Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 18 >> 

1Ing nalika semana para muridé Gusti Yésus padha sowan ing ngarsané sarta nyuwun pirsa: "Sinten tiyang ingkang pinunjul piyambak wonten ing Kratonipun Allah?"

2Gusti Yésus banjur nimbali bocah cilik siji, didhawuhi ngadeg ing ngarepé para murid.

3Gusti nuli ngandika: "Ngertia! Menawa kowé ora mratobat lan ora dadi kaya bocah cilik iki, kowé ora bisa ngrasakaké Kratoné Allah ana ing uripmu.

4Wong sing pinunjul dhéwé ing Kratoné Allah kuwi wong sing ngasoraké awaké lan dadi kaya bocah cilik iki.

5Lan sing sapa nampani bocah cilik sing kaya ngéné iki krana Aku, kuwi Aku sing ditampani."

6"Sing sapa njalari salah sawijining bocah cilik sing precaya marang Aku nganti nyingkur Aku, luwih becik yèn wong kuwi guluné dibandhuli watu penggilingan lan diceguraké ing segara sing jero.

7Iba cilakané jagad iki, déné ana panggodha nganti njalari ana wong nglakoni dosa. Prekara-prekara sing mengkono kuwi pancèn selawasé bakal ana, nanging cilaka, wong sing dadi jalarané.

8Yèn tanganmu utawa sikilmu dadi jalarané kowé gawé dosa, kethoken lan buwangen. Sebab luwih becik tumraping kowé urip nunggil karo Gusti Allah tanpa tangan sesisih utawa tanpa sikil sesisih, ketimbang karo tanganmu lan sikilmu karo-karoné ganep, nanging awakmu sekojur kacemplungaké ing genining nraka.

9Lan yèn mripatmu sing njalari kowé gawé dosa, cukilen lan buwangen. Sebab luwih becik kowé urip nunggil karo Gusti Allah klawan mripat siji, ketimbang karo kacemplungaké ing geni nraka klawan mripat sing isih ganep.

10Awas! Kowé aja ngrèmèhaké salah siji saka panunggalané bocah-bocah cilik iki. Ngertia, para malaékaté bocah-bocah cilik kuwi tansah padha ngadhep Rama-Ku ing swarga.

11[Sebab rawuhé Putrané Manungsa kuwi prelu nylametaké wong sing kesasar!]"

12"Kepriyé penemumu? Upamané ana wong duwé wedhus satus, banjur ana siji sing ketriwal, apa sing bakal ditindakaké déning wong mau? Apa wong mau ora banjur ninggal wedhusé sing sangang puluh sanga ana ing pangonan, nuli lunga nggolèki wedhus siji sing ketriwal mau?

13Déné yèn bisa nemokaké wedhus sing ilang kuwi, mesthi wong mau luwih bungah ing ngatasé wedhus siji kuwi, ketimbang karo wedhus sangang puluh sanga sing ora ketriwal.

14Mengkono uga Ramamu ing swarga ora ngersakaké yèn panunggalané bocah-bocah cilik kuwi ana siji waé sing ketriwal."

15"Yèn sedulurmu duwé keluputan, paranana lan tuduhna luputé. Kuwi tindakna klawan sesidheman, ijèn padha ijèn. Yèn sedulurmu mau nggugu tembungmu, ateges kowé bathi, awit ora kélangan sedulur.

16Nanging yèn wong mau ora gelem manut marang pituturmu, ngajaka wong siji utawa loro engkas. Sebab ing Kitab Suci katulis, yèn saben pandakwa kudu dikuwataké déning seksi loro utawa telu.

17Déné yèn wong sing keluputan mau ora manut marang pituturé wong-wong kuwi, prekarané banjur aturna marang pasamuwan. Déné yèn sawisé kuwi meksa ora manut marang pituturé pasamuwan, wong kuwi anggepen wong kapir utawa juru mupu béa."

18"Padha élinga! Apa sing koktalèni ana ing donya kéné, uga bakal kataléna ana ing swarga. Lan apa sing kokudhari ana ing donya kéné, uga bakal kaudharan ana ing swarga.

19Lan iya élinga: Yèn ana wong loro panunggalanmu sing saiyeg ndedonga nyuwun apa waé, pandonga mau bakal dikabulaké déning Ramamu ing swarga.

20Sebab samasa ana wong loro utawa telu padha kumpul bebarengan klawan nyebut jeneng-Ku, Aku uga ana ing kono."

21Sawisé kuwi Pétrus banjur sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan matur: "Gusti, menawi sedhèrèk kawula wongsal-wangsul damel kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten enggèn kawula kedah ngapunten? Menapa ngantos kaping pitu?"

22Gusti Yésus ngandika: "Ora mung ping pitu, nanging nganti ping pitung puluh kaping pitu!

23Sebab Kratoné Allah kuwi kaanané kaya pasemon iki: Raja sing nganakaké étang-étangan karo abdiné.

24Bareng dianakaké pepriksan, ana abdi sing disowanaké. Abdi mau utangé pirang-pirang yuta.

25Mangka wong mau ora bisa nyaur. Mulané sang raja dhawuh supaya abdi kuwi diedol saanak-bojoné lan sabarang darbèké kabèh, kanggo nglunasi utangé.

26Abdi mau tumuli sujud sumungkem ing ngarsané raja mau, sarta matur: ‘Gusti, mugi kersaa nyabari kawula. Sedaya sambutan kawula badhé kawula lunasi.’

27Sang Prabu mesakaké, nganti wong mau diluwari lan utangé kabèh dililakaké.

28Nanging saunduré saka kono, abdi mau kepethuk karo kancané padha abdi, sing duwé utang marang dhèwèké sawetara èwu. Kancané mau nuli dicekel lan ditekak guluné, karo muni: ‘Sauren utangmu!’

29Kancané mau nuli ngasih-asih njaluk piwelas: ‘Kula aturi sabar sawetawis. Sambutan kula badhé kula lunasi sedaya.’

30Nanging abdi mau ora ngrèwès marang sambaté kancané. Malah kancané mau nuli dilebokaké ing pakunjaran, nganti salunasé utangé.

31Nalika abdi-abdi liyané padha ngerti lelakon mau, padha sedhih banget, banjur padha ngaturaké marang Sang Prabu.

32Sang Prabu nuli nimbali abdi sing ala atiné mau lan didukani: ‘Kowé iki wong sing jahat banget! Aku wis nglilakaké utangmu kabèh sing semono akèhé, merga saka panyuwunmu.

33Apa ora wis samesthiné kowé melasi kanca-kancamu padha abdi, kaya enggonku wis melasi kowé?’

34Saka dukané, Sang Prabu banjur nglebokaké abdi sing ala atiné mau ana ing pakunjaran. Wong mau terus ana ing kono nganti utangé lunas kabèh."

35Gusti Yésus mungkasi piwulangé srana ngandika: "Semono uga Rama-Ku ing swarga bakal tumindak kaya mengkono marang kowé, yèn kowé ora ngapura marang sedulurmu klawan éklasing ati."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel