Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 1 >> 

1Sedulurku Téofilus kang kinasih. Ing layangku sing kapisan, aku wis nyaritakaké pakaryan lan piwulangé Gusti Yésus, saka wiwitan mula,

2nganti tekan Panjenengané mékrad menyang swarga. Sadurungé mékrad, lantaran pangwasané Sang Roh Suci, Gusti Yésus paring pitedah marang para rasul sing wis kapilih.

3Sawisé wungu saka séda, Gusti Yésus bola-bali ngetingal marang para rasul sajroné patang puluh dina, minangka bukti, yèn Panjenengané gesang. Para rasul padha ndeleng Gusti Yésus, lan padha dingandikani bab Kratoné Gusti Allah.

4Nalika para rasul lagi padha ngumpul bebarengan, Gusti Yésus paring dhawuh marang para rasul mau, mengkéné: "Kowé aja padha lunga saka kutha Yérusalèm, nanging ngentènana kebabaring janjiné Rama-Ku, kaya sing wis Dakkandhakaké marang kowé.

5Sebab Nabi Yohanes mbaptis kowé nganggo banyu, nanging sawetara dina menèh kowé bakal padha kabaptis nganggo Roh Suci."

6Nalika para rasul lagi padha kumpul karo Gusti Yésus, banjur padha nyuwun pirsa marang Panjenengané: "Gusti, menapa ing samenika Kratonipun Israèl badhé Panjenengan pulihaken?"

7Pangandikané Gusti Yésus: "Mbésuk jaman apa lan kapan, kuwi ditemtokaké déning Sang Rama piyambak, manut ing sakeparenging kersané. Kowé padha ora prelu nyumurupi.

8Nanging kowé bakal padha diparingi kasektèn, yakuwi samasa Sang Roh Suci wis nedhaki kowé, ateges kowé wis dikwasani déning Panjenengané. Lan kowé bakal padha dadi seksi-Ku ana ing kutha Yérusalèm, ing tanah Yudéa kabèh lan ing tanah Samaria, malah ing salumahing bumi."

9Sawisé ngandika mengkono, Gusti Yésus nuli mékrad menyang swarga. Para rasul padha neksèni mau, nganti Panjenengané ora ketingal, merga kaaling-alingan méga.

10Nalika lagi padha ngawasaké enggoné mékrad mau, dumadakan ana priya loro ngadeg ana ing jèjèré, nganggo sandhangan putih.

11Priya mau padha ngandika: "Kowé, wong-wong Galiléa, yagéné padha ngadeg ana ing kéné tumenga ing langit? Gusti Yésus sing kokdeleng mékrad menyang swarga, bakal rawuh menèh, patrapé iya kaya sing kokdeleng kuwi."

12Para rasul banjur padha bali saka ing Gunung Zaitun menyang kutha Yérusalèm. Gunung Zaitun mono dohé saka kutha Yérusalèm kira-kira sekilometer.

13Satekané ing kutha Yérusalèm, banjur padha munggah, ing lotènging omah sing dipondhoki. Para rasul mau yakuwi: Pétrus, lan Yohanes, Yakobus lan Andréas, Filipus lan Tomas, Bartoloméus lan Matius, Yakobus anaké Alféus, lan Simon wong Zélot, sarta Yudas anaké Yakobus.

14Para rasul mau arep nganakaké kumpulan pandonga bebarengan karo para wong wadon, lan karo Maryam, kang ibu, sarta sedhèrèk-sedhèrèké Gusti Yésus.

15Let sawetara dina nalika lagi padha ngumpul, cacahé kabèh wetara wong satus rong puluh, Pétrus nuli ngadeg lan muni mengkéné:

16"Para sedulur! Surasané Kitab sing diwangsitaké déning Sang Roh Suci lumantar Sang Prabu Dawud kudu kaleksanan, yakuwi bab Yudas, sing ngirid wong-wong sing padha nyekel Gusti Yésus.

17Yudas kuwi panunggalan kita, sebab Yudas mau wis kepilih déning Gusti Yésus, supaya mèlu nindakaké pegawéan sing kita ayahi."

18Srana dhuwit opahé pialané mau, Yudas tuku palemahan. Ana ing kono Yudas mati, tiba saka enggoné nglalu, bedhah wetengé, nganti mbrodhol ususé.

19(Wong sa-Yérusalèm padha ngerti kabèh. Mulané palemahan mau disebut ‘Akeldama’, sing tegesé ‘Palemahan Getih’.)

20Pétrus nerusaké tembungé: "Sebab ing Kitab Masmur ana tulisan mengkéné: ‘Pémahanipun dadosa suwung, sampun ngantos wonten ingkang ngenggèni.’ Sarta katulis uga mengkéné: ‘Supados tiyang sanès nggentosi pedamelanipun.’

21Mulané saiki, kudu ana wong siji sing katambahaké dadi rasul, sing mèlu dadi seksi mungguh wunguné Gusti Yésus. Wong mau kudu dipilih saka ing antarané wong-wong sing wiwit-wiwitan tetunggalan karo kita, selawasé kita padha tansah ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus;

22yakuwi wiwit jamané Nabi Yohanes mbaptis wong, nganti tekan mékradé menyang swarga."

23Wong-wong sing padha kumpulan mau ngusulaké wong loro, yakuwi Yusuf, sing karan Barsabas (uga disebut: Yustus), lan Matias.

24Sing padha kumpulan mau banjur padha ndedonga, aturé: "Gusti, Paduka pirsa manahipun manungsa sedaya. Pramila, mugi Paduka kersa nedahaken dhateng kawula sedaya, saking antawisipun tiyang kalih menika pundi ingkang Paduka pilih,

25supados nglenggahi kalenggahan rasul, ingkang katilar déning Yudas, margi tiyang menika késah dhateng papan ingkang kacadhangaken kanggé piyambakipun."

26Calon loro mau nuli diundhi; déné sing ketiban undhi yakuwi Matias. Matias nuli ditetepaké dadi rasul, nggenepi para rasul sewelas mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel