Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 16 >> 

1Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: "Ana wong sugih duwé Juru-gedhong. Wong sugih mau nampa wadulan yèn juru-gedhongé ngebrèh-ebrèh barangé bendarané.

2Mulané nuli diundang lan dikandhani mengkéné: ‘Aku krungu bab tumindakmu sing ora bener. Saiki kowé gawéa lapuran bab mlebu metuné bandha sing dakprecayakaké marang kowé. Wiwit saiki kowé daklèrèni enggonmu dadi juru-gedhongku.’

3Wong mau nuli mikir: ‘Yèn aku dilèrèni, banjur aku arep nyambut-gawé apa? Macul, aku ora kuwat, mangka ngemis aku isin.

4Beciké ngéné waé. Yèn aku dilèrèni, aku kudu duwé mitra akèh sing gelem ngukup aku ana ing omahé!’

5Juru-gedhong mau nuli ngundangi saben wong sing duwé utang karo bendarané. Wong sing kapisan ditakoni: ‘Utangmu marang bendaraku pira!’

6Wangsulané sing ditakoni: ‘Lisah zaitun satus drum.’ Juru-gedhong mau nuli kandha marang sing utang mau: ‘Wis iki layangmu utang. Saiki linggiha, gawéa layang utang liyané, lan énggal tulisen sèket drum.’

7Wong sing kapindho ditakoni: ‘Lha kowé utangmu pira?’ Wangsulané wong mau: ‘Gandum satus rembat.’ Juru-gedhong nuli kandha: ‘Enya iki layangmu utang. Gawéa layang utang liyané. Tulisen: wolung puluh pikul.’

8Juru-gedhong mau dialem déning bendarané, merga duwé akal sing mengkono mau, sebab wong kadonyan mono yèn ngurus apa-apa, akalé ngungkuli para wong mursid."

9Gusti Yésus nuli ngandika: "Tembungku iki rungokna. Bandha kadonyan kuwi enggonen golèk mitra, supaya yèn bandha mau entèk, kowé banjur ditampani ana ing omah sing langgeng.

10Sing sapa tumemen marang prekara sing cilik, wong kuwi uga kena diprecaya ing prekara sing gedhé. Nanging sing sapa ora tumemen ing prekara sing cilik, wong kuwi iya ora tumemen ing prekara sing gedhé.

11Dadi yèn kowé ora tumemen tumrap bandha kadonyan iki, sapa sing bakal mitayakaké marang kowé bandha kaswargan?

12Lan menawa kowé ora tumemen tumrap barangé wong liya, sapa sing arep mènèhaké barangmu marang kowé?

13Ora ana wong sing bisa ngrangkep ngladèni bendara loro. Sebab wong mau bakal sengit marang bendara sing siji, lan nresnani marang bendara sijiné, utawa setya marang bendara sing siji, lan ngrèmèhaké marang bendara sijiné. Kowé ora bisa ngawula marang Gusti Allah lan uga ngawula marang Mamon."

14Wong Farisi padha krungu apa sing dingandikakaké déning Gusti Yésus mau kabèh, mulané padha mèncep, sebab wong-wong mau padha karem bandha.

15Nanging Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: "Ana ing ngarepaning manungsa kowé padha bisa kandha yèn kowé kuwi bener, nanging Gusti Allah pirsa apa sing ana ing jeroné atimu. Sebab apa sing dianggep pinunjul déning manungsa, kuwi dianggep asor ana ing ngarsané Gusti Allah.

16Angger-anggering Torèt lan Kitab-kitabé para nabi kuwi mung kanggo nganti tekan jamané Nabi Yohanes Pembaptis, wiwit wektu kuwi Injil Kratoné Allah diwartakaké ana ing ngendi-endi. Lan wong padha ngudi supaya bisa padha dadi umat ing Kratoné Allah mau.

17Langit lan bumi kuwi luwih gampang olèhé sirna, ketimbang karo batalé titik siji waé ing Angger-anggering Torèt.

18Saben wong sing megat bojoné, banjur rabi liyané, kuwi dadi laku jina; lan wong lanang sing ngrabèni wong wadon sing dipegat mau, kuwi iya laku jina."

19"Ana wong sugih sing tansah menganggo sarwa éndah, uripé sedina-dina méwah.

20Lan ana wong ngemis jenengé Lasarus. Lasarus mau awaké sekojur gudhigen, nglésod ana ing régoling omahé wong sugih mau.

21Karepé supaya diparingi mangan sisané, lorodan saka méjané wong sugih mau. Nanging malah diparani asu-asu sing nuli ndilati boroké Lasarus.

22Ora wetara suwé Lasarus mati, nuli nyawané digawa déning malaékat menyang swarga, cedhak Rama Abraham. Wong sugih mau uga mati, lan dikubur.

23Ana ing kono wong sugih mau nandhang sangsara luwih banget. Bareng ndeleng mendhuwur, wong sugih mau weruh Rama Abraham saka kadohan, lan Lasarus ana ing sisihé.

24Wong sugih mau nuli nguwuh: ‘Dhuh, Rama Abraham! Mugi kersa melasi kula. Kersaa ngutus Lasarus nyelupaken drijinipun wonten ing toya lan nètèsaken toya wau wonten ing ilat kula, supados asrep. Kula nandhang sangsara sanget wonten ing latu murub menika!’

25Nanging Rama Abraham mangsuli: ‘Élinga nggèr, nalika urip ana ing donya kowé wis nampani samubarang sing sarwa becik, mangka Lasarus mung nampani sing sarwa ora kepénak. Saiki gentèn Lasarus nèngkéné kepénak, lan kowé nandhang ora kepénak.

26Kejaba saka kuwi, ing antarané aku lan kowé ana jurang sing ora kena diliwati, supaya wong saka kéné ora bisa mrono, lan wong saka kono ora bisa mréné.’

27Wong sugih mau nuli matur: ‘Menawi mekaten, Rama, kula nyuwun kanthi sanget kersaa Rama ngutus Lasarus dhateng griyanipun bapak kula.

28Sebab kula taksih gadhah sedhèrèk gangsal. Mugi-mugi sedhèrèk-sedhèrèk kula wau mbénjing mboten sami mlebet ing papan kasangsaran menika.’

29Nanging Rama Abraham mangsuli: ‘Sedulur-sedulurmu kuwi rak wis padha duwé kitab-kitabé Nabi Musa lan para nabi! Yakuwi sing kudu padha diturut!’

30Éwasemono wong sugih mau isih nyambungi: ‘O, Rama, menika mboten cekap. Nanging menawi wonten tiyang pejah ingkang gesang malih lan murugi sedhèrèk-sedhèrèk kula wau, temtu para sedhèrèk kula lajeng sami badhé mratobat.’

31Nanging Rama Abraham mangsuli menèh: ‘Menawa sedulur-sedulurmu ora padha gelem ngrungokaké piwulangé Nabi Musa lan para nabi liyané, mesthi iya ora bakal padha precaya, senajan ana wong mati tangi saka ing pakuburan lan ngandhani wong-wong mau.’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel