Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 8 >> 

1Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Sowana Sang Pringon menèh sarta aturna yèn Allah ngandika mengkéné, ‘umat-Ku lilanana budhal ngabekti marang Aku.

2Yèn ora koklilani lunga, negara iki bakal Dakdhawahi wewelak kodhok, minangka paukuman.

3Bengawan Nil bakal kebak kodhok; kéwan-kéwan mau bakal mentas saka ing banyu, banjur mlebu ing kedhatonmu, ing kamar-kamar lan peturon; omah-omahé para penggedhé lan rakyatmu, mengkono uga ing pawon lan ing panci-panci.

4Kodhok-kodhok mau bakal nyoloti awakmu, awaké rakyatmu sarta awaké menterimu kabèh.’"

5Gusti Allah ngandika marang Musa, "Harun konen ngacungaké tekené ing sandhuwuring kali-kali, kalèn-kalèn sarta blumbang-blumbang karebèn kodhok-kodhok padha teka lan ngebaki tanah Mesir."

6Harun nuli ngacungaké tekené ing sandhuwuring banyu kabèh; kodhok-kodhok banjur padha teka ngebaki tanah Mesir.

7Para tukang sihir srana japa-mantrané iya bisa metokaké kodhok-kodhok mratani tanah Mesir.

8Sang Pringon banjur nimbali Musa lan Harun, dhawuhé, "Nyenyuwuna marang Allah supaya Panjenengané ngilangi kodhok-kodhok iki; aku bakal nglilani bangsamu lunga saos kurban marang Allah!"

9Musa matur, "Kanthi bingahing manah kula badhé ndedonga kagem Sang Prabu, para pengageng saha rakyat panjenengan. Kodhok-kodhok menika nunten badhé katumpes, kejawi ingkang wonten ing Bengawan Nil. Sang Prabu kula aturi netepaken wekdalipun mbénjing menapa enggèn kula kedah ndongakaken panjenengan."

10Dhawuhé raja ing Mesir, "Ndedongaa sésuk!" Aturé Musa, "Kula badhé ngèstokaken, Sang Prabu badhé mirsa, bilih mboten wonten Allah sanèsipun. Kejawi Pangéran, Allah kula.

11Sang Prabu, para pengageng sarta rakyat badhé luwar saking gangguaning kodhok-kodhok menika. Kodhok-kodhok badhé ical sedaya kejawi ingkang wonten ing Bengawan Nil."

12Musa lan Harun banjur mundur, sarta ndedonga marang Allah nyuwun ilangé kodhok-kodhok mau.

13Gusti Allah nyembadani panyuwuné Musa, mula kodhok-kodhok ing omah-omah, ing pekarangan lan ing pategalan padha mati kabèh.

14Bathangé banjur diklumpukaké nganti ngundhung-undhung, temah sanegara Mesir kabèh ambuné bacin.

15Nalika kodhok-kodhok mau wis padha mati, raja ing Mesir tetep mangkotaké galihé. Lan, kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah, tetep ora miyarsakaké aturé Musa lan Harun.

16Gusti Allah nuli ngandika marang Musa, "Harun konen nyabetaké tekenmu ing lebuné bumi, supaya lebu mau dadi lemud ngebaki tanah Mesir kabèh!"

17Musa lan Harun banjur padha ngèstokaké sadhawuhé Allah. Déné Harun ngacungaké tekené, nuli nyabetaké teken mau ing lebuné bumi. Lebu mau dadi lemud lan padha ngroyok manungsa lan kéwan.

18Para ahli sihir padha nandhingi; padha kepéngin metokaké lemud, nanging ora bisa. Para manungsa lan kéwan tetep dikroyok ing lemud.

19Para ahli sihir banjur padha matur marang Sang Pringon, "Menika pretandha saking Allah piyambak." Éwadéné Sang Pringon tetep ora kersa miyarsakaké aturé Musa lan Harun, padha karo sing wis dingandikakaké déning Gusti Allah.

20Gusti Allah ngandika marang Musa, "Sésuk lungaa sing ésuk nemonana Sang Pringon ana ing kali. Aturna pangandika iki, ‘Umat-Ku lilanana ngabekti marang Aku.

21Yèn kowé ora nglilani, Aku bakal nekakaké laler ngebyuki kowé, para penggedhé sarta rakyatmu. Omahé wong Mesir bakal padha kebak laler.

22Nanging Aku bakal mbédakaké wilayah Gosèn, panggonané umat-Ku. Ing kana bakal ora ana laler, supaya kowé kabèh padha ngerti yèn Aku, Allah, kang lagi tumindak ing negara kéné.

23Aku bakal mbédakaké umat-Ku karo rakyatmu.’"

24Gusti Allah nekakaké laler akèh banget ing kraton lan ing omahé para abdiné Sang Pringon. Sanegara Mesir kabèh nandhang sangsara banget merga saka laler-laler mau.

25Sang Pringon banjur nimbali Musa lan Harun sarta dhawuh, "Saosa kurban marang Allahmu ana ing negara kéné waé."

26"Menika mboten saged kula tindakaken," atur wangsulané Musa, "Sebab tiyang-tiyang Mesir badhé serik manahipun, mergi saking kéwan ingkang kula saosaken dhateng Allah kula. Menawi kula nyembelèh kéwan sarta kula damel kurban ing panggènanipun tiyang Mesir ngriki, mangka tiyang menika sami sengit dhateng kula, temtu badhé mbenturi séla dhateng kula sabangsa, ngantos pejah.

27Kula kedah késah dhateng ara-ara samun ingkang tebihipun lampahan tigang dinten prelu saos kurban dhateng Allah kula, kados ingkang sampun dipun dhawuhaken dhateng kula."

28Sang Pringon nuli dhawuh, "Aku nglilani kowé kabèh lunga saos kurban marang Pangéran, Allahmu, angger aja adoh-adoh. Aku ya dongakna!"

29Aturé Musa, "Sapengker kula saking ngriki, kula badhé ndedonga dhateng Gusti Allah, supados mbénjing-énjing laler-laler menika ical, mboten ngganggu Sang Prabu, para pengageng sarta rakyat ing Mesir. Nanging Sang Prabu sampun ngantos mblénjani malih sarta sampun ngantos ngalang-alangi enggènipun bangsa Israèl saos kurban dhateng Gusti Allah."

30Musa mundur, banjur ndedonga marang Allah,

31lan Allah nyembadani panyuwuné Musa. Laler-laler mau sumingkir. Ora ana laler siji-sijia sing kèri.

32Nanging raja Mesir tetep mangkotaké atiné lan ora nglilani bangsa Israèl lunga.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel