Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 15 >> 

1Ing sawijining dina ana wong Farisi lan ahli Torèt saka kutha Yérusalèm padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus, sarta matur mengkéné:

2"Kénging menapa para murid Panjenengan sami nerak adat tata-caranipun para leluhur? Menawi badhé nedha kokmboten sami wisuh tangan rumiyin?"

3Gusti Yésus paring wangsulan: "Yagéné kowé dhéwé kokiya padha nerak angger-anggeré Gusti Allah mung merga kepéngin netepi adat tata-carané leluhurmu?

4Sebab Gusti Allah ngandika: ‘Ngajènana bapa-biyungmu’, lan menèh: ‘Sing sapa ngipat-ipati bapa lan biyungé kudu diukum pati.’

5Nanging kowé padha mulang mengkéné: ‘Yèn wong wis kandha karo wong tuwané: Barang gadhahan kula ingkang kanggé ngopèni panjenengan, sampun kula saosaken dhateng Gusti Allah, wong kuwi banjur ora diwajibaké ngopèni bapa lan biyungé menèh.’

6Dadiné kowé wis padha ngrèmèhaké pangandikané Gusti Allah, merga netepi adat tata-carané leluhurmu.

7Kowé trahé wong lamis! Cocog banget karo pamecané Nabi Yésaya ing ngatasé kowé:

8‘Wong-wong iki enggoné ngurmati Aku mung srana lambéné, déné atiné adoh saka Aku.

9Tanpa guna enggoné padha ngabekti marang Aku, sebab prenatan-prenataning agama sing diwulangaké kuwi satemené mung gawéané manungsa!’"

10Gusti Yésus nuli ndhawuhi wong-wong padha nyedhak, banjur dipangandikani mengkéné: "Padha rungokna lan padha lebokna ing atimu!

11Sing marakaké wong dadi jember, kuwi dudu apa sing mlebu ing cangkem, nanging apa sing metu ing cangkem."

12Para muridé Gusti Yésus nuli padha sowan sarta matur: "Menapa Panjenengan pirsa, bilih pangandika Panjenengan wau damel sakiting manahipun para tiyang Farisi?"

13Gusti Yésus ngandika: "Sakèhing thethukulan sing ora ditandur déning Rama-Ku ing swarga, bakal dibedhol.

14Wong Farisi kuwi ora susah kokrèwès. Kuwi panuntun-panuntun sing wuta. Yèn wong wuta nuntun wong wuta, loro-loroné bakal padha kacemplung ing kalèn."

15Pétrus banjur matur: "Kersaa Panjenengan maringi ketrangan bab pasemon menika wau!"

16Pangandikané Gusti Yésus: "Apa kowé iya durung padha ngerti?

17Apa kowé padha ora ngerti yèn samubarang sing mlebu ing cangkem, kuwi parané menyang ing weteng, banjur diwetokaké menèh saka badan?

18Nanging apa sing metu saka ing cangkemé wong, kuwi asalé saka ing atiné; iya kuwi sing gawé jembering wong.

19Awit iya saka ing ati kuwi asalé pikiran-pikiran sing ala, sing marakaké wong mematèni, laku jina, cabul, ngrampog, ngapusi lan mitenah.

20Prekara-prekara mengkono kuwi sing gawé jembering wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh dhisik, kuwi ora gawé jembering wong."

21Gusti Yésus banjur tindak saka ing kono menyang panggonan ing cedhaké kutha Tirus lan kutha Sidon.

22Nuli ana wong wadon bangsa Kenaan kono teka, sowan ing ngarsané Gusti Yésus kanthi nguwuh-uwuh: "Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kula mugi Panjenengan welasi! Anak kula èstri kesurupan dhemit, mesakaken sanget."

23Nanging Gusti Yésus ora paring wangsulan babar-pisan. Para muridé banjur padha nyedhaki Gusti Yésus sarta matur: "Gusti! Tiyang menika kadhawuhana késah kémawon, ketimbang terus bengak-bengok ngetutaken kita!"

24Pangandikané Gusti Yésus: "Aku diutus marani wong-wong Israèl sing padha ketriwal."

25Senajan Gusti Yésus wis ngandika mengkono, éwasemono wong wadon mau meksa isih nyedhaki Gusti, banjur sujud ing ngarsané lan matur: "Gusti, kula nyuwun tulung."

26Nanging Gusti Yésus ngandika: "Ora samesthiné, yèn wong njupuk panganané anaké, diwènèhaké marang asu."

27"Kesinggihan Gusti," wangsulané wong wadon mau, "nanging senajan segawon rak inggih angsal nedha tirahan saking méjaning bendaranipun?"

28Gusti Yésus banjur ngandika marang wong mau: "Ibu, gedhé temen pengandelmu. Kelakona apa sing kokkarepaké!" Sanalika iku uga anaké wong wadon mau waras.

29Gusti Yésus nuli nilar papan kono, sarta tindak ing sauruting pasisiré Tlaga Galiléa. Banjur minggah ing gumuk sarta lenggah ana ing kono.

30Wong akèh nuli padha teka nggawa wong pincang, wong wuta, wong lumpuh, wong bisu lan akèh wong lara liyané. Wong-wong mau dipapanaké ana ing sacedhaké sampéyané Gusti Yésus. Gusti Yésus iya nuli marasaké wong-wong mau.

31Wong akèh sing padha ana ing kono kabèh padha gumun banget, sebab padha ndeleng wong bisu bisa caturan, wong pincang mari pincangé, wong lumpuh padha bisa mlaku, lan wong wuta padha bisa ndeleng. Wong akèh mau nuli padha memuji marang Allahé bangsa Israèl.

32Gusti Yésus nuli nimbali para murid lan dingandikani: "Aku mesakaké karo wong akèh iki. Wis telung dina enggoné ngetutaké Aku, mangka saiki wis ora ana sing dipangan. Aku ora mentala akon wong kuwi mulih kanthi weteng luwé, mengko mundhak padha ambruk ana ing dalan."

33Para murid banjur padha matur: "Kadospundi enggèn kawula saged tumbas tetedhan ing panggènan ingkang sepen mekaten, cekap kanggé tiyang semanten kathahipun?"

34Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé padha duwé roti pira?" Aturé para murid: "Wonten roti pitu lan ulam alit-alit sawetawis."

35Gusti Yésus nuli ndhawuhi wong akèh mau supaya padha lungguh ing lemah.

36Sawisé mengkono Gusti Yésus banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau, nuli saos sokur marang Gusti Allah. Roti-roti lan iwak-iwak mau nuli dicuwil-cuwil, banjur diparingaké marang para muridé. Déné para murid mau nuli ngedum-edumaké marang wong akèh mau.

37Wong kabèh padha mangan nganti wareg. Sawisé kuwi para murid nuli nglumpukaké sisané roti lan iwak. Akèhé nganti pitung rinjing kebak.

38Cacahé wong lanang sing padha mèlu mangan ana patang èwu, durung kepétung wong wadon lan bocah-bocah.

39Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur ndhawuhi wong-wong mau supaya padha mulih. Panjenengané piyambak nitih prau, tindak menyang wilayah Magadan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel