Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kolose 4 >> 

1Para bendara, padha tumindaka sing bener lan sing adil marang para baturmu. Élinga yèn kowé dhéwé uga duwé bendara ana ing swarga.

2Sing tegen enggonmu ndedonga. Lan sajroné nindakaké mengkono padha diwaspada kanthi saos sukur marang Gusti Allah.

3Lan aku iya padha dongakna, supaya Gusti Allah maringi wewengan sing becik marang aku kanggo ngabaraké Injil, sarta medharaké wewadiné Gusti Allah, yaiku bab Sang Kristus. Iya prekara kuwi sing njalari aku saiki dikunjara.

4Aku padha dongakna supaya bisa njlèntrèhaké wewadi mau kanthi gamblang.

5Srawunga karo wong-wong sing ora precaya kanthi kawicaksanan; saben ana wewengan pigunakna sing becik.

6Tembungmu kudu sing sedhep dirungokaké, sarta isi prekara sing prelu digatèkaké déning wong, lan kowé iya kudu bisa awèh wangsulan sing bener marang saben wong.

7Sedulur kita kang kinasih, Tikhikus wong sing setya lan kanca kita nyambut-gawé kagem Gusti, bakal nyritakaké kaananku kabèh marang kowé.

8Mulané dhèwèké dakkongkon menyang panggonanmu, kanggo nggedhèkaké atimu.

9Tikhikus dibarengi Onésimus, sedulur kang kinasih lan setya, sing asalé saka ing antaramu. Sedulur-sedulur mau bakal padha nyritakaké apa waé sing kelakon ana ing kéné marang kowé.

10Aristarkhus, sing dikunjara bareng karo aku, kirim salam marang kowé, mengkono uga Markus, nak-sanaké Barnabas. (Kowé wis padha diweling supaya nampani dhèwèké samasa tekan enggonmu.)

11Yésus, sing karan Yustus, uga kirim salam marang kowé. Mung telu kuwi wong Yahudi sing wis precaya, sing nyambut-gawé bebarengan karo aku, nindakaké pakaryané ing Kratoné Gusti Allah. Wong-wong kuwi dadi pitulungan gedhé tumrapé aku.

12Salam saka Épafras, wong sing asalé uga saka enggonmu, sing dadi abdiné Gusti Yésus Kristus. Épafras tansah ndongakaké kowé kabèh klawan tegen. Panyuwuné marang Gusti Allah, supaya kowé dadia teguh, yakin temenan, sarta mbangun-turut marang Gusti Allah.

13Aku dhéwé sing neksèni enggoné sregep nyambut-gawé kanggo kowé, lan kanggo wong-wong ing Laodikia sarta ing Hiérapolis.

14Dhokter Lukas kang kinasih lan Dhémas padha kirim salam marang kowé.

15Salamku marang para sedulur ing Laodikia; marang Nimfa lan marang pasamuwan, sing padha kumpulan ana ing omahé.

16Sawisé layang iki diwaca, udinen supaya uga diwaca déning pasamuwan Laodikia. Lan mengkono uga layang sing dikirim déning pasamuwan Laodikia marang kowé, wacakna.

17Déné Arkhipus kandhanana supaya ngrampungaké kuwajibané kagem Gusti.

18Salam saka aku, Paulus. Layang iki daktulis dhéwé. Lan aja lali yèn aku isih ana ing pakunjaran! Sih-rahmaté Gusti Allah nunggila karo kowé. Saka aku sekloron, Paulus lan Timotius


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kolose 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel