Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 27 >> 

1Sawisé ditetepaké yèn aku kabèh kudu padha mangkat menyang tanah Italia, Rasul Paulus lan wong tahanan sawetara liyané nuli dipasrahaké marang Yulius, perwira tentara Rum, sing karan ‘Résimèn Kaisar’.

2Aku padha nunggang kapal, saka pelabuhan Adramitium, arep mangkat menyang pelabuhan-pelabuhan ing tanah Asia. Aristarkhus, wong Makédonia, sing tekané saka kutha Tésalonika, uga bareng karo aku sakanca.

3Ésuké aku padha tekan ing kutha Sidon. Perwira Yulius tangkepé marang Rasul Paulus apik banget. Yulius nglilani Rasul Paulus nuwèni para mitrané lan nampani pawèwèh kanggo nyukupi kebutuhané.

4Saka kono aku padha nerusaké lelayaran. Sarèhné anginé nampek, enggonku padha lelayaran mau kepeksa mlipir sauruté pesisiré pulo Siprus, sing ora keterak angin.

5Enggonku padha nyabrang segara metu tanah Kilikia lan Pamfilia, banjur tekan kutha Mira, ing tanah Likia.

6Ana ing kono perwira mau olèh kapal, sing teka saka kutha Alèksandria, lan arep lelayaran menyang tanah Italia. Aku kabèh nuli dipindhah ana ing kapal mau.

7Nganti sawetara dina enggonku lelayaran, presasat ora maju-maju. Wusana klawan rekasa aku padha bisa tekan kutha Knidhus. Merga anginé gedhé banget, kita kepeksa metu sisih kidulé pulo Kréta, ngliwati Tanjung Salmoné.

8Tujuné merga kaaling-alingan pulo Kréta aku padha bisa mlipir, senajan klawan rekasa banget, nganti akiré bisa tekan panggonan sing disebut pelabuhan ‘Tentrem’, cedhak karo kutha Laséa.

9Enggonku padha ana ing pelabuhan kono suwé, merga yèn nerusaké lelayaran, kaanané mbebayani. Nalika semana dina Riaya Yahudi Panebusan wis kliwat. Mulané Rasul Paulus mrayogakaké para pengurusé prau mengkéné:

10"Bapak-bapak, enggèn kita lelayaran badhé manggih bebaya kathah. Mboten namung momotan lan kapal menika ingkang badhé ngalami karisakan ageng, nanging ugi nyawa kita!"

11Nanging perwira mau luwih precaya marang juru-mudhi lan wong sing duwé prau ketimbang marang Rasul Paulus.

12Pelabuhan ing kono pancèn ora kepénak kanggo ngaso ing wektu bedhidhing. Mulané para punggawané kapal sapérangan gedhé padha setuju, yèn enggoné lelayaran diterusaké, karepé supaya bisa tekan pelabuhan Féniks, yakuwi pelabuhan ing pulo Kréta, sing madhepé Kidul-kulon lan Lor-kulon, dadi cocog kanggo ngaso sasuwéné mangsa bedhidhing.

13Bareng ana angin sumilir saka ing sisih Kidul, wong kabèh padha ngira yèn kuwi wektu sing becik kanggo mangkat. Jangkaré nuli dibedhol lan prauné banjur mlipir cedhak karo pesisiré pulo Kréta.

14Dumadakan ana prahara saka dharatan, sing lumrahé disebut angin ‘Lor-wétan’,

15nempuh prau mau. Sarèhné angin mau ora kena ditanggulangi, kapal mau nuli diumbar waé, kéntir.

16Aku lagi padha kaaling-alingan, bareng tekan ing sakidulé pulo cilik, sing aran pulo Kaudha. Kanthi ngrekasa aku padha bisa nylametaké sekoci kapal.

17Sekoci mau diunggahaké ana ing kapal, nuli ditalèni. Kapal kuwi dhéwé nuli iya dierut mubeng. Sarèhné padha wedi yèn kapal mau bakal kandhas ana ing pasir, ing péranganing pesisir sacedhaké Libia sing banyuné cethèk, mulané layaré kapal nuli digulung, lan kapal mau diumbar katempuh ing angin.

18Anginé saya suwé saya banter, mulané ésuké momotané kapal nuli dibuwangi ana ing segara.

19Lan ésuké menèh pirantiné kapal uga wiwit dibuwangi, mung nganggo tangan waé.

20Embuh pira lawasé aku padha ora weruh srengéngé, apa menèh lintang-lintang. Anginé wis malih dadi prahara sing nggegirisi. Wusana aku wis padha ora duwé pengarep-arep yèn isih bakal padha slamet.

21Sarèhné wong akèh mau wis suwé ora padha mangan, Rasul Paulus nuli ngadeg ana ing tengahé wong-wong mau karo kandha mengkéné: "Para sedhèrèk, menawi rumiyin panjenengan sami nggega dhateng atur kula, lan mboten mangkat saking pulo Kréta, temtu kita mboten badhé nemahi karisakan lan kapitunan kados samangké menika.

22Nanging samenika panjenengan mboten sisah kuwatos, sebab mboten wonten tiyang setunggal kémawon ingkang badhé tiwas. Namung baita menika kémawon ingkang mboten badhé saged kaalap.

23Sebab kala wau dalu Gusti Allah ingkang kula bektèni, sampun ngutus malaékatipun,

24sarta ngandika: ‘Kowé aja wedi, Paulus! Sebab kowé bakal ngadeg ana ing ngarepé Kaisar Rum. Lan merga kowé, Gusti Allah sajroné kamirahané bakal paring slamet marang kabèh wong sing bebarengan karo kowé ana ing prau kuwi!’

25Awit saking mekaten, para sedhèrèk kula aturi sami tatag ing manah, sebab kula pitados, bilih sedaya prekawis menika badhé kelampahan kados ingkang sampun kapangandikakaken déning Gusti Allah.

26Kita mangké badhé kandhas wonten ing salah setunggaling pulo."

27Bengi sing kaping patbelas, nalika kita lagi kéntir ana ing segara Adria, kira-kira tengah wengi, para punggawané kapal padha ngira yèn wis cedhak karo dharatan.

28Banjur padha ngukur jeroné banyu nganggo piranti penjajagan. Ketitik jeroné banyu ing kono telung puluh nem setengah mèter. Ora suwé wong-wong mau padha nguncalaké watu penjajagan mau, lan ketitik yèn jeroné saiki pitulikur setengah mèter.

29Wong-wong mau padha kuwatir, yèn prauné bakal nabrak watu, mulané banjur padha ngudhunaké jangkar papat saka péranganing kapal-kapal sing mburi, lan ngarep-arep supaya gèk endang padhang.

30Nanging para punggawané prau mau karepé arep padha ninggal prauné. Sekociné arep diudhunaké ana ing banyu, nanging éthok-éthok arep ngudhunaké jangkar saka péranganing prau sisih ngarep.

31Nanging Rasul Paulus kandha karo perwira lan prejurit-prejurit sing ana ing kono, mengkéné: "Menawi punggawa kapal menika mboten sami tetep wonten ing baita, panjenengan sedaya mesthi mboten badhé sami wilujeng."

32Mulané para prejurit nuli padha ngethoki taliné sekoci, nganti sekoci mau kejegur ing segara lan kéntir.

33Bareng wis padhang, Rasul Paulus banjur akon wong kabèh supaya padha mangan: "Sampun sekawan welas dinten laminipun enggèn panjenengan sami ngantos-antos murih kawilujengaken, tanpa nedha menapa-menapa.

34Samenika prayoginipun panjenengan sami nedha rumiyin, sebab panjenengan mbetahaken kekiyatan, supados mboten sami pejah."

35Sawisé mengkono, Rasul Paulus nuli njupuk roti sarta ana ing ngarepé wong akèh mau Rasul Paulus ndedonga nyuwun berkah, banjur nyuwil-nyuwil roti mau, lan wiwit dipangan.

36Wong-wong mau atiné lejar menèh, sarta wiwit padha gelem mangan sethithik.

37Cacahé wong sing ana ing kapal kono ana rong atus pitung puluh nem.

38Sawisé kabèh padha mangan, wong-wong mau nuli padha mbuwang momotané gandum ana ing segara, supaya prauné dadi ènthèng.

39Bareng wis awan, para punggawané kapal nuli padha weruh pesisiré sawijining teluk, nanging ora padha ngerti kuwi teluk endi. Wong-wong mau padha ngrancang arep ndharat ana ing pesisir kono.

40Taliné jangkar nuli dipedhoti, jangkaré ditinggal ing dhasaring segara, semono uga tali sing kanggo nalèni kemudhi. Layaré prau sing ngarep dipasang, supaya anginé bisa nyurung prau mau menyang pesisir.

41Nanging kocapa, prau mau kandhas ana ing pasir ing panggonan sing cethèk. Pérangané prau sing ngarep ambles bles, déné pérangan sing mburi remuk merga ditempuh déning ombak sing gedhé banget.

42Nalika semana para prejurit padha arep matèni pesakitan kabèh, supaya aja padha bisa minggat, nglangi menyang dharatan.

43Nanging komandhané kepéngin nylametaké Rasul Paulus, mulané niyaté para prejurit mau dipenggak. Tumuli komandhan mau awèh préntah, supaya saben wong sing bisa nglangi, padha dikon njegur dhisik nglangi menyang dharatan;

44déné wong-wong liyané kudu nusul, ngéntir cekelan blabag-blabag utawa pecahan-pecahan kapal. Mengkono dadiné wong kabèh mau padha bisa tekan dharatan kanthi slamet.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran