Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kolose 1 >> 

1Layang saka Paulus, sing saka kersané Gusti Allah katimbalan dadi rasulé Sang Kristus Yésus, lan saka sedulur kita Timotius,

2tumekaa marang umaté Gusti Allah ing kutha Kolosé, yakuwi para sedulur kita wong-wong Kristen, sing setya. Gusti Allah Rama kita maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé kabèh.

3Samasa aku ndongakaké kowé, aku tansah padha saos sukur marang Gusti Allah, Ramané Gusti kita Yésus Kristus,

4merga aku wis padha krungu bab precayamu marang Sang Kristus Yésus, lan katresnanmu marang umaté Gusti Allah kabèh.

5Nalika pawarta sing sejati, (yakuwi Injil), kawartakaké marang kowé, kowé padha ngerti bab pengarep-arep sing diparingaké lantaran Injil mau. Precayamu lan katresnanmu alandhesan pengarep-arep kuwi, sing kacawisaké déning Gusti Allah ana ing swarga kanggo kowé.

6Injil kuwi nggawa berkah lan diwartakaké ana ing salumahing bumi, padha kaya sing diwartakaké ana ing antaramu, wiwit ing dina enggonku krungu kang kapisan bab sih-rahmaté Gusti Allah, nganti kowé padha ngerti temenan, apa sing diarani sih-rahmat.

7Kowé padha krungu bab kuwi mau saka Épafras, kancaku tunggal pangabdi sing daktresnani. Épafras kuwi abdiné Sang Kristus sing setya, sing makili aku kabèh.

8Iya Épafras sing nyritani aku kabèh bab katresnan sing kaparingaké déning Sang Roh Suci marang kowé.

9Mulané, wiwit aku padha krungu kabarmu, aku tansah padha ndongakaké kowé. Panyuwunku muga Gusti Allah marengaké kowé ngerti marang sakèhing kersané; lantaran kawicaksanan lan kawruh peparingé Sang Roh Suci.

10Yèn wis mengkono kowé lagi padha bisa urip kaya sing dikersakaké déning Gusti, sarta tansah nglakoni sing gawé renaning penggalihé Gusti Allah. Sakèhé pegawéanmu sing becik bakal ngetokaké woh, lan kawruhmu bab Gusti Allah bakal saya wuwuh.

11Muga-muga kowé padha disantosakaké srana sarupaning kekuwatan sing mijil saka Kratoné Gusti Allah kang mulya, temahan kowé padha kuwat nyangga sadhéngah prekara klawan sabar.

12Padha saosa sukur klawan bungah marang Sang Rama, sing ngersakaké kowé pantes nampa panduman sabarang sing kacadhangaké déning Gusti Allah kanggo umaté ana ing kratoning pepadhang.

13Panjenengané wis ngluwari kita saka pangwasané pepeteng, tinuntun kanthi slamet menyang Kratoné Putrané kang kinasih.

14Iya merga Sang Putra mau kita padha kaparingan pangluwaran lan pangapuraning dosa-dosa kita.

15Gusti Allah kuwi ora tau kasat mripat. Nanging Panjenengané Sang Kristus dadi wewujudané Gusti Allah sing ora katon mau. Sang Kristus dadi Putra mbarep sing luwih unggul ketimbang karo samubarang sing katitahaké déning Gusti Allah.

16Iya ana ing Sang Kristus kuwi Gusti Allah nitahaké samubarang sing ana ing swarga lan ing bumi, barang-barang sing katon lan sing ora katon, semono uga sakèhing pangwasa sing ora kasat mripat. Gusti Allah nitahaké jagad raya iki lantaran Sang Kristus lan kagem Sang Kristus.

17Sang Kristus wis ana sadurungé samubarang ana, lan ana ing patunggilané Sang Kristus mau samubarang kabèh kaprenahaké ana ing papané dhéwé-dhéwé.

18Sang Kristus jumeneng sesirahé sarira, yakuwi pasamuwan. Panjenengané dadi sumbering uripé sarira mau. Panjenengané dadi Putra pembarep sing katangèkaké saka ing séda, supaya jumeneng sing pinunjul dhéwé ing antarané samubarang kabèh.

19Sebab wis dadi kersané Gusti Allah piyambak menawa Sang Putra kagungan sipat ka-Allahané Gusti Allah ing sasampurnané.

20Iya lantaran Sang Putra mau, Gusti Allah ngrukunaké samubarang kabèh karo sarirané piyambak, dadia sing ana ing bumi, dadia sing ana ing swarga, yakuwi sawisé nindakaké pirukun srana sédané Sang Putra ana ing kayu salib.

21Dhèk biyèn uripmu adoh karo Gusti Allah. Malah kowé padha dadi mungsuhé Gusti Allah, merga saka penggawé utawa tumindakmu, apa déné pikiranmu sing ala.

22Nanging lantaran sédané Sang Putra, saiki kowé wis padha kadadèkaké para mitrané Gusti Allah, sing kairid menyang ngarsané, dadi wong-wong sing suci, resik lan tanpa cacad.

23Mulané kowé padha tetepa setya nganggo dhasar precaya sing kuwat, lan aja nganti ninggal pengarep-arep sing wis kokrungu saka Injil. Aku, Paulus, dadi abdiné Injil kuwi, iya Injil sing wis diwartakaké marang saben wong ing salumahing bumi.

24Saiki aku rumangsa begja déné aku nandhang kasangsaran krana kowé. Sebab srana kasangsaranku iki, aku kepareng ngganepi kasangsaran sing isih kudu disandhang déning sarirané, yakuwi pasamuwan.

25Lan aku wis didadèkaké abdi déning Gusti Allah kanggo ngladosi pasamuwané, iya kanggo kebutuhanmu, yakuwi nglantaraké pawarta saka Gusti Allah nganti sakatogé,

26wewadi sing ora disumurupi déning manungsa kabèh ing jaman sing kepungkur, sing saiki dilairaké marang umaté.

27Rancangané Gusti Allah yakuwi medharaké marang umaté sepira gedhéné lan kamulyané wewadi sing kacawisaké kanggo para bangsa kabèh. Sing diarani wewadi kuwi mengkéné: Sang Kristus dumunung ana ing kowé, kuwi ateges kowé ngrasakaké kamulyané Gusti Allah.

28Mangka Sang Kristus mau wis dakwartakaké marang wong kabèh. Aku padha mituturi lan mulang saben wong nganggo migunakaké sarupaning kawicaksanan, supaya saben wong gelem daksowanaké ana ing ngarsané Gusti Allah dadi wong sing kasukmané diwasa ana ing patunggilané Sang Kristus.

29Kuwi sing dakudi tanpa ngétung kesel, nganggo migunakaké sakèhing kekuwatanku saka pangwasané Sang Kristus, sing makarya ana ing aku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kolose 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel