Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 24 >> 

1Ing dina Minggu ing wayah ésuk umun-umun, wong-wong wadon mau padha lunga menyang pesaréan, karo nggawa reracikan sing arep kanggo mborèhi layoné Gusti Yésus.

2Bareng wis tekan pesaréan padha weruh, yèn watu sing kanggo nutupi pesaréané wis ngglimpang saka ing panggonané.

3Wong-wong wadon mau nuli padha mlebu ing pesaréan, nanging layoné wis ora ana.

4Nalika isih padha ngadeg ana ing kono lan bingung ngrasakaké kaanan mau, dumadakan ana priya loro, nganggo sandhangan mengkilap, ngadeg ana ing sacedhaké.

5Wong-wong wadon mau padha wedi banget, banjur sumungkem ana ing lemah. Priya loro mau nuli padha ngandika: "Yagéné kowé padha nggolèki Panjenengané kang gesang, ana ing antarané wong mati?

6Panjenengané ora ana ing kéné, wis wungu! Padha élinga pangandikané marang kowé, nalika Panjenengané isih ana ing tanah Galiléa,

7pangandikané: ‘Putraning Manungsa wis pinesthi diulungaké marang tanganing wong dosa, banjur bakal disalib, lan sawisé kuwi nuli ing telung dinané bakal tangi menèh.’"

8Wong-wong wadon mau nuli padha kèlingan marang pangandikané Gusti Yésus mau.

9Satekané saka pesaréan nuli padha nyritakaké lelakon kuwi mau kabèh marang para muridé Gusti Yésus.

10Wong-wong wadon sing padha nyritakaké lelakon mau yakuwi: Maryam Magdaléna, Yohana lan Maryam ibuné Yakobus, lan wong wadon liyané sing padha bebarengan karo wong-wong mau.

11Nanging para rasul padha ora ngandel marang critané wong-wong kuwi, dianggep mung gawé-gawé.

12Pétrus nuli lunga rerikatan menyang pesaréan. Bareng nginguk menjero, mung weruh ulesé mori thok sing ana ing kono. Saka gumuné, Pétrus mung mlongo, nuli mulih lan mikir-mikir, apa kira-kira sing mentas kelakon ana ing pesaréan kono.

13Ing dina kuwi ana sekabaté Gusti Yésus loro sing lagi mlaku menyang désa Émaus. Désa Émaus kuwi adohé kira-kira rolas kilomèter saka kutha Yérusalèm.

14Karo mlaku wong loro mau padha ngrembug bab sing mentas kelakon.

15Sajroné isih padha guneman mau Gusti Yésus piyambak rawuh lan mbarengi lakuné.

16Wong loro mau padha weruh Gusti Yésus, nanging embuh apa sebabé padha pangling karo Panjenengané.

17Gusti Yésus banjur ngandika: "Kowé kuwi lagi padha ngrembug apa?" Wong loro mau nuli padha mandheg lan katon sedhih.

18Sing siji, sing jeneng Kléopas, mangsuli: "Kula kinten namung Panjenengan piyambak, tiyang manca ing kitha Yérusalèm, ingkang mboten mangertos kedadosan-kedadosan ingkang mentas kelampahan, ing salebetipun sawetawis dinten menika."

19Pangandikané Gusti Yésus: "Kuwi lelakon apa?" Aturé sing didangu: "Menika lelampahanipun Gusti Yésus, saking kitha Nasarèt, nabi ingkang kwaos sanget ing pendamel lan ing piwucal, sarta tiyang ingkang kajèn wonten ing ngarsanipun Gusti Allah lan ing antawisipun manungsa.

20Para pengajenging imam tuwin para pengajenging bangsa kita sami ndhawahaken paukuman pejah dhateng nabi wau, lajeng dipun salib.

21Mangka kula sedaya rumiyin gadhah pengajeng-ajeng, bilih Panjenenganipun menika ingkang badhé ngluwari bangsa Israèl! Dinten menika sampun tigang dintenipun prekawis wau sedaya kedadosan.

22Namung kémawon lajeng wonten cariyos, ingkang dipun cariyosaken déning tiyang èstri sawetawis panunggilan kita, ingkang damel kula sami kagèt sanget. Énjing wau nalika taksih umun-umun, tiyang-tiyang èstri wau sami dhateng pesaréan,

23nanging wonten ing ngriku layonipun Gusti Yésus mboten wonten. Lajeng sami wangsul, lan sanjang, bilih sami sumerep malaékat kalih. Malaékat-malaékat menika sami ngandika, bilih Gusti Yésus menika sampun wungu saking séda.

24Nunten wonten kanca kula sawetawis ingkang sami dhateng pesaréan, lan neksèni bilih menapa ingkang dipun cariyosaken déning tiyang-tiyang èstri menika pancèn leres mekaten, nanging kanca-kanca wau mboten sami sumerep piyambak."

25Gusti Yésus nuli ngandika marang wong loro mau: "Kowé kokbodho temen lan angèl temen precaya marang apa sing wis dingandikakaké déning para nabi!

26Sang Kristus rak wis pinesthi nandhang sangsara, lan sawisé kuwi lagi kamulyakaké!"

27Gusti Yésus nuli nerangaké marang wong loro mau bab apa sing wis disebutaké ana ing Kitab Suci mungguh Sang Kristus, wiwit saka Kitab-kitabé Nabi Musa nganti tekan Kitab-kitabé Para Nabi liyané.

28Bareng wis cedhak ing désa sing arep diparani, Gusti Yésus kaya-kaya arep nerusaké tindaké.

29Nanging wong loro mau padha nyandhet Panjenengané: "Kula aturi mampir ing griya kula, awit sampun serap, sekedhap malih sampun peteng." Gusti Yésus nuli mlebu ing omahé wong loro mau.

30Bareng lungguh bebarengan arep mangan, Gusti Yésus nuli mundhut roti lan ndedonga, saos panuwun marang Gusti Allah. Sawisé kuwi banjur nyuwil-nyuwil roti, sarta diulungaké marang wong loro mau.

31Sanalika iku uga wong loro mau mripaté kabukak, temah mari panglingé karo Panjenengané. Nanging Gusti Yésus nuli ngilang saka ing pandelengé wong-wong mau.

32Wong loro mau nuli padha kandha: "Wah krasa tenan atiku dhèk mau, nalika ngrungokaké Panjenengané nerangaké isining Kitab-kitabé Musa lan Para Nabi. Pangandikané ngyakinaké temenan."

33Sanalika iku uga wong loro mau nuli ngadeg lan bali menyang kutha Yérusalèm. Ana ing kana padha ketemu para sekabaté Gusti Yésus wong sewelas, wis padha ngumpul karo murid-murid liyané.

34Sing padha ngumpul mau padha muni: "Gusti wis wungu temenan! Panjenengané wis ngetingal marang Simon!"

35Wong loro sing saka désa Émaus mau nuli uga nyritakaké marang para murid sing padha nglumpuk mau, bab apa sing wis dialami dhéwé, lan enggoné ora pangling karo Gusti Yésus, bareng Gusti nyuwil-nyuwil roti.

36Nalika isih padha guneman bab kuwi mau kabèh, dumadakan Gusti Yésus piyambak jumeneng ana ing tengahé para murid mau, lan ngandika: "Tentrem rahayu anaa ing kowé!"

37Murid-murid kabèh padha kagèt campur wedi, lan ngira weruh memedi.

38Nanging Gusti Yésus nuli ngandika: "Yagéné kowé padha wedi, lan généa kowé padha mangu-mangu?

39Delengen tangan-Ku lan sikil-Ku. Iki Aku dhéwé! Padha grayangana lan setitèkna, sebab memedi rak ora duwé daging lan balung, kaya sing kokdeleng ana ing Aku iki."

40Sajroné ngandika mengkono kuwi Gusti Yésus nedahaké asta lan sampéyané.

41Sarèhné ana sawetara murid sing isih durung ngandel merga saka bungahé lan gumuné, Gusti Yésus nuli ngandika: "Apa ing kéné kowé duwé sing kena dipangan?"

42Para murid mau banjur ngaturaké iwak goréngan sairis.

43Iwak mau nuli ditampani déning Gusti Yésus lan didhahar ana ing ngarepé para murid mau.

44Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandika marang para murid: "Prekara-prekara iki wis Dakkandhakaké marang kowé nalika Aku isih bebarengan karo kowé, yakuwi yèn kabèh sing wis ditulis bab Aku ana ing Kitab Torèté Nabi Musa lan Kitabé Para Nabi, tuwin Masmur, kuwi kabèh kudu kelakon."

45Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli mbukak nalaré wong-wong mau, supaya padha ngerti marang Kitab Suci.

46Pangandikané: "Ana ing Kitab Suci ana tulisan, yèn Sang Kristus kuwi pinesthi nandhang sangsara, lan wungu menèh ing telung dinané.

47Uga wis ditulis, yèn atas Asmané Sang Kristus, bakal diwartakaké marang para bangsa kabèh, yèn Gusti Allah maringi pangapuraning dosa marang wong sing padha mratobat saka dosa-dosané. Pawarta kuwi bakal diwartakaké wiwit saka kutha Yérusalèm.

48Déné kowé sing padha dadi seksiné bab prekara kuwi mau kabèh.

49Lan Aku dhéwé bakal maringaké marang kowé, apa sing wis dijanjèkaké déning Rama-Ku. Nanging kowé tetepa ana ing kutha kéné dhisik, nganti kowé wis padha diparingi kasektèn saka ing ngaluhur."

50Sawisé mengkono Gusti Yésus nuli ngajak para sekabat metu saka ing kutha Yérusalèm, menyang ing sacedhaké désa Bètani. Ana ing kono Gusti Yésus nuli ngangkat astané lan mberkahi para sekabat.

51Sajroné mberkahi mau, Gusti Yésus kaangkat menyang swarga, pisah karo para sekabaté.

52Para sekabat nuli padha sujud nyembah marang Panjenengané, nuli padha bali menyang kutha Yérusalèm klawan bungah banget.

53Para sekabat mau tansah padha ana ing Pedalemané Allah lan ngluhuraké Gusti Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel