Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 1 >> 

1Iki Injil bab Gusti Yésus Kristus, Putrané Allah.

2Injil iki wiwité kaya sing ditulis déning Nabi Yésaya, mengkéné: "‘Iki utusan-Ku’, mengkono pangandikané Gusti Allah, ‘sing teka sadurungé kowé, supaya nyawisaké dalan-Mu.’

3Ana ing ara-ara samun ana wong nguwuh-uwuh, ‘Padha cawisna dalan kagem Gusti; dalan-dalan sing arep diambah padha ratanen!’"

4Ya kaya mengkono Nabi Yohanes rawuh ana ing ara-ara samun. Nabi Yohanes mbaptis lan mulang wong-wong bab pawarta saka Gusti Allah. Pangandikané: "Kowé padha mratobata, ninggala dosa-dosamu lan nglakonana dibaptis, temah Gusti Allah bakal ngapura dosa-dosamu."

5Akèh wong saka tanah Yudéa lan saka kutha Yérusalèm padha teka ngrungokaké piwulangé Nabi Yohanes. Wong-wong mau padha ngakoni dosa-dosané lan padha dibaptis déning Nabi Yohanes ana ing Kali Yardèn.

6Sandhangané Nabi Yohanes kuwi digawé saka wulu unta, sabuké saka lulang. Déné sing didhahar walang lan madu alas.

7Nabi Yohanes ngandika marang wong akèh mau mengkéné: "Sapungkurku bakal ana Wong teka, sing kwasané ngluwihi aku. Nguculi taliné sepatu waé aku ora pantes.

8Aku mbaptis kowé nganggo banyu, nanging Wong mau bakal mbaptis kowé nganggo Roh Suci."

9Ora let suwé Gusti Yésus rawuh saka kutha Nasarèt, ing tanah Galiléa. Gusti Yésus mau nuli dibaptis déning Nabi Yohanes ana ing Kali Yardèn.

10Bareng mentas saka kali mau, Gusti Yésus pirsa langité kawiyak lan Sang Roh Suci sing katoné kaya manuk dara, tumurun nedhaki Panjenengané.

11Banjur ana swara saka ing langit ngandika mengkéné: "Kowé kuwi Putra-Ku sing Daktresnani. Kowé sing gawé renaning penggalih-Ku."

12Sawisé kuwi, saka panuntuning Sang Roh Suci Gusti Yésus banjur tindak menyang ara-ara samun.

13Ana ing kono lawasé patang puluh dina, digodha déning Iblis. Ing panggonan kono uga ana kéwan-kéwané galak, nanging para malaékat padha teka ngladosi Panjenengané.

14Bareng Nabi Yohanes dikunjara, Gusti Yésus nuli tindak menyang tanah Galiléa memulang bab Injilé Gusti Allah.

15Pangandikané: "Saiki wis wayahé Gusti Allah ngedegaké Kratoné. Padha mratobata, ninggala dosa-dosamu lan precayaa marang Injil."

16Nalika Gusti Yésus tindak ing sauruting pesisiré Tlaga Galiléa, Panjenengané pirsa Simon lan seduluré, sing jeneng Andréas. Simon lan Andréas mau lagi padha njala iwak ing tlaga kono.

17Pangandikané Gusti Yésus marang Simon lan Andréas mau: "Padha mèlua Aku. Kowé bakal Dakwarahi njala wong."

18Sanalika wong loro mau ninggal jalané lan ndhèrèk Gusti Yésus.

19Gusti Yésus nerusaké tindaké lan pirsa menèh wong loro kakang-adhi, yakuwi Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébedéus. Wong loro mau lagi padha ana ing prau, nyulami jalané.

20Bareng Gusti Yésus pirsa, nuli uga ditimbali. Sekaroné nuli ninggal Zébedéus, bapakné, lan para buruhé ana ing prau, banjur ndhèrèk Gusti Yésus.

21Gusti Yésus lan para muridé enggoné tindak wis tekan kutha Kapèrnaum. Ing dina Sabbat candhaké, Gusti Yésus mlebet ing sinagogé lan miwiti mulang.

22Wong-wong sing ngrungokaké padha gumun bab carané mulang. Enggoné mulang kanthi pangwasa, ora kaya pamulangé ahli Torèt.

23Nalika Gusti Yésus lagi mulang mau, dumadakan ana wong kepanjingan dhemit mlebu ing sinagogé kono, karo bengok-bengok,

24"Yésus wong Nasarèt, aku arep kokkapakaké? Apa teka-Mu mréné arep matèni aku? Aku ngerti kowé kuwi sapa: Kowé kuwi Wong suci, utusané Gusti Allah!"

25Roh mau nuli disentak Gusti Yésus, pangandikané: "Meneng, metua saka wong kuwi!"

26Dhemit mau nuli ngontang-antingaké wongé, banjur metu karo jerit-jerit.

27Wong kabèh padha ndomblong merga saka gumuné, lan padha rasanan: "Wah, hébat banget. Iki piwulang anyar, sing apik banget. Wong kuwi koksekti temen! Bisa mréntah marang dhemit, lan dhemit sing didhawuhi kokiya manut!"

28Krana lelakon mau kabar bab Gusti Yésus cepet banget sumebar ana ing tanah Galiléa.

29Sawisé kuwi Gusti Yésus lan para muridé nuli metu saka sinagogé lan menyang omahé Simon lan Andréas. Yakobus lan Yohanes uga padha ndhèrèk.

30Nalika semono ibuné maratuwa Simon lagi lara panas, nggluntung ana ing peturon. Bareng Gusti Yésus lan sing padha ndhèrèk tekan kono, Gusti Yésus nuli diaturi pirsa bab larané wong mau.

31Gusti Yésus nuli marani sing lara. Tangané wong mau dicandhak lan wongé ditangèkaké. Larané panas nuli mari, lan banjur ngladèni para tamuné.

32Bareng srengéngéné surup, wong-wong padha nggawa sakèhing wong sing lara lan wong sing kepanjingan dhemit, disowanaké marang Gusti Yésus.

33Wong sakutha padha nglumpuk ana ing lataré omah.

34Gusti Yésus banjur marasaké wong-wong mau sing padha nandhang lara rupa-rupa lan uga nundhungi dhemit akèh. Gusti Yésus ora nglilani dhemit-dhemit mau caturan, sebab dhemit-dhemit kuwi padha ngerti Gusti Yésus kuwi sapa.

35Ésuké, isih umun-umun, Gusti Yésus wungu saré, terus tindak menyang panggonan sing sepi, prelu ndedonga.

36Panjenengané nuli digolèki déning Simon lan kanca-kancané.

37Bareng wis ketemu, nuli padha matur: "Guru, sedaya tiyang madosi Panjenengan."

38Nanging Gusti Yésus ngandika: "Kita kudu nerusaké laku kita menyang désa-désa liyané ing sakiwa-tengené kéné. Aku uga kudu martakaké Injil ana ing kono, sebab yakuwi preluné enggon-Ku teka mréné."

39Mulané Gusti Yésus nuli ndlajahi setanah Galiléa kabèh. Panjenengané martosaké Injil ana ing sinagogé-sinagogé lan nundhungi dhemit-dhemit.

40Ana wong lara kusta sowan ing ngarsané Gusti Yésus. Wong mau jèngkèng, lan nyuwun supaya Gusti Yésus kersa paring pitulungan. Aturé: "Guru, menawi Panjenengan kersa, Panjenengan saged nyarasaken kula."

41Gusti Yésus mesakaké marang wong mau. Mulané banjur mulung astané. Wong mau didemèk lan ngandika: "Aku kersa. Warasa!"

42Sanalika lelarané ilang, lan wong mau dadi waras.

43Gusti Yésus nuli ndhawuhi lunga wong mau, karo diweling mengkéné:

44"Poma, kowé aja kandha sapa-sapa bab enggonmu wis diwarasaké. Terus sowana waé marang imam, lan nyuwuna imam mau mriksa awakmu. Sawisé kuwi kowé nyaosna kurban marang Gusti Allah, manut prenatané Nabi Musa, kanggo mbuktèkaké marang wong-wong, yèn kowé wis mari temenan."

45Nanging salungané saka kono, wong mau wiwit nyebaraké pawarta kuwi tekan ngendi-endi. Mulané saben wong banjur ngerti, nganti Gusti Yésus ora bisa ngèdhèng mlebu ing kutha endi waé. Temah Panjenengané kèndel ana ing sanjabané kutha, ing panggonan-panggonan sing sepi. Éwasemono wong saka ngendi-endi meksa padha teka marani Panjenengané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Markus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel