Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 39 >> 

1Bézaleèl lan Aholiab gawé sandhangan sing éndah-éndah saka benang biru, wungu lan abang sing dienggo déning para imam samasa ngladèni ing Sasana Suci. Sandhanganing imam kanggo Harun dijait kaya sing wis didhawuhaké Allah marang Musa.

2Wong-wong mau padha gawé éfod saka kain léna alus, biru, wungu lan abang, sarta benang mas.

3Wong-wong mau padha nipisaké blébékan mas, banjur dirajang dadi benang alus, nuli ditenun karo kain léna alus lan benang biru, wungu sarta abang.

4Uga padha gawé taliné pundhak kanggo éfod sing dipasang ing pinggiré, supaya kena ditalèkaké.

5Sabuké saka tenunan alus, bakalé padha, dipasang dadi siji karo éfod kaya sing wis didhawuhaké déning Allah marang Musa.

6Wong-wong mau padha nggosok akik, banjur dipasang ing plisir mas. Jenengé para putrané Yakub rolas nuli diukir ana ing watu-watu mau,

7banjur padha dipasang ing sabuk bauné éfod minangka wakiling klompok Israèl rolas, kaya sing wis didhawuhaké Allah marang Musa.

8Bézaleèl lan Aholiab padha gawé tutup dhadha, bakalé padha karo éfod, sulamané iya padha.

9Wujudé pesagi ditekuk dadi loro, amba lan dawané padha, yakuwi 22 sèntimèter.

10Ing tutup dhadha dipasangi akik patang larik, ing larikan kapisan: watu dlima, topas sarta baiduri sepah;

11ing larikan kapindho: zamrud, watu nilam lan inten;

12ing larikan katelu: watu lazuardi, akik lan watu kecubung;

13ing larikan kang kaping pat: watu pirus, yakut, sarta retna cempaka. Kabèh mau dipasang ing plisir mas.

14Watu rolas mau siji-sijiné diukir jenengé putrané Yakub minangka wakiling klompok Israèl rolas.

15Mengkono uga banjur digawé ranté-ranté saka mas murni sing dienam kaya tali.

16Banjur digawèkaké ali-ali mas loro dipasang ing pucuk loro-loroné sisih ndhuwur tutup dhadha mau.

17Ranté mas loro mau dislobokaké ing ali-ali loro,

18pucuké padha ditalèkaké ing plisir loro, sisih ngarep ditalèkaké ing taliné bauné éfod.

19Banjur padha gawé ali-ali mas loro liyané sing dietrapaké ing tutup dhadha sisih ngisor, ing tekukan sisih njero sing temumpang éfod.

20Banjur padha gawé ali-ali mas loro menèh sing dipasang ing tali éfod pérangan ngarep sisih ngisor, cedhak tekukan, ing sandhuwuring sabuk saka tenunan alus.

21Kaya sing didhawuhaké déning Allah marang Musa, wong-wong mau padha nggandhèng ali-ali tutup dhadha karo ali-aliné éfod nganggo tali biru, nganti tutup dhadha mau ana ing ndhuwur sabuk lan ora bakal ucul.

22Jubah sing dienggo ing sandhuwuring éfod, kabèh saka benang biru.

23Guloné dikuwati nganggo pinggiran sing ditenun, supaya ora gampang suwèk.

24(39:24-26) Ing pinggiran sisih ngisor dipasangi rerenggan rupa woh dlima saka kain léna alus, lan benang biru, wungu sarta abang, diselang-seling karo loncèng mas, kaya sing wis didhawuhaké déning Allah marang Musa.

25(39:24)

26(39:24)

27Wong-wong mau padha gawé keméjan kanggo Harun lan anak-anaké,

28mengkono uga serban, kopyah, clana cekak saka léna,

29sarta sabuk saka kain léna alus, biru, wungu lan abang, direngga nganggo sulaman, kaya sing wis didhawuhaké déning Allah marang Musa.

30Iya digawé blébékan saka mas murni sing dadi tandha yèn wong-wong mau wis dipiji kagem Gusti Allah. Ing blébékan mas mau ana ukir-ukiran tetembungan: "Dipiji kagem Gusti Allah."

31Blébékan mas mau dipasang ing serban sisih ngarep, manut dhawuhé Allah marang Musa.

32Wusanané sakèhing pegawéan sing kanggo gawé Kémah Palenggahaning Allah wis rampung. Wong Israèl enggoné nggarap kabèh mau kaya sing didhawuhaké Allah marang Musa.

33Kémah Palenggahaning Allah dalah sapirantiné kabèh nuli diaturaké marang Musa, yaiku: Kémah, canthèlané, blandar sing malang, cagak-cagak apa déné umpaké,

34tutup saka lulang wedhus bérok lanang sing dipulas abang, tutup saka lulang alus, gordhèn sing nutupi Sasana Mahasuci;

35Pethi Prejanjian sing isiné papan watu loro karo pikulan sarta tutupé,

36méja saosan roti sapirantiné kabèh,

37pedamaran saka mas murni, damar-damar sapirantiné, lenga kanggo damar,

38mesbèh saka mas, lenga jebad, dupa wangi, gordhèn lawanging Kémah,

39mesbèh tembaga karo jalané sing saka tembaga, pikulan kanggo ngusung lan pirantiné kabèh, padasan kanggo wisuh lan lambarané,

40gordhèn-gordhèn kanggo pagering plataran sarta cagak-cagak saumpaké, gordhèn kanggo lawanging plataran sarta tali-taliné, blandaring Kémah; kabèh prabot sing dienggo ing sajroning Kémah;

41lan sandhangan khusus sing kudu dienggo déning para imam ing Sasana Suci sarta sandhangan dhines kanggo Imam Harun lan putra-putrané.

42Wong-wong Israèl wis nindakaké sakèhing pegawéan mau kaya sing didhawuhaké Allah marang Musa.

43Musa banjur nliti kabèh mau sarta ngerti yèn wong-wong wis nggarap sarupaning pegawéan cocog karo sing wis didhawuhaké Allah. Musa banjur mberkahi wong-wong mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel