Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 13 >> 

1Nalika Gusti Yésus miyos saka Pedalemané Allah, ana muridé sing matur marang Panjenengané: "Gusti, Panjenengan kula aturi mirsani. Iba éndahipun gedhong-gedhong saha séla-sélanipun."

2Gusti Yésus ngandika: "Apa Pedalemané Allah iki kokarani éndah? Watu siji waé ora ana sing bakal tetep ana ing panggonané. Awit saben watu bakal dijugrugaké."

3Nalika Gusti Yésus pinarak ana ing Gunung Zaitun, sing dunungé adhep-adhepan karo Pedalemané Allah, murid-muridé yakuwi Pétrus, Yakobus, Yohanes lan Andréas, padha sowan dhéwé ana ing ngarsané.

4Murid-murid mau padha matur: "Guru, mbénjing menapa sedaya menika enggènipun badhé kelampahan? Lan menapa tandha-tandhanipun bilih sampun badhé dumugi wekdalipun?"

5Gusti Yésus ngandika: "Padha sing ngati-ati, aja nganti kena diapusi ing wong.

6Bakal akèh wong sing padha teka nganggo jeneng-Ku, lan padha kandha: ‘Aku iki Panjenengané!’, banjur padha ngapusi wong akèh.

7Menawa kowé padha krungu swarané perang lan krungu kabar bab peprangan, aja padha wedi. Prekara-prekara sing kaya mengkono kuwi pancèn kudu kelakon. Nanging kuwi ora ateges yèn jaman kiamat wis tekan mangsané.

8Bangsa sing siji bakal memungsuhan karo bangsa sijiné. Negara sing siji bakal nglurugi perang negara liyané. Ing endi-endi bakal ana lindhu lan ana pailan. Kuwi mau kabèh mung lagi wiwitané kaya wong wadon sing nglarani arep babaran.

9Kowé kudu padha ngati-ati, sebab kowé bakal padha dicekel lan diajokaké ana ing pengadilaning agama. Kowé bakal padha digebugi ana ing papan-papan pangibadah. Kowé bakal padha diajokaké marang para penggedhé lan raja-raja merga saka Aku, supaya srana mengkono, kowé padha nglairaké paseksi bab Aku marang wong-wong mau.

10Sebab Injil kuwi mesthi diwartakaké dhisik marang sakèhé bangsa.

11Déné menawa kowé padha dicekel lan diajokaké ana ing pengadilan, aja padha kuwatir bab apa sing bakal kokkandhakaké. Yèn wis tekan wektuné, kandhakna waé apa sing didhawuhaké déning Gusti Allah marang kowé ing wektu kuwi. Tembung-tembung sing bakal kokucapaké kuwi dudu tembungmu dhéwé, nanging pakaryané Sang Roh Suci.

12Wong bakal ngulungaké seduluré dhéwé supaya dipatèni. Bapak bakal ngulungaké anak-anaké, lan anak-anak bakal ngulungaké ibuné lan bapakné, supaya padha dipatèni. Kowé bakal disengiti déning wong kabèh merga saka Aku.

13Nanging wong sing tahan nganti tekan ing wekasan, wong kuwi bakal dislametaké."

14"Kowé bakal padha ndeleng ‘si Duraka sing gawé rusak’ ana ing panggonan sing dudu papané. (Catheten kanggo sing maca: padha ngertia, apa surasané.) Ing wektu kuwi wong-wong sing ana ing tanah Yudéa padha mlayua menyang pegunungan.

15Wong sing ana ing payoning omah aja padha ndadak mudhun njupuk apa-apa sing ana ing omah.

16Wong sing ana ing pategalan aja padha mulih njupuk sandhangané.

17Iba enggoné nggegirisi ing dina-dina kuwi tumrapé para wong wadon sing lagi padha mbobot, tuwin ing ngatasé ibu-ibu sing padha nusoni bayiné.

18Padha nyuwuna marang Gusti Allah, supaya lelakon-lelakon sing mengkono kuwi aja nganti kelakon ing mangsa rendheng.

19Sebab ing mangsa kuwi bakal ana kasusahan sing gedhé banget, sing durung tau kelakon ana ing donya iki, wiwit Gusti Allah nitahaké donya iki nganti sepréné, lan uga ora bakal kelakon menèh.

20Saupama Gusti Allah ora ngungkret mangsa kasangsaran mau, mesthi ora ana wong siji waé sing bakal slamet. Nanging merga saka umat pilihané, Gusti Allah nyendhakaké mangsa kasangsaran mau.

21Yèn ing wektu kuwi ana wong kandha marang kowé: ‘Delengen, Sang Kristus ana ing kéné!’, utawa yèn ana sing kandha: ‘Lha kaé, Panjenengané ana ing kana!’ kowé aja padha ngandel.

22Sebab ‘kristus-kristus palsu’ lan ‘nabi-nabi palsu’ bakal padha muncul. Kuwi bakal padha gawé mujijat-mujijat sing sedyané, yèn bisa, arep ngapusi umat pilihané Gusti Allah.

23Sing padha waspada! Kabèh mau wis Dakkandhakaké marang kowé sadurungé kelakon."

24"Sawisé mangsa kasusahan mau, srengéngé bakal dadi peteng, lan rembulan ilang padhangé.

25Lintang-lintang bakal padha tiba saka ing langit, lan kaanan ing sakurebing langit bakal kisruh ora karuwan.

26Ing wektu kuwi Putraning Manungsa bakal ngetingal ing méga, ngagem kamulyan lan pangwasa.

27Panjenengané bakal ngutus malaékat-malaékaté supaya ngumpulaké umaté, sing pinilih saka kéblat papat, yakuwi saka tapel watesé bumi sisih tekan sisihé."

28"Padha sinaua saka kaanané wit anjir. Menawa epangé padha ijo-ijo lan memes sarta wiwit semi, kowé padha ngerti yèn wis mèh mangsa panas.

29Mengkono uga, menawa kowé padha weruh prekara-prekara mau kelakon, kowé padha ngertia yèn wis tekan wektuné Panjenengané rawuh.

30Padha élinga! Wong-wong sing saiki isih urip, bakal isih padha ngalami lelakon-lelakon mau.

31Langit lan bumi bakal sirna, nanging apa sing Dakkandhakaké ora bakal sirna."

32"Senajan mengkono, ora ana wong siji waé sing ngerti kapan dinané lan kapan wektuné prekara mau bakal kelakon. Malaékat-malaékat ing swarga ora padha ngerti, lan Putraning Allah uga ora pirsa. Mung Sang Rama waé sing pirsa.

33Mulané kowé kudu tansah jaga-jaga lan waspada, sebab kowé padha ora ngerti kapan wektuné.

34Ibaraté kaya wong sing ninggal omahé, lunga menyang papan adoh. Wong mau ndhawuhi abdi-abdiné, supaya ngurus omahé, siji-sijiné padha diparingi kuwajiban dhéwé-dhéwé. Sing dipatah jaga gapura, olèhé jaga supaya sing tumemen.

35Mulané kowé kudu tansah siyaga, sebab kowé padha ora ngerti kapan mulihé sing duwé omah mau. Bisa uga soré, bisa uga tengah wengi, bisa uga ésuk umun-umun, bisa uga bareng karo mlethèké srengéngé.

36Samangsa-mangsa sing duwé omah mau teka, aja nganti kowé ketemu lagi turu.

37Kabèh sing Dakkandhakaké marang kowé iki, uga Dakkandhakaké marang wong kabèh: Padha jaga-jagaa lan sing waspada!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Markus 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel