Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 20 >> 

1Sawijining dina Gusti Yésus memulang, martakaké Injil marang wong akèh ana ing Pedalemané Allah. Para pengareping imam, para ahli Torèt lan panuntuné bangsa Yahudi padha sowan,

2sarta matur marang Gusti Yésus: "Guru, Panjenengan kersaa maringi ketrangan, saking pundi wewenang Panjenengan nindakaken sedaya prekawis menika? Sinten ingkang nyukani wewenang dhateng Panjenengan?"

3Gusti Yésus ngandika: "Aku uga kepéngin takon marang kowé. Coba kandhaa,

4sapa sing mènèhi wewenang marang Nabi Yohanes mbaptisi wong, Gusti Allah apa manungsa?"

5Wong-wong mau nuli padha rembugan. Sing siji kandha karo sijiné: "Kepriyé enggon kita arep mangsuli? Yèn kita kandha: ‘Saking Gusti Allah,’ Panjenengané bakal ngandika: ‘Yèn mengkono yagéné kowé padha ora precaya marang Nabi Yohanes?’

6Nanging yèn kita kandha: ‘Saking manungsa’, kita bakal dibalangi watu déning wong akèh iki, sebab wong kuwi kabèh nganggep Yohanes kuwi nabi."

7Dadi wong-wong mau nuli padha mangsuli marang Gusti Yésus: "Kula mboten ngertos."

8Mulané Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Yèn mengkono, kowé iya ora Dakkandhani, saka ngendi asalé wewenang-Ku nindakaké iki mau kabèh."

9Gusti Yésus maringi pasemon marang wong-wong mau mengkéné: "Ana wong duwé kebon anggur. Kebon mau diséwakaké marang wong tani sawetara. Sing duwé kebon mau nuli lunga adoh, lan manggon ana ing kana nganti suwé.

10Bareng wis wektuné ngundhuh, sing duwé kebon mau kongkonan baturé nemoni wong-wong sing padha nggarap kebon, njaluk bagéané saka asilé. Nanging wong sing dikongkon mau dipenthungi déning wong sing padha nggarap, lan kongkonan kuwi bali tanpa nggawa apa-apa.

11Wong sing duwé kebon mau banjur kongkonan menèh batur liyané; nanging kongkonan kuwi iya dipenthungi, disepèlèkaké lan disewenang-wenang déning para penggarap, lan dikon bali tanpa nggawa apa-apa.

12Sing duwé kebon mau kongkonan batur menèh sing kaping teluné. Nanging kongkonan kuwi uga dipenthungi, nuli dibuwang ing sanjabané kebon.

13Pungkasané sing duwé kebon mau mikir: ‘Saiki beciké kepriyé? Aku dakkongkonan anakku dhéwé, sing dakkasihi. Mesthiné wong-wong kuwi bakal padha éring marang anakku!’

14Nanging tan kocapa, bareng para penggarap mau weruh anaké sing duwé kebon teka, nuli padha sarembug mengkéné: ‘Anaké sing duwé kebon iki beciké dipatèni waé, supaya kita olèh warisané!’

15Wong-wong mau nuli nyèrèd anaké sing duwé kebon mau ana ing sanjabané kebon, nuli dipaténi." Gusti Yésus nuli ndangu marang wong-wong sing lagi padha ngrungokaké: "Saiki para penggarap mau bakal dikapakaké déning wong sing duwé kebon?

16Wis mesthi wong sing duwé kebon anggur bakal teka lan numpes para penggarap, sarta nyéwakaké kebon angguré marang wong liya." Bareng krungu pangandikané Gusti Yésus mengkono mau, wong sing padha ngrungokaké nuli padha matur: "Ingkang mekaten menika mboten badhé kelampahan!"

17Gusti Yésus mirsani marang wong-wong mau, sarta ngandika: "Yèn mengkono apa tegesé ayat iki: ‘Watu sing ditampik déning para ahli gawé omah, merga dianggep ora ana gunané, jebul kuwi watu sing ketitik becik dhéwé.’

18Sing sapa tiba ing watu mau, bakal ajur mumur, lan sing sapa ketiban watu kuwi, bakal remuk dadi lebu."

19Para ahli Torèt lan para pengareping imam ngerti yèn pasemon mau ditujokaké marang dhèwèké. Mulané padha kepéngin nyekel Gusti Yésus sanalika iku uga, nanging padha wedi marang wong akèh.

20Niyaté mau banjur diwurungaké, ngentèni wektu sing becik. Wong-wong mau nuli padha mbeseli wong séwan sawetara, dikongkon éthok-éthok tumindak kaya wong mursid lan ngajokaké pitakonan-pitakonan marang Gusti Yésus, kanggo nyengkolong Panjenengané, temah olèh alasan kanggo nyekel, supaya ditahan déning Gubernur.

21Wong-wong séwan nuli matur marang Gusti Yésus: "Guru, kula mangertos bilih menapa ingkang Panjenengan ngendikakaken lan Panjenengan wucalaken menika sedaya leres. Kula inggih sami mangertos bilih Panjenengan menika mboten ngéloni sinten-sinten, sarta ngemungaken mucalaken menapa ingkang dados kersanipun Gusti Allah tumrapipun manungsa.

22Samenika kula badhé nyuwun pirsa: Manut agami kita, mbayar pajeg dhateng Kaisar ing Rum menika kénging menapa mboten?"

23Gusti Yésus ora kekilapan marang kajuligané wong mau, mulané banjur ngandika:

24"Aku tuduhana dhuwit pérak. Ing kono ana gambaré sapa lan ana tulisané apa?" Wangsulané sing padha didangu: "Gambaripun lan seratanipun Kaisar!"

25Pangandikané Gusti Yésus: "Yèn mengkono, caosna marang Kaisar apa sing dadi kagungané Kaisar, lan caosna marang Gusti Allah apa sing dadi kagungané Gusti Allah."

26Srana mengkono ketitik yèn wong-wong séwan mau ora bisa nyengkolong Gusti Yésus ana ing ngarepaning wong akèh. Wong-wong mau padha blangkemen sarta kaéraman.

27Ana wong Saduki sawetara, yakuwi wong-wong sing padha ora precaya marang petangèné wong mati, padha sowan marang Gusti Yésus. Wong mau padha takon:

28"Guru, Nabi Musa sampun maringi angger-angger dhateng kita sedaya, mekaten: ‘Menawa ana wong duwé sedulur lanang tinggal-donya, mangka ora ninggal anak, nanging randhané isih urip, seduluré mau wajib ngrabèni randha sing ditinggal mati mau, supaya bisa nukulaké turun kanggo sing tinggal-donya mau.’

29Kelampahan wonten tiyang pitu sasedhèrèk. Ingkang mbajeng émah-émah, nanging lajeng tilar-donya, tanpa nilar anak.

30Randhanipun lajeng dipun ningkah déning adhinipun, inggih menika anak ingkang nomer kalih.

31Lajeng kaningkah ugi déning ingkang nomer tiga. Mekaten salajengipun ngantos tiyang pitu sasedhèrèk wau sampun naté ningkah kaliyan tiyang èstri wau, nanging sami pejah lan mboten nilar anak.

32Wekasanipun tiyang èstri wau inggih lajeng pejah.

33Lajeng kados pundi menggah tiyang èstri menika mbénjing ing dinten petangènipun tiyang pejah? Piyambakipun lajeng dados sémahipun sinten? Sebab tiyang jaler pitu sasedhèrèk wau sedaya sampun naté neningkahan kaliyan piyambakipun."

34Gusti Yésus ngandika: "Wong lanang lan wong wadon sing padha urip ing donya kéné padha neningkahan,

35nanging wong lanang lan wong wadon sing tinemu pantes ditangèkaké saka ing pati, lan urip ing jaman kalanggengan, kuwi padha ora omah-omah.

36Kaanané mau kaya malaékat, sebab wong-wong mau ora padha mati menèh. Wong-wong mau padha dadi putrané Allah, merga wis padha ditangèkaké.

37Nabi Musa dhéwé nyebutaké klawan cetha yèn wong mati bakal katangèkaké menèh. Ing tulisané, sing nyebutaké bab grumbul eri sing murub kuwi, panjenengané nyebut Gusti Allah ‘Allahé Abraham, Iskak lan Yakub.’

38Gusti Allah kuwi dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip! Sebab tumrapé Gusti Allah, wong-wong kuwi mau kabèh padha urip."

39Ana para ahli Torèt sawetara sing matur: "Wangsulan Panjenengan menika saé sanget, Guru."

40Sebab wong-wong mau wis ora wani takon apa-apa menèh marang Gusti Yésus.

41Gusti Yésus ndangu marang wong-wong mau: "Kepriyé déné wong kokbisa ngarani Sang Kristus kuwi tedhaké Sang Prabu Dawud?

42Mangka Sang Prabu Dawud dhéwé ana ing Kitab Masmur ngandika mengkéné: ‘Dhawuhé Pangéran marang Gustiku: Sira lenggaha ana ing tengen-Ku.

43Nganti tekan wektuné mungsuhmu padha Daktelukaké marang kowé.’

44Menawa Sang Prabu Dawud nyebut Panjenengané ‘Gusti’, kepriyé déné Sang Mèsias kuwi uga dadi tedhaké?"

45Nalika wong kabèh isih padha ngrungokaké, Gusti Yésus ngandika marang sekabaté:

46"Padha diawas karo para ahli Torèt. Wong-wong kuwi padha seneng nganggo jubah landhung lan seneng diurmati déning wong-wong ana ing pasar-pasar. Wong-wong kuwi padha seneng milih papan sing kajèn ana ing pésta-pésta.

47Wong-wong iki padha ngrampas omahé randha-randha, banjur mamèraké kamursidané srana ndedonga nganti suwé banget. Wong-wong mau mesthi bakal diukum luwih déning abot."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran