Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 3 >> 

1Ing nalika semana Nabi Yohanes Pembaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudéa, lan memulang ana ing kono.

2Pangandikané: "Padha mratobata saka dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Gusti Allah kersa ngedegaké Kratoné!"

3Nabi Yohanes kuwi pancèn wong sing wis diweca rawuhé déning Nabi Yésaya mengkéné: "Ana wong nguwuh-uwuh ing ara-ara samun, ‘Padha nyawisna dalané Pangéran; lencengna lan ratanen dalan sing bakal diambah.’"

4Nabi Yohanes kuwi agemané digawé saka wulu unta. Sabuké saka lulang. Sing didhahar walang lan madu alas.

5Akèh wong sing marani Nabi Yohanes mau, saka kutha Yérusalèm, saka tanah Yudéa lan saka wilayah sakiwa-tengené Kali Yardèn.

6Wong-wong mau padha ngakoni dosa-dosané, banjur padha dibaptis déning Nabi Yohanes ing Kali Yardèn.

7Uga akèh wong Farisi lan wong Saduki sing padha teka marani Nabi Yohanes, nyuwun dibaptis. Nalika Nabi Yohanes pirsa wong-wong mau, banjur ngandika: "Kowé anak ula, sapa sing akon kowé padha nyingkiri bebenduné Gusti Allah marang kowé?

8Buktèkna srana kelakuanmu yèn kowé wis mratobat temenan.

9Lan aja ngira yèn kowé bisa mbeneraké awakmu dhéwé ana ing ngarsané Gusti Allah srana muni: ‘Aku rak tedhak-turuné Abraham.’ Ngertia, yèn Gusti Allah kwaos nganakaké turuné Abraham saka watu-watu iki!

10Wadungé wis cumepak kanggo negor wit ing poking oyodé. Saben wit sing ora ngetokaké woh becik, bakal ditegor lan dibuwang ing geni.

11Aku mbaptis kowé nganggo banyu kanggo mretandhani yèn kowé wis mratobat ninggal dosa-dosamu; nanging Panjenengané kang bakal rawuh sapungkurku, kuwi sing bakal mbaptis kowé srana Roh Suci lan geni. Panjenengané luwih kwasa ketimbang aku. Senajan mung nguculi trumpahé waé aku ora pantes.

12Panjenengané wis ngasta tampah kanggo napèni, lan lesungé bakal dikeludi nganti resik. Berasé bakal diklumpukaké ana ing lumbung, nanging mrambuté bakal diobong ing geni sing ora bisa sirep."

13Nalika semana Gusti Yésus tindak saka tanah Galiléa menyang Kali Yardèn. Panjenengané murugi Nabi Yohanes lan mundhut supaya dibaptis.

14Nanging Nabi Yohanes menggak, aturé: "Kawula ingkang prelu Panjenengan baptis, koksamenika malah Panjenengan ingkang mundhut kawula baptis."

15Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wis ta, bèn waé, awit srana mengkono Aku lan kowé padha netepi sing dadi kersané Gusti Allah." Nabi Yohanes nuli nuruti kersané.

16Sawisé dibaptis, Gusti Yésus mentas saka ing banyu. Dumadakan Panjenengané kawenganan langit lan mirsa Sang Roh Suci tumurun kaya manuk dara, nedhaki Panjenengané.

17Banjur ana swara saka ing langit: "Iki Putra-Ku, sing Daktresnani, sing gawé renaning penggalih-Ku."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel