Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Markus 16 >> 

1Bareng dina Sabbat wis kliwat, Maryam Magdaléna, Maryam ibuné Yakobus, lan Salomé, padha lunga tuku ubarampéné adon-adonan lenga kanggo mborèhi layoné Gusti Yésus.

2Ésuk umun-umun, ing dina kapisan minggu kuwi, wong-wong mau padha lunga menyang pesaréan. Nalika semana srengéngé lagi mlethèk.

3Ana ing dalan wong-wong mau padha rerasanan: "Mengko sapa sing arep nulungi awaké dhéwé, ngglundhungaké watuné? Mangka watuné gedhé banget."

4Nanging bareng wis padha tekan ing pesaréan, watuné ketemu wis gumlundhung.

5Wong-wong mau banjur padha mlebu. Ana ing njero pesaréan kono padha weruh ana wong nom-noman nganggo sandhangan putih lungguh ana ing sisih tengen. Wong-wong wadon kuwi padha kagèt.

6Nom-noman mau banjur kandha: "Aja padha wedi. Aku ngerti, yèn kowé padha nggolèki Gusti Yésus saka Nasarèt, sing wis disalib. Panjenengané ora ana ing kéné. Awit Panjenengané wis wungu. Delengen ta, ya ana ing kéné iki lho mauné olèhé nyèlèhaké layoné.

7Saiki kowé padha lungaa. Lelakon iki kandhakna karo para muridé, lan uga marang Pétrus. Kandhakna yèn Gusti Yésus tindak ndhisiki menyang tanah Galiléa. Ana ing tanah Galiléa kana, bakal padha weruh Panjenengané, kaya sing wis dingandikakaké marang murid-muridé."

8Wong-wong wadon mau nuli padha metu saka ing pesaréan, banjur padha mlayu, awit kagèt banget campur wedi. Saking wediné, wong-wong mau padha ora kandha apa-apa marang sapa waé.

9[Wong-wong wadon mau banjur padha marani Pétrus lan kanca-kancané, padha dicritani kanthi cekak, bab apa sing wis dikandhakaké déning wong nom-noman mau. Nanging sawisé mengkono, Gusti Yésus piyambak ngutus para muridé, didhawuhi padha lunga saka ing Wétan mengulon, ngabaraké kabar keslametan langgeng, yakuwi kabar suci, sing bakal ngumandhang terus tekan ing ngendi-endi.] Bareng Gusti Yésus wis wungu, ing dina kapisan (dina Minggu), isih umun-umun, sing diketingali dhisik dhéwé Maryam Magdaléna (sing tau ditundhung dhemité pitu déning Gusti Yésus).

10Maryam Magdaléna banjur ngandhani wong-wong sing mauné padha ndhèrèk Gusti Yésus, sing lagi padha sedhih banget.

11Nalika padha ngrungokaké critané Maryam, bab wunguné Gusti lan bab enggoné Maryam wis diketingali dhéwé déning Panjenengané, wong-wong mau padha ora ngandel.

12Sawisé kuwi Gusti Yésus tumuli ngetingal marang muridé loro nganggo cara sing béda menèh, yakuwi nalika wong loro mau lagi padha mlaku arep menyang sawijining désa.

13Dadiné wong loro mau banjur padha bali, ngandhani kanca liya-liyané. Nanging wong-wong mau padha ora ngandel.

14Wekasané, Gusti Yésus ngetingal marang muridé sewelas, nalika lagi padha mangan. Panjenengané melèhaké murid-muridé mau, bab enggoné kurang precaya lan wangkoting atiné, déné padha ora gelem ngandel marang paseksiné wong-wong sing wis padha weruh dhéwé, yèn Gusti Yésus wis wungu.

15Gusti Yésus banjur paring dhawuh marang murid-muridé: "Padha lungaa, ndlajahi sajagad kabèh, Injilé Allah padha wartakna marang saumat kabèh.

16Wong sing precaya lan dibaptis bakal slamet. Nanging wong sing ora gelem precaya, bakal diukum.

17Wong sing precaya bakal padha diparingi pretandha, yakuwi bakal kwasa nundhungi dhemit nganggo nyebut jeneng-Ku. Bakal padha clathu nganggo basa sing wong-wong mau dhéwé padha ora ngerti tegesé.

18Menawa padha nyekel ula utawa ngombé racun, ora bakal ngalami bilai. Samangsa padha ndemèk wong lara, sing lara bakal mari."

19Sawisé Gusti Yésus ngandika marang para murid-muridé, Panjenengané kaangkat menyang swarga. Ana ing kana Panjenengané lenggah ing satengené Gusti Allah.

20Para muridé banjur padha lunga, ngabaraké Injil ana ing ngendi-endi. Gusti Allah uga makarya bebarengan karo murid-murid mau, srana daya kasektèn, mujijat-mujijat, minangka bukti yèn apa sing diwartakaké déning para murid mau nyata.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Markus 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel