Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 21 >> 

1Bareng wis mèh tekan kutha Yérusalèm, Gusti Yésus lan para muridé padha mampir ing désa Bètfagé, ing Gunung Zaitun. Ing kono Gusti Yésus ngutus muridé loro ndhisiki tindaké.

2Pangandikané: "Lungaa menyang ing désa ngarep kono. Kowé nuli bakal weruh ana kuldi wadon dicencang karo beloné. Kuldi kuwi nuli uculana lan gawanen mréné.

3Yèn ana wong sing takon, kandhaa waé: ‘Gusti ngersakaken ngagem. Menawi sampun, badhé tumunten kawangsulaken.’ Wong mau bakal ngolèhaké."

4Kaya mengkono kuwi supaya kelakon apa sing wis diweca déning nabi, sing uniné:

5"Wartakna marang Sion, Ratumu ngrawuhi kowé. Panjenengané kuwi alus ing budi lan rawuhé nitih beloning kuldi."

6Murid loro sing diutus mau tumuli mangkat lan nglakoni apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus.

7Kuldi lan beloné dituntun. Para murid nuli nguculi jubahé lan dislèmèkaké ing gegeré kuldi. Gusti Yésus nuli nitih.

8Wong akèh sing padha ana ing kono nuli padha njèrèng jubahé ana ing dalan sing arep dilangkungi Gusti Yésus. Wong liyané menèh ana sing padha amèk pang-pangé wit-witan, kasèlèhaké ana ing dalan.

9Wong akèh sing padha mlaku ing ngarsané lan wingkingé Gusti Yésus nuli wiwit padha surak-surak: "Pinujia tedhakipun Sang Prabu Dawud! Kaberkahana ingkang rawuh ing Asmanipun Pangéran! Pinujia Gusti Allah Kang Mahaluhur!"

10Bareng Gusti Yésus mlebet ing kutha Yérusalèm, wong sakutha padha gègèr, pangucapé: "Sing rawuh kuwi sapa?"

11Wangsulané wong akèh sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus: "Kuwi Nabi Yésus, saka Nasarèt, tanah Galiléa."

12Gusti Yésus nuli rawuh ing platarané Pedalemané Allah. Kabèh wong sing padha dol-tinuku ana ing platarané Pedalemané Allah kono nuli diusir kadhawuhan metu. Méja-méja panggonan ngijolaké dhuwit lan bangku-bangkuné wong sing padha adol manuk dara, kabèh dijungkiraké déning Gusti Yésus.

13Pangandikané marang wong sing padha dodolan mau: "Ana ing Kitab Suci wis ditulis, yèn Gusti Allah ngandika: ‘Pedaleman-Ku bakal disebut dalem pamujan’, nanging saiki kokdadèkaké susuhé maling!"

14Ana ing Pedalemané Allah kono ana wong wuta lan wong lumpuh padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus, kabèh padha diwarasaké.

15Nanging bareng para pengareping imam lan para ahli Torèt padha weruh tumindaké Gusti Yésus sing kaya ngono mau, banjur padha nepsu. Déné bocah-bocah ing Pedalemané Allah padha surak-surak: "Pinujia Tedhakipun Sang Prabu Dawud!"

16Para imam lan ahli Torèt mau padha matur marang Gusti Yésus: "Panjenengan menapa mireng wicantenipun para laré menika?" Pangandikané Gusti Yésus: "Iya, Aku krungu. Apa kowé durung tau maca ing Kitab Suci, sing uniné mengkéné: ‘Laré-laré lan bayi-bayi sampun Panjenengan warahi memuji kalayan sampurna.’"

17Gusti Yésus banjur nilar wong-wong mau, miyos saka ing kutha kono, menyang ing désa Bètani. Ana ing désa kono Panjenengané nyaré.

18Ésuké nalika tindak menyang kutha Yérusalèm menèh, ana ing dalan Gusti Yésus kraos luwé.

19Bareng mirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, nuli dipurugi. Nanging Panjenengané ora manggih woh siji-sijia; sing ana mung godhong thok. Mulané wit mau banjur dingandikani: "Kowé ora bakal ngetokaké woh menèh ing selawas-lawasé!" Sanalika wit anjir mau dadi garing.

20Bareng para muridé Gusti Yésus padha weruh lelakon sing kaya mengkono mau, padha gumun banget, banjur matur marang Gusti Yésus: "Kados pundi, déné wit anjir menika saged garing sanalika?"

21Pangandikané Gusti Yésus: "Ngertia, yèn kowé precaya lan ora mangu-mangu, kowé iya bisa nindakaké kaya sing Daktindakaké marang wit anjir mau. Malah ora mung kuwi waé, nanging kowé mesthi iya bakal bisa akon marang gunung iki: ‘Mumbula lan njegura ing segara’, kuwi iya bakal kelakon.

22Samubarang sing koksuwun ing pandonga bakal kelakon, angger kowé precaya."

23Gusti Yésus banjur mlebet ing Pedalemané Allah, sarta memulang ana ing kono. Lagi tengah-tengahé mulang, ana pengareping imam lan para ahli Torèt padha sowan ing ngarsané lan nyuwun pirsa: "Menapa dhasaripun Panjenengan nindakaken prekawis-prekawis wau? Sinten ingkang maringi pangwaos dhateng Panjenengan?"

24Gusti Yésus ngandika: "Aku iya arep takon marang kowé. Sawisé pitakon-Ku kokwangsuli, nuli Aku iya bakal mangsuli pitakonmu.

25Enggoné Nabi Yohanes mbaptis wong kuwi adhedhasar wewenang saka sapa? Saka Gusti Allah, apa saka manungsa?" Para pengareping imam sarta para ahli Torèt mau nuli padha rembugan dhéwé. Rasanané mengkéné: "Yèn kita matur: ‘Saking Gusti Allah’, Panjenengané mesthi bakal ngandika: ‘Yèn mengkono apa sebabé kowé padha ora precaya marang Nabi Yohanes?’

26Nanging yèn kita matur: ‘Saking manungsa’, kita padha wedi karo wong akèh, awit wong kuwi kabèh padha nganggep yèn Yohanes kuwi nabi."

27Wusana padha matur marang Gusti Yésus: "Kula sami mboten mangertos." Gusti Yésus banjur ngandika: "Yèn mengkono, kowé iya ora Dakkandhani, sapa sing paring pangwasa marang Aku nindakaké prekara mau kabèh."

28Gusti Yésus banjur ngandika: "Saiki Aku arep takon, kepriyé penemumu ing bab iki: Ana wong duwé anak loro. Wong mau marani anaké mbarep lan muni: ‘Lé, dina iki kowé nyambuta-gawé ing kebon anggur.’

29Nanging anaké mangsuli: ‘Kula mboten purun!’ Sawisé muni mengkono anak mau keduwung, nuli mangkat nyambut-gawé.

30Wong mau nuli marani anaké sing enom, lan dikandhani mengkono uga. Anaké mau mangsuli: ‘Inggih Pak,’ nanging ora mangkat.

31Anak loro mau sing endi sing nindakaké karepé bapakné?" Wangsulané wong-wong mau: "Inggih ingkang sepuh." Pangandikané Gusti Yésus: "Titènana! Para pegawé pajeg lan para pelacur bakal luwih dhisik enggoné dadi umat ing Kratoné Allah ketimbang karo kowé.

32Sebab Nabi Yohanes Pembaptis rawuh lan nuduhaké dalan sing bener marang kowé, éwasemono kowé padha ora precaya marang panjenengané. Nanging para wong durjana lan para pelacur padha precaya marang panjenengané. Déné kowé kabèh, ora banjur ngowahi pikiranmu lan precaya marang panjenengané."

33Gusti Yésus ngandika: "Padha rungokna pasemon iki. Ana wong sugih duwé kebon anggur. Kebon mau dipageri mubeng lan digawèkaké panggonan kanggo meres woh anggur; semono uga digawèkaké gubug dhuwur kanggo jaga. Sawisé kuwi kebon anggur mau diséwakaké marang wong sawetara. Déné wong sugih mau nuli lunga menyang manca negara.

34Bareng wis wayahé panèn, sing duwé kebon teka lan kongkonan para réwangé menyang panggonané wong-wong sing padha nyéwa kebon anggur mau, dikon njaluk bagéan pametuné sing dadi haké.

35Nanging wong-wong sing padha diutus mau nuli dicekel déning sing padha nyéwa kebon anggur mau, ana sing digebugi, ana sing dipatèni, lan ana sing dibenturi watu.

36Sing duwé kebon mau banjur utusan menèh réwang liyané, cacahé luwih akèh ketimbang karo sing dhisik. Nanging para utusan kuwi ngalami nasib kaya utusan sing dhisik.

37Wusana sing duwé kebon mau banjur kongkonan anaké dhéwé, gagasané: ‘Wong-wong kuwi mesthi bakal éring karo anakku.’

38Kocapa wong sing padha nyéwa mau bareng anaké sing duwé kebon anggur teka, banjur padha rerasanan mengkéné: ‘La, iki anaké teka. Ayo padha dipatèni waé, supaya kita bisa olèh warisané!’

39Anaké sing dikongkon mau nuli dicekel, banjur disèrèd metu saka kebon anggur, sarta dipatèni."

40Pendanguné Gusti Yésus, "Yèn sing duwé kebon anggur mau teka, nuli wong sing padha nyéwa mau bakal dikapakaké?"

41Wangsulané sing padha didangu: "Temtu kémawon tiyang-tiyang awon wau badhé dipun pejahi sedaya. Déné kebon anggur wau lajeng badhé dipun séwakaken dhateng tiyang sanès, ingkang sagah nyukani bagéanipun ingkang gadhah kebon anggur wau pendhak panèn."

42(21:42-44) Mulané Gusti Yésus banjur ngandika: "Apa kowé padha durung tau maca ing Kitab Suci sing uniné mengkéné: ‘Watu sing ditampik déning tukang batu, kuwi wis dadi watu sing baku.’ [‘Sing sapa tiba ing watu kuwi bakal ajur mumur, lan sing ketiban watu mau bakal remuk.’] ‘Kelakoné prekara kuwi nggumunaké, awit saka pakaryané Gusti Allah.’ Mulané Dakkandhani: Kabèh wewenang enggonmu padha dadi umat ing Kratoné Allah bakal dijabel saka kowé, lan diparingaké marang bangsa liya, sing mbangun-turut marang dhawuhé."

43(21:42)

44(21:42)

45Bareng para pengareping imam lan wong Farisi ngrungu pasemoné Gusti Yésus mau, banjur padha rumangsa, yèn sing disemoni kuwi dhèwèké.

46Wong-wong mau banjur padha ngudi kepriyé bisané nyekel Panjenengané. Nanging padha wedi karo wong akèh, awit wong-wong mau padha nganggep yèn Gusti Yésus kuwi nabi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel