Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 28 >> 

1Bareng dina Sabbat wis kliwat, ing dina Minggu ésuk umun-umun, Maryam Magdaléna lan Maryam sijiné padha lunga niliki pesaréané Gusti Yésus.

2Dumadakan ana lindhu gedhé banget. Ana malaékat tumedhak saka ing swarga, banjur ngglundhungaké watu tutupé pesaréan, nuli lenggah ana ing watu mau.

3Pasuryané malaékat kuwi mencorong lan agemané putih memplak.

4Prejurit sing padha jaga ana ing kono, saking wediné, nganti padha gumeter lan pucet kaya wong mati.

5Malaékat mau nuli ngandika marang para wong wadon sing padha niliki pesaréan mau mengkéné: "Aja padha wedi! Aku ngerti yèn kowé padha nggolèki Yésus sing mentas disalib.

6Panjenengané ora ana ing kéné, wis wungu, cocog karo sing dingandikakaké dhèk biyèn. Coba delengen panggonan tilasé.

7Mulané padha énggal balia lan mènèhana weruh marang para muridé, yèn Panjenengané wis wungu, lan saiki tindak ndhisiki lakumu menyang tanah Galiléa. Ing kana kowé bakal ketemu karo Panjenengané! Padha élinga marang sing dakkandhakaké marang kowé iki!"

8Para wong wadon mau nuli énggal-énggal padha mangkat saka ing pesaréan kono, kanthi rasa wedi campur bungah. Lakuné rikat banget, sebab sélak kepéngin mènèhi weruh marang para muridé Gusti Yésus bab lelakon kuwi mau.

9Dumadakan Gusti Yésus methuki wong-wong wadon mau lan ngandika: "Salam." Wong-wong mau nuli padha nyedhaki, banjur padha nyungkemi sampéyané!

10Gusti Yésus banjur ngandika: "Aja padha wedi. Balia ngandhani sedulur-sedulur-Ku, supaya padha mangkat menyang ing tanah Galiléa. Ing kono bakal padha ndeleng Aku."

11Nalika para wong wadon lagi budhal, ana prejurit sawetara sing padha jaga pesaréan, lunga menyang kutha Yérusalèm, prelu nglapuraké marang para pengareping imam, bab apa sing kelakon kabèh.

12Para pengareping imam mau nuli padha rembugan karo para sesepuhé bangsa Yahudi. Wong-wong mau nuli padha gawé putusan, mbeseli para prejurit mau nganggo dhuwit akèh.

13Déné para prejurit mau padha diweling: "Kowé padha mertak-mertakna, yèn para muridé Yésus padha teka ing wayah bengi, lan nyolong layoné, nalika kowé padha mbeneri turu.

14Yèn Bapak Gubernur mireng bab kuwi, aku bakal padha matur marang panjenengané, supaya kowé ora diukum."

15Para prejurit nuli padha nampani dhuwité, lan nindakaké apa sing diwelingaké déning para pengareping imam lan para sesepuhé bangsa Yahudi mau. Critané para prejurit mau banjur sumebar ing tengahé masarakat Yahudi, nganti sepréné.

16Para muridé Gusti Yésus, wong sawelas, nuli padha mangkat menyang tanah Galiléa. Tekan ing kana banjur munggah ing gunung sing wis dingandikakaké déning Gusti Yésus.

17Bareng padha ndeleng Panjenengané nuli padha nyembah sujud. Nanging ana murid sawetara sing mangu-mangu.

18Gusti Yésus banjur nyelaki lan ngandika mengkéné: "Sakèhing pangwasa ing swarga lan ing bumi wis diparingaké déning Sang Rama marang Aku.

19Mulané padha lungaa, maranana bangsa-bangsa ing salumahing bumi kabèh, padha dadèkna murid-Ku. Padha baptisen ing Asmané Sang Rama. Sang Putra lan Sang Roh Suci.

20Apa déné padha wulangen mbangun-turut marang sakèhing piwulang sing wis Dakwulangaké marang kowé. Padha titènana, yèn Aku tansah nunggal karo kowé nganti tekan pungkasaning jaman."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel