Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 19 >> 

1Nalika Apolos isih ana ing kutha Korintus, Rasul Paulus ndlajahi tanah-tanah sing adoh kutha, nganti tekan ing kutha Éfesus. Ana ing kono Rasul Paulus kepethuk karo wong Kristen sawetara.

2Wong-wong Kristen mau ditakoni: "Menapa panjenengan sampun sami nampèni Roh Suci nalika dipun baptis?" Wangsulané wong-wong mau: "Mireng wontenipun Roh Suci kémawon dèrèng naté!"

3Pitakoné Rasul Paulus: "Menawi mekaten, baptis panjenengan nganggé wewaton menapa?" Wangsulané wong-wong mau: "Nganggé baptisipun Nabi Yohanes."

4Rasul Paulus banjur nerangaké: "Baptisipun Nabi Yohanes menika baptisipun tiyang-tiyang ingkang mratobat saking dosanipun. Nabi Yohanes sanjang dhateng tiyang-tiyang Israèl, supados sami pitados dhateng Tiyang, ingkang dhatengipun sapengkeripun Nabi Yohanes, inggih menika Gusti Yésus."

5Bareng krungu ketrangan mengkono, wong-wong mau nuli padha njaluk baptis ing asmané Gusti Yésus.

6Nalika Rasul Paulus numpangaké tangané ing sirahé wong-wong mau, sanalika wong-wong mau nuli padha kapenuhan ing Roh Suci, banjur padha caturan nganggo basa sing anèh, sarta martakaké pangandikané Gusti Allah.

7Kabèh mau cacahé kira-kira ana wong rolas.

8Telung sasi lawasé Rasul Paulus memulang klawan kendel ana ing sinagogé, papan pangibadahé wong Yahudi, tukar kawruh karo wong-wong Yahudi lan ngudi ngyakinaké wong-wong mau bab Kratoné Gusti Allah.

9Nanging uga ana wong-wong sing padha wangkal ora gelem precaya. Wong-wong mau padha ngala-ala piwulang Kristen ing ngarepé wong akèh. Mulané wong-wong mau nuli padha ditinggal lunga déning Rasul Paulus. Wong sing padha precaya nuli dikumpulaké lan saben dina Rasul Paulus memulang ana ing panggonan sing lumrahé dienggo mulang déning Tiranus.

10Enggoné Rasul Paulus memulang kaya mengkono kuwi nganti rong taun lawasé, temah kabèh wong sing padha manggon ana ing tanah Asia, wong Yahudi, lan wong bangsa liyané, padha krungu pangandikané Gusti Allah.

11Gusti Allah nindakaké mujijat-mujijat sing hébat banget lantaran Rasul Paulus.

12Nganti kacu utawa suwèkan sandhangan lungsuran sing dienggo, yèn ditumpangaké wong lara, wong mau banjur waras, lan dhemit-dhemit pisan iya padha metu saka wong-wong lara mau.

13Ing kono ana wong Yahudi sawetara sing mider-mider marasaké wong-wong sing padha kepanjingan dhemit. Wong-wong mau uga padha nyoba nundhung dhemit nganggo nyebut asmané Gusti Yésus, karo muni mengkéné: "Kowé daksupatani atas asmané Gusti Yésus, sing diwartakaké déning Rasul Paulus."

14Sing nindakaké kaya mengkono kuwi wong pitu, yakuwi para anaké imam agung, sing jeneng Skéwa.

15Nanging kocapa, dhemit-dhemit mau padha mangsuli: "Yésus aku kenal. Paulus aku ya kenal, nanging kowé kuwi sapa?"

16Wong sing kepanjingan dhemit kuwi nuli nubruk wong pitu mau sarosané, nganti wong pitu mau kalah kabèh, temah kepeksa mlayu saka ing omah kono, dhèdhèl dhuwèl lan kewudan.

17Wong-wong Yahudi kabèh lan wong bangsa liya, sing padha nganut agama Yahudi ing kutha Éfesus kono padha krungu lelakon mau, banjur padha wedi banget. Srana mengkono asmané Gusti Yésus saya kesuwur lan diéringi.

18Akèh wong sing wis padha precaya, padha teka lan ngakoni ing ngarepé wong akèh, apa sing padha dilakoni.

19Akèh wong precaya sing biyèn wis tau nindakaké ilmu sihir padha nglumpukaké buku-bukuné dadi siji, nuli padha diobong ana ing ngareping wong akèh. Nalika ajiné buku-buku mau digunggung, ketemu pirang-pirang puluh juta rupiah.

20Anané lelakon-lelakon sing mengkono mau marakaké pangandikané Gusti Allah saya sumebar lan saya gedhé dayané.

21Sawusé lelakon kuwi mau kabèh, Rasul Paulus kenceng tékadé arep menyang kutha Yérusalèm, liwat tanah Makédonia lan tanah Yunani. Rasul Paulus ngucap mengkéné: "Sawisé aku mrana, aku nuli arep menyang kutha Rum."

22Rasul Paulus nuli ngutus wong loro saka panunggalané para pembantuné, yakuwi Timotius lan Érastus, mangkat menyang Makédonia, déné Rasul Paulus dhéwé kari ana ing tanah Asia sawetara mangsa.

23Nalika semana ana gègèran gedhé ing kutha Éfesus, jalaran saya ngrembakané piwulang bab ‘Dalaning Pangéran’.

24Awit ana sawijining kemasan, jenengé Démétrius, sing pangupajiwané nggawèni candi cilik-cilik, niru candiné Dèwi Agung Diana. Dagangané Démétrius mau nekakaké keuntungan ora sethithik kanggo para tukangé.

25Mulané Démétrius mau nuli ngumpulaké para tukangé lan uga para tukang saka kemasan liyané, banjur kandha mengkéné: "Para kanca sedaya! Panjenengan sami pirsa, bilih penggaotan kita menika, dados kemasan.

26Samenika, cobi panjenengan pirsani, menapa ingkang katindakaken déning Paulus menika. Piyambakipun sanjang, bilih déwa-déwa ingkang dipun damel déning tanganipun manungsa menika sanès déwa saèstu. Paulus sampun saged ngyakinaken tiyang kathah, mboten namung wonten ing kitha Éfesus kémawon, nanging ugi ing mèh satanah Asia sedaya.

27Srana mekaten mboten namung penggaotan kitha kémawon ingkang dipun rèmèhaken, nanging ugi pepundhèn kita Dèwi Agung Diana, badhé mboten wonten aosipun, sarta kaluhuranipun badhé sirna, inggih menika kaluhuranipun Dèwi Agung Diana ingkang kasembah déning tiyang satanah Asia lan sajagad sedaya."

28Bareng krungu tembung mengkono mau, atiné wong-wong mau dadi panas, nuli wiwit padha bengok-bengok: "Kaagungana Dèwi Diana, pepujanipun tiyang Éfesus!"

29Sakutha kabèh nuli gègèr. Wong akèh mau banjur nyekel Gayus lan Aristarkhus, wong-wong Makédonia kancané Rasul Paulus. Wong loro mau diglandhang menyang alun-alun.

30Rasul Paulus dhéwé uga arep mrono, nanging dipenggak déning para sedulur Kristen ing kono.

31Para penggedhéné kutha mau, sing wis dadi mitrané Rasul Paulus, uga padha mrayogakaké, supaya Rasul Paulus aja menyang alun-alun.

32Kaanané wong akèh mau worsuh banget; ana sing nguwuh ngéné ana sing nguwuh ngono, sebab akèh wong sing ora ngerti, apa sebabé dhèwèké mèlu-mèlu tekan kono.

33Ana wong jenengé Alèksander, dikira wong kuwi sing tanggung jawab. Mula sawisé tampa katerangan akèh saka wong-wong mau nuli dikon maju ana ing ngarepé wong-wong mau. Alèksander mènèhi sasmita nganggo tangané, arep awèh ketrangan marang wong-wong mau.

34Nanging bareng weruh yèn Alèksander kuwi wong Yahudi, wong-wong mau nuli padha mbengok sambung-sumambung nganti rong jam suwéné: "Kaagungna Dèwi Diana, sesembahanipun tiyang Éfesus!"

35Pungkasané sèkretarisé kutha kono bisa nentremaké wong-wong akèh mau, tembungé: "Para sedhèrèk, warga kitha Éfesus! Saben tiyang sampun mangertos, bilih kitha Éfesus menika ngreksa kuilipun Dèwi Agung Diana, sarta ngreksa séla suci ingkang dhawah saking langit.

36Kula kinten mboten wonten tiyang setunggal kémawon ingkang saged mbantah prekawis menika. Mila panjenengan kula aturi kèndel kémawon lan sampun ngantos tumindak grusa-grusu.

37Panjenengan sami mbekta tiyang menika mriki, mangka tiyang menika mboten ngrampog barang suci menapa-menapa saking kuil, inggih mboten nyenyamah dhateng Dèwi Agung sesembahan kita.

38Menawi Démétrius lan kanca-kancanipun sami gadhah pandakwa utawi badhé nggugat salah setunggaling tiyang, kajengipun piyambakipun damel gugatan dhateng pengadilan. Kanggé prekawis-prekawis kados mekaten, wonten dinten ingkang pancèn kacawisaken.

39Nanging menawi wonten prekawis sanès ingkang kepéngin panjenengan bèrèsaken, menika kedah dipun urus déning parepataning wakil rakyat ingkang sah.

40Sebab, menapa ingkang panjenengan tindakaken ing dinten menika, saged kaanggep kados déné pembrontakan. Mangka sejatosipun mboten wonten alesan kanggé damel gègèran kados menika."

41Sawisé muni mengkono kumpulané wong akèh mau nuli dibubaraké.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran