Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 5 >> 

1Ing sawijining dina nalika Gusti Yésus lagi jumeneng ana ing gisiké Tlaga Génésarèt, wong-wong padha suk-sukan merga kepéngin ngrungokaké pangandikané Gusti Allah.

2Gusti Yésus mirsa ing gisik kono ana prau nelayan loro. Nelayané wis padha mudhun saka ing prau mau, lan lagi padha ngresiki jalané.

3Gusti Yésus nuli minggah ing prauné Simon. Panjenengané nuli ndhawuhi Simon nyurung prauné saka dharatan, banjur lenggah lan mulang wong akèh mau saka ing prau kono.

4Sawusé rampung enggoné memulang, Gusti Yésus nuli ngandika marang Simon: "Praumu gawanen menyang panggonan sing jero lan jalamu tibakna ing kono, supaya olèh iwak."

5Aturé Simon: "Guru, sampun sedalu muput enggèn kula sami nyambut-damel ngetog tenaga, nanging sami mboten angsal menapa-menapa! Nanging sarèhné Panjenengan ingkang dhawuh, kula inggih sami badhé ngèstokaken ndhawahaken jala malih."

6Bareng jalané ditibakaké temenan, olèh iwak akèh banget, jalané nganti mèh bedhah.

7Mulané banjur padha njaluk tulung kanca-kancané sing ana ing prau liyané. Kanca-kancané mau banjur énggal-énggal padha teka. Prau loro mau nuli diisèni iwak nganti kebak, nganti mèh kèrem.

8Bareng Simon weruh lelakon sing mengkono kuwi, banjur sujud sumungkem ing ngarsané Gusti Yésus karo matur: "Mugi kersa nebih saking kawula, Gusti, jalaran kawula tiyang dosa!"

9Simon lan wong-wong kabèh sing ana ing kono padha sumlengeren weruh olèh-olèhané iwak sing semono akèhé.

10Semono uga kanca-kancané Simon, yakuwi Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébedéus. Gusti Yésus ngandika marang Simon: "Aja wedi! Wiwit saiki kowé bakal Dakdadèkaké tukang njala wong."

11Sawisé prauné padha dipinggiraké, Simon sakancané nuli padha ninggal samubarang kabèh, sarta ndhèrèk Gusti Yésus.

12Kacarita, nalika Gusti Yésus ana ing sawijining kutha, ana wong lanang sing awaké sekojur kebak lelara kusta. Nalika weruh Gusti Yésus, wong mau nuli sujud sumungkem ing ngarsané karo matur: "Gusti, menawi kersa, Gusti saged nyarasaken kula!"

13Gusti Yésus ngulungaké astané, ndemèk wong mau karo ngandika: "Aku kersa. Dadia waras!" Sanalika iku uga lelarané kusta mari.

14Gusti Yésus ora marengaké wong mau nyritakaké lelakon kuwi marang wong liya. Nuli ndhawuhi wong mau supaya terus mriksakaké awaké mau marang imam. Pangandikané: "Awakmu priksakna marang imam, banjur saosa kurban kaya sing didhawuhaké déning Nabi Musa, kanggo mbuktèkaké marang wong kabèh, yèn kowé wis mari temenan."

15Éwasemono kabar bab Gusti Yésus kuwi saya sumebar tekan endi-endi lan akèh wong sing banjur padha teka arep ngrungokaké piwulangé lan nyuwun diwarasaké lelarané.

16Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli tindak menyang panggonan sing sepi, arep ndedonga.

17Sawijining dina, nalika Gusti Yésus lagi memulang, ana wong Farisi lan para ahli Torèt sawetara sing padha mèlu lungguh ing kono. Wong-wong mau tekané saka kutha-kutha ing tanah Galiléa, Yudéa lan Yérusalèm. Gusti Yésus kaparingan kwasané Pangéran kanggo marasaké wong-wong sing padha lara.

18Nalika semana ana wong sawetara padha teka nggotong wong lumpuh ing peturoné, kasowanaké marang Gusti Yésus. Wong-wong mau padha mbudidaya bisané sing lumpuh kuwi mlebu ing omah panggonané Gusti Yésus memulang, sarta nyèlèhaké ana ing ngarsané.

19Nanging saka akèhé wong sing ana ing kono, sing lumpuh mau ora bisa digawa mlebu. Mulané banjur digotong munggah ing payoning omah. Payon mau nuli dibukak, lan sing lumpuh mau diudhunaké sapeturoné ing satengahé wong akèh sing ana ing kono, persis ana ing ngarsané Gusti Yésus.

20Pirsa gedhéning pengandelé wong lumpuh sarta wong-wong sing padha nggotong, Gusti Yésus banjur ngandika marang wong sing lumpuh mau: "Sanak, dosamu wis diapura."

21Para ahli Torèt lan Farisi nuli padha rerasanan: "Iki wong apa, déné wani nyenyamah marang Gusti Allah. Rak ora ana wong siji waé sing bisa ngapura dosa, kejaba mung Gusti Allah piyambak?"

22Gusti Yésus pirsa isining atiné wong-wong mau, mulané banjur ngandika: "Yagéné kowé kokpadha duwé pikiran mengkono?

23Gampang endi muni: ‘Dosamu wis diapura’, karo muni: ‘Tangia lan mlakua!’

24Aku mung arep nuduhaké marang kowé, yèn Putraning Manungsa kuwi kwasa ngapura dosa ana ing bumi." Gusti Yésus nuli ndhawuhi wong sing lumpuh mau: "Aku dhawuh marang kowé: Tangia, angkaten peturonmu, lan muliha!"

25Sanalika kuwi uga wong lumpuh mau tangi lan ngadeg ing ngarepé wong akèh mau, banjur ngangkat peturoné, lan mulih karo memuji ngluhuraké asmané Gusti Allah.

26Wong akèh mau padha éram campur wedi, nuli padha ngluhuraké asmané Gusti Allah: "Ngédab-édabi temen lelakon iki."

27Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur miyos lan pirsa pegawé pajeg, sing jenengé Lèwi, lagi lungguh ing kantoré. Gusti Yésus ngandika marang wong mau: "Mèlua Aku."

28Lèwi banjur ngadeg sanalika lan ninggal samubarang kabèh, ndhèrèk Gusti Yésus.

29Lèwi nuli nganakaké pésta ing omahé kagem Gusti Yésus. Akèh pegawé pajeg lan wong-wong liyané sing padha bebarengan mangan ana ing pésta mau.

30Wong Farisi lan para ahli Torèt sawetara sing padha weruh kahanan sing kaya mengkono kuwi, atiné padha ora seneng. Nuli padha kandha karo murid-muridé Gusti Yésus: "Yagéné kowé padha mangan lan ngombé awor pegawé pajeg lan wong-wong ala?"

31Gusti Yésus ngandika: "Wong sing waras ora mbutuhaké dhokter; sing mbutuhaké dhokter kuwi mung wong sing lara.

32Teka-Ku ora prelu nimbali wong sing sampurna, nanging wong sing ngrumangsani dosané."

33Ana wong sing padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Para muridipun Nabi Yohanes asring sami siyam lan ndedonga, mekaten ugi para muridipun tiyang Farisi. Kénging menapa para murid Panjenengan kokmboten sami nindakaken mekaten?"

34Pangandikané Gusti Yésus: "Apa ana para tamu ing panggonané wong mantu dikon pasa, mangka pengantèné lanang isih ana ing tengahé para tamu mau? Rak mesthi ora!

35Nanging samangsa pengantèn lanang kuwi dibedhol saka ing tengah-tengahé para tamu mau, banjur lagi padha pasa."

36Gusti Yésus uga banjur mulang ngagem pasemon, mengkéné: "Ora ana wong sing nggunting sandhangan anyar kanggo nambal klambi sing wis lawas. Yèn ta mengkono, wong mau bakal mung ngrusak sandhangan sing anyar mau, mangka suwèkan sing saka sandhangan sing anyar mau iya ora cocog karo klambi lawas, sing arep ditambal mau.

37Semono uga ora ana wong sing madhahi anggur anyar ana ing impes sing wis lawas. Awit yèn mengkono anggur anyar mau bakal mbedhahaké impes sing lawas mau. Angguré bakal wutah, tur impesé iya rusak.

38Anggur sing anyar pancèn kudu disimpen ana ing impes sing uga anyar.

39Semono uga ora ana wong sing gelem ngombé anggur anyar, sawisé ngombé anggur sing lawas. Ujaré, anggur sing lawas kuwi luwih énak."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel