Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 40 >> 

1Gusti Allah ngandika marang Musa,

2"Kémah Palenggahan-Ku pasangen ing tanggal siji sasi kapisan.

3Pethi sing isi Pepakon Sepuluh lebokna, gordhèné banjur pasangen ing ngarepé.

4Méjané lebokna, pirantiné tatanen ing méja mau. Pedamarané lebokna sarta damar-damaré pasangen.

5Mesbèh mas kanggo ngobong dupa sèlèhna ing sangareping Pethi Prejanjian, gordhèné banjur gantungen ing lawanging Kémah.

6Mesbèh kanggo kurban obongan prenahna ing sangareping lawangé Kémah.

7Padasan kanggo wisuh sèlèhna ing antarané Kémah lan mesbèh, banjur isènana banyu.

8Pageré pasangen ing sakubenging platarané Kémah, sarta gordhèné gantungen ing lawanging plataran.

9Kémah sapirantiné kabèh banjur saosna marang Aku, carané yaiku dijebadi nganggo lenga jebad, déné kabèh mau bakal kasucèkaké kagem Aku.

10Sebanjuré mesbèh sapirantiné jebadana nganggo lenga jebad, supaya kabèh mau suci.

11Mengkono uga padasan kanggo wisuh lan lambarané jebadana lan sucèkna sumaos marang Aku.

12Harun lan putra-putrané banjur tekakna ing lawanging Kémah lan konen sesuci manut upacara agama.

13Sandhangané imam enggokna marang Harun, wongé jebadana supaya srana mengkono dhèwèké ditetepaké ngladèni Aku dadi imam.

14Sawisé mengkono anak-anaké tekakna, lan enggonana klambiné.

15Wong-wong mau jebadana kaya bapakné, supaya iya bisa ngladèni Aku dadi imam. Enggoné kajebadan iku supaya dadi imam kanggo ing selawasé."

16Musa banjur nindakaké kaya sing didhawuhaké déning Allah.

17Mulané nalika tanggal siji, sasi siji ing taun kapindho sawisé bangsa Israèl lunga saka ing tanah Mesir, Kémah Palenggahaning Allah dipasang.

18Musa masang umpaké, ngedegaké cagak-cagaké lan masang blandaré.

19Payoning Kémah nuli digelar lan ing ndhuwuré dipasang payon.

20Banjur njupuk papan watu loro sing katulisan Pepakon Sepuluh sarta dilebokaké ing sajroning Pethi Prejanjian. Pikulané banjur dislobokaké ing gelangan sing kanggo ngusung sarta tutupé dipasang ing ndhuwuré.

21Pethi mau disèlèhaké ing sajroning Kémah; sawisé mengkono gordhèn aling-aling banjur digantung ing ngarepé, kanggo ngaling-alingi Pethi Prejanjian.

22Musa banjur nyèlèhaké méja roti saosan ing sajroning Kémah, ing sisih Lor sanjabaning gordhèn,

23roti sing dipisungsungaké didokok ing ndhuwur méja.

24Pedamarané nuli dipapanaké ing sajroning Kémah, sisih Kidul, adhep-adhepan karo méja mau;

25damar-damaré nuli disumed ing ngarsané Allah, kaya sing didhawuhaké déning Allah.

26Mesbèh mas diprenahaké ing sajroning Kémah, sangareping gordhèn.

27Sawisé ngobong dupa wangi, kaya sing didhawuhaké déning Allah mau,

28Musa masang gordhèn ing lawanging Kémah,

29ing sangareping Kémah banjur didokoki mesbèh kanggo kurban obongan. Ing mesbèh mau dipisungsungaké kurban obongan sarta kurban gandum.

30Padasan kanggo wisuh disèlèhaké ing antarané Kémah lan mesbèh, banjur diisèni banyu.

31Musa, Harun lan anak-anaké,

32saben arep mlebu ing Kémah Suci utawa nyedhaki mesbèh, wisuh tangan lan sikil ana ing kono.

33Ing sakubenging Kémah lan mesbèh mau dipasangi tutup lan ing lawanging plataran digantungi gordhèn. Mengkono Musa enggoné ngrampungaké pegawéan iku.

34Banjur ana méga nutupi Kémah Suci sarta cahyané mencorong ngebaki Kémah mau.

35Mulané Musa ora bisa mlebu ing sajroning Kémah.

36Yèn méga mau munggah ninggal Kémah Suci, bangsa Israèl banjur mbongkar kémah-kémahé, pindhah menyang ing panggonan liya.

37Yèn mégané tetep ana ing sandhuwuring Kémah Suci, wong-wong iya tetep ing kémah-kémahé.

38Sajroné lelungan mau bangsa Israèl ditenggani déning Allah ing sandhuwuring Kémah, yèn awan ana ing méga sarta yèn bengi ana ing geni murub.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 40 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel