Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 2 >> 

1Kutha panggonané Gusti Yésus miyos mau arané Bètléhèm, dunungé ing tanah Yudéa. Nalika semono sing jumeneng raja ing tanah Yudéa Sang Prabu Hérodès. Ing kono ana ahli palintangan sawetara saka tanah Wétan padha teka ing kutha Yérusalèm.

2Banjur padha takon: "Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos menika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing sisih Wétan; lan enggèn kula dhateng mriki menika sami badhé saos bekti dhateng Panjenenganipun."

3Bareng krungu sing mengkono mau Sang Prabu Hérodès kagèt banget. Semono uga wong sakutha Yérusalèm iya padha kagèt.

4Sang Prabu banjur utusan ngumpulaké para pengareping imam lan para ahli Torèt, banjur padha didangu: "Sang Kristus kuwi bakal miyos ana ing endi?"

5Wangsulané sing padha didangu: "Wonten ing kitha Bètléhèm, ing tanah Yudéa. Kados ingkang sampun kaserat déning nabi, mekaten:

6‘Kowé kutha Bètléhèm, ing tanah Yéhuda, kowé babar-pisan dudu kutha sing rèmèh dhéwé ing antarané kutha-kutha ing Yéhuda. Awit saka ing kowé bakal miyos panuntun kang bakal ngengon umat-Ku Israèl.’"

7Sawusé olèh katerangan mengkono, Sang Prabu Hérodès banjur utusan nimbali para ahli palintangan saka tanah Wétan mau kanthi dhedhemitan. Sang Prabu banjur ndangu klawan tliti kapan sanyatané lintang kuwi olèhé wiwit katon.

8Sawisé kuwi para ahli palintangan mau kadhawuhan mangkat menyang kutha Bètléhèm, karo diweling mengkéné: "Padha mangkata, titi priksanen sing tliti bab Sang Bayi kuwi. Déné yèn wis ketemu, énggal padha matura marang aku, supaya aku iya bisa mrana saos bekti marang Panjenengané."

9Sawisé nampani dhawuhé Sang Prabu Hérodès mau, para ahli palintangan banjur padha mangkat. Sajroné padha mlaku, lintang sing mauné padha dideleng ana ing Wétan, kuwi katon menèh. Lintang kuwi ndhisiki lakuné, banjur mandheg ana ing ndhuwuré padunungané Sang Bayi.

10Bareng weruh lintang mau, para ahli palintangan padha bungah banget.

11Tumuli padha mlebu ing omah lan ing kono padha weruh Sang Putra karo Maryam, ibuné. Banjur padha sujud lan nyembah marang Sang Putra. Sawisé mengkono para ahli palintangan mau banjur padha mbukaki pethiné raja-brana, lan nyaosaké pisungsung marang Sang Bayi, arupa mas, menyan lan blendok mur.

12Nalika mulih, para ahli palintangan mau padha ora metu ing dalan sing mauné diliwati. Sebab padha olèh dhawuh saka Pangéran ing sajroné impèn, supaya aja padha bali sowan ing ngarsané Sang Prabu Hérodès.

13Bareng para ahli palintangan wis padha mangkat, nuli ana Malaékating Pangéran ngetingal marang Yusuf sajroné impèn. Malaékat mau ngandika: "Tangia, Sang Putra lan ibuné padha ungsèkna menyang tanah Mesir. Manggona ana ing kana nganti aku awèh weruh marang kowé, awit Sang Prabu Hérodès bakal nggolèki Sang Putra, arep disédani."

14Yusuf tangi, ing bengi kuwi uga banjur nggawa Sang Putra lan ibuné ngungsi menyang tanah Mesir.

15Banjur padha manggon ana ing kono nganti sasédané Sang Prabu Hérodès. Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing wis didhawuhaké déning Pangéran lantaran nabiné, mengkéné: "Saka ing tanah Mesir enggon-Ku nimbali Putra-Ku."

16Sang Prabu Hérodès duka banget, sebab pirsa yèn diapusi déning para ahli palintangan saka ing tanah Wétan mau. Panjenengané banjur dhawuh matèni sakèhé bocah lanang ing kutha Bètléhèm lan sakiwa-tengené, sing umuré rong taun sapengisor, manut pétungan wektu sing dikandhakaké déning para ahli palintangan mau.

17Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing wis tau dingandikakaké déning Nabi Yérémia:

18"Ana swara keprungu ing kutha Rama, yakuwi pasambat lan panangis. Rahèl nangisi anak-anaké; lan emoh dilipur, awit anak-anaké wis padha mati."

19Bareng Sang Prabu Hérodès wis séda, Malaékating Pangéran ngetingal menèh marang Yusuf sajroné impèn ing tanah Mesir.

20Malaékat mau dhawuh: "Tangia! Sang Bayi lan ibuné gawanen bali menyang tanah Israèl, awit wong sing padha ngarah sédané Sang Bayi wis padha mati."

21Yusuf tangi, Sang Bayi lan Maryam banjur digawa bali menyang tanah Israèl.

22Nanging bareng krungu yèn Pangéran Arkélaus, putrané Sang Prabu Hérodès, nggentosi ramané jumeneng raja ana ing tanah Yudéa, arep mrana Yusuf atiné sumelang. Sarèhné Yusuf iya tampa dhawuh saka Pangéran ing sajroning impèn, mulané banjur lunga menyang tanah Galiléa,

23banjur manggon ing kutha Nasarèt. Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing dingandikakaké déning para nabi, yèn Gusti Yésus bakal kasebut "Wong Nasarèt."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel