Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 14 >> 

1Pengalamané para rasul ana ing kutha Ikonium ora béda karo nalika ana ing kutha Antiokia. Ana ing kutha Ikonium Rasul Paulus lan Barnabas uga padha mlebu ing sinagogé, sarta martakaké pangandikané Gusti Allah, nganti akèh wong-wong Yahudi lan wong-wong dudu Yahudi sing padha precaya.

2Nanging wong-wong Yahudi sing padha ora gelem precaya, nuli padha ngojok-ojoki marang wong-wong sing dudu Yahudi, nganti wong-wong mau banjur padha nglawan marang para rasul.

3Para rasul suwé ana ing kutha kono. Klawan kendel para rasul mau neksèni bab Gusti Yésus, mangka Gusti Allah neksèni yèn pawartané para rasul bab katresnané Gusti, kuwi bener, srana maringi pangwasa marang para rasul nindakaké mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan.

4Para warganing kutha kono pecah dadi loro, ana sing ngiloni wong Yahudi, lan ana sing ngiloni para rasul.

5Wong-wong Yahudi lan para pinituwané, sarta wong-wong dudu Yahudi, padha sekuthon arep nganiaya lan mbenturi watu marang para rasul.

6Bareng para rasul krungu bab iku mau, nuli padha nyingkir menyang kutha Listra lan kutha Dèrbé, yakuwi kutha-kutha ing tanah Likaonia, lan menyang wilayah sakiwa-tengené.

7Ana ing kono para rasul mau padha ngabaraké Injil.

8Ana ing kutha Listra ana wong sing sikilé lumpuh wiwit lair mula, lan durung tau bisa mlaku.

9Wong mau ngrungokaké piwulangé Rasul Paulus. Rasul Paulus ngerti, yèn wong kuwi bisa waras, merga wong mau precaya. Mulané Rasul Paulus mandeng wong mau,

10lan klawan swara sora ngandika: "Ngadega!" Wong mau nuli ngadeg maknyat lan wiwit mlaku-mlaku.

11Bareng wong akèh ndeleng apa sing ditindakaké déning Rasul Paulus mau, nuli padha nguwuh-uwuh klawan sora nganggo basa Likaonia: "Delengen, déwa-déwa wis padha dadi manungsa kaya kita, lan padha mudhun marani kita!"

12Barnabas disebut Zéus, lan Rasul Paulus disebut Hèrmes, sebab Rasul Paulus sing caturan.

13Imamé Déwa Zéus, sing kuilé ana ing sanjabané kutha, teka nggawa sapi-sapi lan kekembangan ana ing gapuraning kutha. Imam lan wong akèh kuwi arep padha nyaosaké kurban marang para rasul mau.

14Bareng Barnabas lan Paulus padha krungu apa sing arep ditindakaké déning wong-wong mau, banjur padha nulak, srana nyuwèk-nyuwèk sandhangané, sarta mlayu marani wong akèh mau karo nguwuh-uwuh:

15"Kénging menapa panjenengan sami tumindak mekaten, para sedhèrèk? Kula rak manungsa limrah, mboten béda kaliyan panjenengan sedaya. Dhateng kula mriki badhé ngabaraken Injil, supados panjenengan sami katuntuna, nilar brahala-brahala ingkang mboten nyata menika, sarta mratobat dhateng Gusti Allah ingkang gesang, ingkang nitahaken langit lan bumi, saganten lan saisinipun sedaya.

16Ing jaman ingkang sampun kepengker, Gusti Allah ngèndelaken kémawon para bangsa sami mlampah ngambah marginipun piyambak-piyambak.

17Kesaénanipun Gusti Allah menika ketitik saking anggènipun maringi jawah saking langit sarta panèn miturut mangsanipun. Panjenenganipun maringi tedha dhateng panjenengan, lan maringi kabingahan dhateng manah panjenengan."

18Senajan wis dikandhani mengkono, éwasemono para rasul kangèlan bisané nyegah wong-wong mau padha nyaosaké kurban marang para rasul.

19Ana wong Yahudi sawetara sing padha teka saka kutha Antiokia, ing tanah Pisidia, uga saka kutha Ikonium, padha ngojok-ojoki wong akèh mau, supaya ngiloni wong-wong mau. Rasul Paulus nuli padha dibenturi watu, lan disèrèd, digawa metu saka kutha, awit dikira rasul mau wis mati.

20Nanging bareng wong sing precaya padha teka mrono, Rasul Paulus nuli ngadeg lan bali mlebu menyang kutha menèh. Ésuké Rasul Paulus lan Barnabas mangkat menyang kutha Dèrbé.

21Ing kutha Dèrbé Rasul Paulus lan Barnabas uga ngabaraké Injil, lan akèh wong ing kono sing padha dadi muridé Gusti Yésus. Sawisé kuwi para rasul mau nuli padha bali menyang kutha Listra, Ikonium, lan Antiokia, ing tanah Pisidia.

22Para rasul ana ing kutha-kutha mau nggemblèng semangaté para wong precaya, supaya padha kendel, sarta ngatag-atag wong-wong mau, karebèn padha mantep ing precaya, tembungé: "Sadurungé kita bisa ngrasakaké karaharjaning Kratoné Gusti Allah, kita luwih dhisik kudu nglakoni kasangsaran akèh."

23Ana ing saben pasamuwan kono para rasul padha netepaké pinituwa-pinituwané pasamuwan-pasamuwan mau. Para pinituwa-pinituwa kuwi nuli dicaosaké marang Gusti Allah, sing dadi andel-andelé, srana pandonga lan pasa.

24Sawisé Rasul Paulus lan Barnabas ndlajahi tanah Pisidia, banjur bali menèh menyang tanah Pamfilia.

25Ing kono para rasul padha ngabaraké Injil ing kutha Pèrga, nuli padha mangkat menyang kutha Atalia.

26Saka kono banjur padha bali menyang kutha Antiokia, yakuwi kutha panggonané para rasul biyèn ditetepaké dadi rasul déning Gusti Allah awit saka sih-rahmaté, supaya nglakoni ayahan, sing saikiné wis rampung.

27Satekané ing kutha Antiokia, para rasul mau nuli nglumpukaké pasamuwan ing kono, nyritakaké sakèhing lelakon sing wis katindakaké déning Gusti Allah lantaran para rasul mau. Semono uga bab enggoné Gusti Allah wis maringi wewengan marang wong-wong dudu Yahudi, supaya uga dadi wong precaya.

28Ana ing pasamuwan mau para rasul lerem kepara suwé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel