Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 14 >> 

1Ing sawijining dina Sabbat, Gusti Yésus tindak arep dhahar ing omahé wong Farisi sing misuwur. Wong sing ana ing kono kabèh padha ngulataké Gusti Yésus.

2Banjur ana wong sing tangan lan sikilé abuh, marek ing ngarsané Gusti Yésus.

3Gusti Yésus nuli ndangu marang para ahli Torèt lan wong-wong Farisi: "Kitab Torèt marengaké wong lara diwarasaké ana ing dina Sabbat apa ora?"

4Sing padha didangu ora mangsuli. Gusti Yésus nuli ngasta wong sing lara mau, banjur diwarasaké, sarta didhawuhi lunga.

5Panjenengané banjur ngandika marang para ahli Torèt lan wong Farisi mau: "Menawa ing antaramu ana wong sing duwé anak utawa sapi, sing pinuju dina Sabbat kacemplung ing sumur, apa wong mau ora énggal-énggal ngentasaké anaké utawa sapiné mau ing dina Sabbat kuwi uga?"

6Nanging para ahli Torèt lan wong Farisi mau ora ana sing bisa mangsuli.

7Gusti Yésus pirsa ana tamu sawetara sing milih papan lungguh ana ing ngarep dhéwé. Mulané Panjenengané nuli ngandika mengkéné:

8"Menawa kowé diulemi jagong mantèn, kowé aja linggih ing papan sing ana ngarep dhéwé, awit mbokmenawa sing duwé gawé wis ngulemi wong sing luwih diajèni tinimbang kowé.

9Supaya wong sing ngulemi kowé mau ora akon kowé: ‘Kula aturi pindhah saking ngriki, awit papan menika kasediyakaken kanggé tamu sanès.’ Yèn mengkono, apa kowé ora kewirangan, lan kepeksa lungguh ing papan sing asor dhéwé?

10Mulané, yèn kowé diulemi jagong, padha lungguha ing papan sing asor dhéwé, supaya sing duwé gawé marani kowé lan muni: ‘Mangga, kula aturi lenggah ing ngajeng.’ Temahan kowé katon enggonmu kajèn ana ing ngarepé para tamu liyané.

11Sebab sapa sing ngluhuraké awaké dhéwé, kuwi bakal diasoraké, lan sing sapa ngasoraké awaké, kuwi bakal diluhuraké."

12Gusti Yésus nuli ngandika marang wong sing ngulemi Panjenengané: "Yèn kowé ngulemi mangan, awan utawa bengi, aja mung ngulemi kanca-kancamu utawa sedulur-sedulurmu, utawa sanak-kadangmu, utawa tangga-teparomu sing sugih. Awit wong-wong mau bakal males gentèn ngulemi kowé. Lan srana mengkono kowé wis nampa piwalesé penggawému.

13Nanging yèn kowé nganakaké pésta, ngulemana wong sing mlarat, wong cacad lan wong lumpuh apa déné wong wuta,

14lan kowé bakal nampa berkah; sebab wong-wong mau ora bakal males apa-apa marang kowé. Kowé bakal nampa opahmu saka Pangéran, mbésuk samangsa wong mursid padha katangèkaké."

15Krungu pangandikané Gusti Yésus sing mengkono mau, nuli ana sawijining tamu sing matur: "Saiba begjanipun tiyang-tiyang ingkang kepareng tumut nedha wonten ing Kratonipun Allah!"

16Gusti Yésus banjur paring pasemon mengkéné: "Ana wong nganakaké pésta gedhé, sarta ngulemi wong akèh.

17Ngarepaké pésta mau diwiwiti, wong mau ngutus utusan-utusan marani wong-wong sing padha diulemi, karo matur: ‘Sami kula aturi rawuh, awit samukawis sampun cumawis.’

18Nanging wong kabèh sing padha diulemi mau siji-siji padha nyuwun dipamitaké waé. Wong sing sepisan muni karo utusan mau: ‘Aku lagi waé tuku palemahan, saiki aku arep lunga ndeleng palemahan mau. Suwunna pamit waé, awit aku ora bisa teka.’

19Wong liyané muni: ‘Aku lagi tuku sapi limang rakit. Saiki aku arep mrana, njajal sapi-sapi mau kanggo nyambut-gawé. Dadi aku suwunna pamit waé, awit aku ora bisa teka!’

20Uleman liyané menèh muni: ‘Aku lagi waé dadi mantèn, mulané aku ora bisa teka.’

21Wong sing diutus mau nuli bali sarta matur marang bendarané bab kuwi mau kabèh. Ngrungu aturé utusan, bendarané mau duka banget, banjur ngandika: ‘Saiki énggal-énggal padha lungaa menyang dalan-dalan lan lurung-lurung ing kutha, sarta jaken mréné kabèh wong miskin, wong cacad, wong wuta lan wong lumpuh.’

22Ora let suwé abdi mau nuli bali sarta matur marang bendarané: ‘Dhawuh panjenengan sampun kawula lampahi, éwasemanten papanipun taksih tirah kathah.’

23Bendarané mau nuli dhawuh: ‘Lungaa menyang dalan-dalan njaba kutha, lan angger wong ulemana teka ing pahargyan, supaya omahku kebak.

24Ngandela, wong sing padha dakulemi dhisik mau siji waé ora ana sing bakal mèlu ngrasakaké suguhanku.’"

25Nalika ana wong akèh padha gumrudug ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus, Panjenengané minger sarta ngandika:

26"Sing sapa arep dadi murid-Ku, kudu gelem kélangan bapakné, ibuné, bojoné, anak-anaké, sedulur-seduluré lanang lan wadon, malah iya kudu kélangan awaké dhéwé.

27Sing sapa ora manggul salibé dhéwé lan ngetutaké Aku, ora bisa dadi murid-Ku.

28Yèn ing antaramu ana wong ngrancang arep ngedegaké menara, wong kuwi luwih dhisik kudu ngétung, pira bakal ragadé menara mau, supaya ngerti dhuwité cukup apa ora kanggo ngragadi sarampungé.

29Yèn ora mengkono, wong mau sawisé gawé pondhasi, jebul ora bisa ngrampungaké menarané. Temahan saben wong sing weruh, bakal padha nggeguyu wong mau,

30sarta muni: ‘Wong kuwi bisa wiwit mbangun, nanging ora bisa ngrampungaké.’

31Yèn ana ratu sing duwé prejurit saleksa arep perang merga dilurug ratu liyané sing duwé prejurit rong leksa, apa ratu sing kasebut dhisik mau ora arep mikir-mikir, apa wadyabalané cukup kanggo nglawan mungsuhé?

32Yèn cetha ora kuwat, ratu mau kudu ngutus utusan methukaké ratu sing nglurug, nyuwun pirsa sarat-saraté bedhamèn, mumpung mungsuh mau durung tekan kono."

33Gusti Yésus nuli mungkasi pangandikané mengkéné: "Semono uga wong bisa dadi murid-Ku, mung yèn gelem kélangan sabarang-darbèké."

34"Uyah kuwi pancèn prayoga, nanging menawa ilang rasané, kepriyé bisané mulihaké asiné?

35Uyah mau wis ora ana gunané, senajan tumrap lemah utawa kanggo rabuk pisan. Apiké mung dibuwang. Sing sapa duwé kuping padha ngrungokna!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel