Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 1 >> 

1Katur ing panjenenganipun Bapak Téofilus ingkang kinasih. Kathah tiyang ingkang sampun mbudidaya nyerat lelampahan-lelampahan ingkang kedadosan wonten ing antawis kita.

2Kados ingkang dipun cariyosaken déning tiyang-tiyang ingkang wiwit-wiwitan sami nyipati piyambak lelampahan-lelampahan wau, lajeng martosaken prekawis menika.

3Mila sesampunipun kula niti priksa piyambak prekawis wau saking wiwitanipun, prayogi menawi kula mratélakaken sedaya wau dhateng panjenengan,

4kanthi pengangkah, supados panjenengan pirsa bilih sedaya ingkang kawucalaken dhateng panjenengan menika nyata.

5Nalika jamané Sang Prabu Hérodès dadi ratu ing tanah Yudéa, ana imam jenengé Zakharia. Imam mau golongané imam-imam Abia. Somahé jenengé Élisabèt, uga ana turuné imam.

6Sekaroné padha wong mursid; seneng ngèstokaké dhawuh lan netepi angger-anggeré Allah.

7Imam Zakharia lan Élisabèt mau ora duwé anak, jalaran Élisabèt gabug. Mangka loro-loroné wis padha tuwa.

8Sawijining dina, Imam Zakharia nindakaké kuwajibané ngimami ing pangibadah, jalaran nalika semana golongan imam-imam Abia olèh giliran netepi kuwajibané ing Pedalemané Allah.

9Kaya padatan, carané diundhi. Imam Zakharia ketiban undhi mlebu ing Pedalemané Allah ngobong dupa.

10Nalika Imam Zakharia lagi nindakaké upacara mau, ing jaba ana umat akèh sing padha ndedonga.

11Dumadakan ana malaékat ngrawuhi Imam Zakharia. Malaékat mau jumeneng ana ing sisih tengené mesbèh, papané ngobong dupa.

12Imam Zakharia nalika weruh malaékat mau kagèt lan wedi banget.

13Nanging malaékat mau banjur ngandika: "Aja wedi, Zakharia! Gusti Allah wis miyarsakaké pandongamu. Élisabèt, somahmu, bakal mbabar anak lanang. Bocah kuwi jenengna Yohanes.

14Kowé bakal bungah banget; semono uga lairé bocah mau bakal njalari akèh wong padha mèlu seneng.

15Bocah kuwi bakal dadi wong sing pinunjul ana ing ngarsané Pangéran, mulané ora kena ngombé anggur lan minuman liyané sing mendemi. Wiwit saka wetengané ibuné, bocah kuwi bakal kapenuhan ing Roh Suci.

16Yèn wis gedhé bakal dadi panuntun sing njalari wong Israèl akèh sing padha mratobat marang Pangéran Allahé.

17Anakmu mau bakal dadi utusané Gusti Allah sing peng-pengan lan pangwasané kaya Nabi Élia. Anakmu kuwi bakal ngrukunaké bapak karo anak, lan nuntun wong mursal dadi mursid. Enggoné nindakaké mengkono kuwi supaya nyawisaké umat sing sembada tumrap ing Pangéran."

18Imam Zakharia nuli matur: "Kados pundi enggèn kawula saged mangertos, bilih pangandika Panjenengan menika èstu badhé kelampahan, awit kawula sampun sepuh, mekaten ugi sémah kawula?"

19Wangsulané malaékat: "Aku iki Gabrièl, sing ngadhep ana ngarsané Gusti Allah. Aku diutus ndhawuhaké pawarta sing mbungahaké iki marang kowé.

20Apa sing dakkandhakaké iki mesthi bakal kelakon, ing wektu sing wis ditemtokaké déning Gusti Allah. Nanging sarèhné kowé ora ngandel karo kandhaku, mulané kowé bakal dadi bisu, nganti tekan wektuné sing dakkandhakaké iki mau kelakon kabèh."

21Kacarita umat sing padha ana ing jaba ngentèni metuné Imam Zakharia. Wong akèh mau padha gumun, apa sebabé kokimam suwé banget ana ing Pedalemané Allah.

22Bareng metu, Imam Zakharia ora bisa caturan, mung bisa mènèhi sasmita nganggo tangané waé. Wong akèh mau banjur padha ngerti, yèn Imam Zakharia mentas nampa wahyu ana ing Pedalemané Allah.

23Sarampungé tugas ana ing Pedalemané Allah, Imam Zakharia banjur mulih.

24Ora let suwé Élisabèt, somahé nuli ngandhut, lan sajroné limang sasi ora metu-metu saka omahé.

25Élisabèt mosik ing sajroning ati: "Pungkasané Gusti Allah mitulungi aku, lan ngilangi sing njalari isinku karo wong-wong, nganti aku saiki wis ora prelu isin menèh."

26Bareng Élisabèt enggoné ngandhut wis nem sasi, Gusti Allah banjur ngutus Malaékat Gabrièl menyang kutha Nasarèt, ing tanah Galiléa.

27Enggoné diutus mrana mau prelu nemoni prawan, sing jenengé Maryam. Prawan mau lagi pepacangan karo wong sing jeneng Yusuf, tedhak-turuné Sang Prabu Dawud.

28Malaékat mau nemoni Maryam lan ngandika: "Begja kowé sing dikasihi déning Pangéran! Pangéran nganthi marang kowé!"

29Krungu pangandikané malaékat sing mengkono mau, Maryam kagèt banget, sarta tuwuh pitakonan ing sajroning ati: gèk apa tegesé salam mau.

30Malaékat nuli ngandika marang Maryam: "Aja wedi Maryam, awit kowé olèh kanugrahan gedhé saka Pangéran.

31Kowé bakal ngandheg sarta mbabar anak lanang; anak kuwi jenengna Yésus.

32Anakmu mau bakal dadi pinunjul, sarta disebut Putrané Kang Mahaluhur. Pangéran bakal njumenengaké Sang Putra mau dadi Ratu, kaya Sang Prabu Dawud, leluhuré.

33Panjenengané bakal dadi Ratuning anak-turuné Yakub ing selawas-lawasé. Kratoné bakal ora ana wekasané."

34Maryam banjur matur marang malaékat mau: "Kados pundi sagedipun prekawis menika kelampahan, jalaran kawula menika taksih prawan?"

35Malaékat mau nuli mangsuli: "Roh Suci bakal nedhaki kowé, sarta kwasané Gusti Allah bakal ngayomi kowé. Mulané Putra sing miyos kuwi suci, sarta bakal disebut Putraning Allah.

36Lan ngertia, yèn Élisabèt, sanakmu sing wis tuwa lan diarani gabug, kuwi saiki wis ngandheg nem sasi.

37Sebab tumrapé Gusti Allah ora ana barang sing mokal."

38Maryam banjur matur: "Kawula menika abdinipun Pangéran. Sedaya wau kelampahana tumraping kawula, kados ingkang Panjenengan ngandikakaken menika." Sawisé mengkono malaékat mau banjur nilar Maryam.

39Ora let suwé Maryam banjur lunga menyang sawijining kutha ing tanah Yudéa, sing dunungé ana ing pegunungan.

40Ana ing kono Maryam njujug ing omahé Imam Zakharia. Nalika mlebu ing omah mau, Maryam celuk-celuk karo awèh salam marang Élisabèt.

41Bareng krungu swarané Maryam awèh salam mau, bayi sing ana ing wetengané Élisabèt nggronjal. Merga kapenuhan déning Roh Suci,

42Élisabèt banjur ngucap klawan swara seru: "Kowé wong sing begja dhéwé ana ing antarané wong wadon kabèh! Mengkono uga binerkahana bayi sing kokkandhut kuwi.

43Sapa ta aku iki, déné nganti karawuhan ibuné Gustiku?

44Merga nalika aku krungu swaramu awèh salam, bayi sing ana ing wetengku nggronjal krana saka bungahé.

45Begja, déné kowé precaya, yèn apa sing dingandikakaké déning Gusti Allah marang kowé, kuwi bakal kelakon!"

46Maryam banjur ngucap mengkéné: "Nyawaku ngluhuraké Pangéran,

47lan atiku suka-rena merga Gusti Allah, Juru Slametku.

48Merga Panjenengané nggatèkaké aku, abdiné sing nistha! Wiwit saiki saben wong bakal ngarani aku wong begja.

49Awit Gusti Allah Kang Mahakwasa wis nindakaké pakaryan sing pinunjul ing ngatasé aku. Mula Asmané kasucèkna!

50Pangéran melasi wong sing wedi asih marang Panjenengané, turun-tumurun.

51Gusti Allah mbuyaraké wong sing padha angkuh, srana pangwasané astané; lan rancangané wong mau digawé kocar-kacir.

52Gusti Allah nglorod para pangwasa saka ing kalungguhané, lan wong sing asor diluhuraké.

53Gusti Allah maringi pangan wong sing padha keluwèn srana peparing sing becik, nanging wong sugih ditundhung, tanpa diparingi apa-apa.

54Gusti Allah nulungi Israèl, abdiné, awit arep netepi janjiné marang leluhuré.

55Yakuwi janjiné, enggoné bakal maringaké sih-rahmaté marang Abraham lan turun-turuné kabèh, ing selawas-lawasé."

56Maryam enggoné ana ing omahé Élisabèt nganti wetara telung sasi, nuli mulih.

57Bareng wis tekan mangsané, Élisabèt banjur mbabar putra kakung.

58Tangga teparo lan sanak seduluré padha krungu bab gedhéning sih-kadarmané Pangéran sing kaparingaké marang Élisabèt. Wong-wong mau padha mèlu bungah banget.

59Nalika bayiné umur wolung dina, tangga teparo lan sanak seduluré mau padha teka, arep netaki bayiné. Karepé wong-wong mau bayiné arep padha dijenengi Zakharia, kaya bapakné.

60Nanging ibuné muni: "Aja! Bocah iki kudu dijenengaké Yohanes!"

61Wong-wong mau nuli padha muni: "Lho, ing antarané sedulur-sedulurmu rak ora ana ta sing jenengé Yohanes?"

62Nuli padha takon marang Zakharia nganggo sasmita, bayi mau arep dijenengaké sapa.

63Zakharia nuli njaluk sabak lan nulis ing sabak mau: Jenengé "Yohanes". Wong kabèh padha gumun banget.

64Sanalika iku uga Zakharia bisa caturan lan ngluhuraké asmané Gusti Allah.

65Tangga teparoné kabèh padha wedi, lan pawarta mau kawentar ing daérah pegunungan Yudéa kabèh.

66Wong kabèh sing padha krungu bab lelakon kuwi nuli padha mikir lan takon ing sajroning ati: "Bocah iki mbésuk bakal dadi apa?" Merga cetha yèn pangwasané Allah nunggil karo bocah mau.

67Imam Zakharia, bapakné si bayi Yohanes mau, nuli kapenuhan ing Roh Suci, sarta medhar pameca, mengkéné:

68"Ayo padha memuji marang Pangéran, Allahé bangsa Israèl! Gusti Allah wis rawuh nylametaké umaté, lan padha diluwari.

69Gusti Allah maringi Juru Slamet sing kwasa marang kita, yakuwi turuné Sang Prabu Dawud, abdiné.

70Gusti Allah dhèk biyèn wis janji, lumantar nabiné kang suci,

71yèn kita bakal diluwari saka tangané mungsuh-mungsuh kita lan saka pangwasané wong sing padha sengit marang kita.

72Supaya srana mengkono Panjenengané ngetingalaké sih-kadarmané marang para leluhur kita, sarta netepi janjiné sing suci.

73(1:73-74) Gusti Allah wis supaos marang leluhur kita Abraham, lan wis janji arep ngluwari kita saka mungsuh kita, supaya kita bisa ngabekti marang Panjenengané, tanpa rasa wedi,

74(1:73)

75ing sajroning kasucèn lan kabeneran ana ing ngarsané, selawasé urip kita.

76Déné kowé, enggèr anakku, kowé bakal disebut nabiné Gusti Allah sing Mahaluhur. Kowé diutus déning Gusti Allah minangka utusan sing ndhisiki tindaké, prelu nyawisaké dalan kagem Panjenengané,

77sarta nuduhaké marang umaté, yèn umat mau bakal dislametaké, srana pangapuraning dosa sing bakal diparingaké marang umat mau.

78Pangéran Allah kita kuwi loma, sarta akèh sih-piwelasé; Panjenengané bakal rawuh ngluwari kita. Padha kaya srengéngé mlethèk ing wayah ésuk,

79mengkono Panjenengané bakal madhangi marang saben wong, sing padha urip ana ing pepetenging dosa lan tansah krasa wedi. Gusti Allah nuntun kita marang dalaning katentreman."

80Anaké Imam Zakharia mau saya mundhak gedhé lan jiwané saya santosa. Bocah mau manggoné ana ing ara-ara samun, nganti tekan dina madegé dadi nabi ana ing Israèl.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel