Umpaking cagak-cagaké digawé saka tembaga, déné canthèlané, sambungan sarta pucuking cagak digawé saka slaka.

18Gordhèn ing lawanging plataran mau saka kain léna alus, ditenun nganggo benang biru, wungu lan abang sarta dihias nganggo sulaman. Dawané 9 mèter sarta dhuwuré 2 mèter, kaya gordhèné plataran.

19Gordhèn mau disangga cagak papat, siji-sijiné nganggo umpak. Canthèlan, tutup ing ndhuwur sarta sing kanggo nyambung digawé saka slaka.

20Kabèh blandar lan pageré sing ngubengi plataran digawé saka tembaga.

21Iki daftaré barang-barang sing dienggo ing sajroning Kémah Palenggahané Allah, panggonan kanggo nyimpen papan watu loro sing ana tulisané Angger-anggering Allah, yaiku Pepakon Sepuluh. Daftar iku digawé atas dhawuhé Musa; déné wong-wong Lèwi sing nyambut-gawé, dipimpin Itamar, putrané Imam Harun.

22Bézaleèl (anaké Uri lan putuné Hur saka klompok Yéhuda) nggarap sakèhing barang sing didhawuhaké déning Gusti Allah.

23Pembantuné, Aholiab anaké Ahisamakh saka klompok Dhan, tukang ahli ngrancang sing uga pinter nenun kain léna alus, biru, wungu lan abang.

24Mas sing dipisungsungaké marang Allah kanggo Kémah Suci kabèh ana sèwu kilogram, ditimbang manut timbangan resmi.

25Slaka sing dipisungsungaké miturut cacah jiwané bangsa Israèl gunggungé ana 3.430 kilogram, ditimbang manut timbangan resmi.

26Kabèh mau padha karo sing dibayar déning wong-wong sing wis didaftar sadurungé. Saben wong kudu mbayar rega sing wis ditemtokaké, ditimbang manut timbangan resmi. Nalika diétung kabèh ana wong 603.550, yakuwi wong lanang sing wis umur 20 taun munggah.

27Slaka, sing cacahé 3.400 kilogram kuwi dienggo gawé umpaking cagak satus, yakuwi cagaké Kémah Suci lan gordhèn. Saben umpak boboté 34 kilogram.

28Déné turahané ana 30 kilogram. Déning Bézaleèl dienggo sambungan, canthèlan, kanggo cagak-cagaké, sarta tutup pucuking cagak-cagak mau.

29Prunggu sing dipisungsungaké kabèh ana 2.425 kilogram.

30Prunggu mau dienggo umpak lawanging Kémah Palenggahaning Allah, mesbèh karo jalané sing saka prunggu, kabèh pirantining mesbèh,

31umpaking pager ing sakubenging plataran lan lawanging plataran, blandaring Kémah kabèh lan cagak gordhèn.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel