Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 2 >> 

1Nalika semana Kaisar Agustus paring dhawuh, supaya para kawulaning Krajan Rum kabèh padha nyathetaké jenengé, lan diétung cacahé.

2Cacah jiwa sing kapisan kuwi ditindakaké nalika Kirénius dadi gubernur ing tanah Siria.

3Wong kabèh banjur padha mangkat ndhaftaraké jenengé ing kutha asalé dhéwé-dhéwé.

4Yusuf iya nuli mangkat saka kutha Nasarèt ing tanah Galiléa, menyang kutha Bètléhèm, ing tanah Yudéa. Bètléhèm kuwi kutha kelairané Sang Prabu Dawud. Mangka Yusuf kuwi tedhak-turuné Sang Prabu Dawud.

5Lungané Yusuf mau bebarengan karo Maryam, pacangané, sing lagi ngandheg.

6Nalika wong loro mau tekan ing kutha Bètléhèm, Maryam enggoné ngandheg wis tekan wektuné babaran.

7Maryam nuli mbabar putra kakung, putra pembarep. Putra mau nuli digedhong, banjur disèlèhaké ana ing wadhah pakan kéwan, jalaran Yusuf lan Maryam padha ora olèh panggonan ana ing omah penginepan.

8Ing daérah kono wengi kuwi ana pangon-pangon sing lagi padha nginep ana ing ara-ara, njaga wedhusé.

9Dumadakan ana Malaékating Pangéran jumeneng ana ing sacedhaké, lan cahya kamulyaning Pangéran madhangi wong-wong mau, nganti padha wedi banget.

10Nanging malaékat mau ngandika: "Aja wedi, sebab tekaku iki nggawa kabar becik kanggo kowé, lan sing bakal mbungahaké wong kabèh.

11Ing dina iki wis miyos Juru Slametmu ana ing kuthané Sang Prabu Dawud, yakuwi Sang Kristus kang jumeneng Gusti.

12Déné tengerané mengkéné: Kowé bakal weruh bayi sing digedhong, sumèlèh ana ing wadhah pakaning kéwan."

13Dumadakan mbarengi malaékat mau ana malaékat akèh banget, padha memuji marang Gusti Allah, tembungé:

14"Pinujia Allah kang ana ing ngaluhur! Lan tentrem rahayu ana ing bumi tumrap wong sing dikasihi déning Gusti Allah!"

15Sakonduré para malaékat mau menyang swarga, para pangon nuli padha rerasanan: "Ayo padha mangkat menyang kutha Bètléhèm lan ndeleng apa sing wis kelakon ana ing kana, kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah marang kita."

16Para pangon mau nuli énggal-énggal padha mangkat, lan ketemu Maryam lan Yusuf, sarta Sang Bayi, sing sumèlèh ana ing wadhah pakan kéwan.

17Bareng weruh bayi kuwi, para pangon nuli padha nyritakaké apa sing dingandikakaké déning malaékat bab Sang Bayi mau.

18Kabèh wong sing padha krungu critané para pangon mau padha gumun banget.

19Nanging Maryam nyathet kuwi mau kabèh ana ing atiné, sarta dirasak-rasakaké, apa tegesé kuwi mau kabèh.

20Para pangon mau nuli padha bali, sarta ngluhuraké Gusti Allah srana puji-pujian, sebab apa sing dirungu lan dideleng mau kabèh cocog banget karo sing dingandikakaké déning malaékat.

21Sawisé umur wolung dina, Sang Bayi nuli ditetaki, lan ditetepaké asmané: Yésus, yakuwi jeneng sing dingandikakaké malaékat marang Maryam, sadurungé ngandheg Sang Bayi mau.

22Bareng wis tekan wektuné, Yusuf lan Maryam nuli nindakaké upacara miturut prenataning agama sing kadhawuhaké déning Nabi Musa. Sang Bayi banjur digawa menyang Yérusalèm, arep disaosaké marang Pangéran.

23Awit ana tulisan ing Kitab Suci, sing uniné mengkéné: "Kabèh anak lanang mbarep kudu kapiji kagem Gusti Allah."

24Déné enggoné Yusuf lan Maryam padha lunga menyang kutha Yérusalèm kuwi uga arep nyaosaké kurban, yakuwi manuk dara sajodho, utawa piyik dara loro, miturut dhawuh prenatané Allah ing Kitab Suci.

25Nalika semana ing kutha Yérusalèm ana wong jeneng Siméon, wong mursid, sing ngabekti marang Pangéran, lan nganti-anti, mbésuk kapan Gusti Allah enggoné paring keslametan marang bangsa Israèl. Siméon kuwi wong sing kapenuhan ing Roh Suci,

26lan kaparingan wangsit déning Roh Suci, yèn ora bakal mati, sadurungé weruh Sang Mèsiah, sing dijanjèkaké déning Pangéran.

27Saka panuntuning Sang Roh Suci mau, Siméon mlebu ing Pedalemané Allah, nalika Yusuf lan Maryam nggawa Sang Bayi iya mlebu ing Pedalemané Allah arep disaosaké marang Pangéran, manut prenatané agama Yahudi.

28Siméon banjur nyandhak Sang Bayi mau, dibopong klawan memuji marang Pangéran:

29"Dhuh Pangéran, samenika Paduka sampun netepi janji. Keparenga samenika abdi Paduka tilar-donya klawan tentrem.

30Awit mripat kawula sampun ningali piyambak Juru Wilujeng peparing Paduka.

31Ingkang Paduka cawisaken kanggé kawilujenganipun sedaya bangsa:

32kados pepadhang ingkang madhangi marginipun bangsa-bangsa sanès, supados sami sowan dhateng Paduka. Inggih menika pepadhang, ingkang njalari umat Paduka Israèl dipun urmati déning para bangsa."

33Yusuf lan Maryam padha gumun, krungu apa sing diucapaké déning Siméon bab Bayi mau.

34Siméon nuli mberkahi Yusuf, Maryam lan Sang Bayi mau, lan kandha marang Maryam: "Bocah iki dikersakaké déning Pangéran, dadi jalarané tiba lan tanginé wong akèh ing Israèl, lan dadi pratandha saka Pangéran, sing bakal dibantah déning wong akèh.

35Srana mengkono bakal kabukak wewadi-wewadi sing sumimpen ana ing atiné wong akèh. Kowé dhéwé bakal ngrasakaké sedhih, nganti atimu kaya tinuwek déning pedhang sing landhep."

36Ing kono uga ana nabi wadon sing wis tuwa banget, jenengé nabi mau Hanna, anaké Fanuèl, saka taler Asyèr. Sawisé kawin pitung taun lawasé,

37Hanna mau dadi randha. Umuré saiki wis wolung puluh papat taun. Hanna presasat ora tau mingsed saka Pedalemané Allah. Ana ing kono Hanna mau rina wengi ngabekti marang Gusti Allah, klawan ndedonga lan pasa.

38Nalika Hanna mau iya teka ing Pedalemané Allah, banjur memuji marang Gusti Allah, sarta nyritakaké bab Sang Bayi mau marang wong kabèh, sing uga padha nganti-anti mbésuk kapan Gusti Allah enggoné arep ngluwari kutha Yérusalèm.

39Sawisé ngrampungaké sakèhing kuwajiban manut dhawuhé Gusti Allah, Yusuf lan Maryam nuli mulih menyang kutha Nasarèt, ing tanah Galiléa.

40Sang Bayi saya mundhak gedhé lan rosa, dadi Putra sing wicaksana, sarta diberkahi déning Gusti Allah.

41Rama lan ibuné Gusti Yésus saben taun padha menyang kutha Yérusalèm, prelu netepi prenatané Riaya Paskah.

42Bareng Gusti Yésus wis yuswa rolas taun, Panjenengané uga diajak.

43Sarampungé kraméan Paskah, Yusuf lan Maryam nuli mulih, nanging Gusti Yésus isih kantun ana ing kutha Yérusalèm. Wong tuwané padha ora ngerti,

44jalaran Gusti Yésus dikira wis kondur dhisik, bareng karo wong-wong. Sawisé mlaku sedina muput, wong tuwané nuli nggolèki Gusti Yésus ana ing antarané sanak-kadang lan para tepungané.

45Nanging meksa padha ora bisa nemokaké putrané. Mulané Yusuf lan Maryam banjur padha bali menèh menyang ing kutha Yérusalèm, karo terus nggolèki.

46Sawisé enggoné nggolèki olèh telung dina, Sang Putra lagi ketemu, tibaké ana ing Pedalemané Allah, ana ing satengahé para alim-ulama, ngrungokaké piwulangé para alim-ulama mau lan ngajokaké pitakonan-pitakonan.

47Kabèh wong sing padha krungu enggoné Gusti Yésus ngandika, padha gumun banget marang kapinterané sajroné mangsuli para alim-ulama.

48Uga rama lan ibuné padha gumun banget. Maryam kandha: "Nggèr, yagéné kowé kokgawé répoté bapak lan ibumu? Olèhku padha nggolèki kowé nganti uwas atiku."

49Aturé Gusti Yésus: "Kénging menapa rama lan ibu madosi kula? Menapa mboten pirsa, bilih kula kedah wonten ing dalemipun Rama kula?"

50Rama lan ibuné ora nyandhak tegesé wangsulané Gusti Yésus mau.

51Sawisé kuwi Gusti Yésus ndhèrèk rama lan ibuné kondur menyang kutha Nasarèt. Panjenengané tansah mbangun-turut marang panggulawenthahé rama lan ibuné. Déné Maryam, ibuné, nyathet prekara kuwi mau kabèh ana ing atiné.

52Gusti Yésus saya mundhak gedhé lan mundhak wicaksana. Semono uga saya kinasihan ing Allah lan manungsa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel