Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 105 >> 

1Padha saosa puji sukur marang Allah, padha wartakna asmané. Para bangsa padha critanana pendamelé.

2Padha ngidungna kaluhurané, kidungna nganggo masmur; sakèhé pakaryané kang élok padha critakna.

3Padha bungaha déné kita iki kagungané; atiné wong kang ngabekti marang Allah, karebèn padha bungah.

4Mareka marang Allah, nyuwun pitulungané, lan aja kendhat-kendhat anggonmu sujud ngabekti marang Panjenengané.

5(105:5-6) Hé para turuné Abraham, abdiné; para anaké Yakub, kang pinilih, padha ngélingana kaélokané Allah kang wis ditindakaké, lan marang putusan-putusaning keadilané.

6(105:5)

7Pangéran iku Allah kita; dhawuh prenatané kanggo salumahé bumi kabèh.

8Panjenengané netepi prasetyané nganti langgeng selawasé; iya dhawuh kang kaparingaké marang sèwu turunan.

9Prejanjian kang didamel karo Abraham, lan prejanjiané marang Iskak,

10iku ditetepaké dadi prenatan marang Yakub, dadi prejanjian langgeng kanggo Israèl.

11Pangandikané, "Kowé Dakparingi tanah Kenaan, dadi tanah pusakamu."

12Umaté Allah cacahé lagi sethithik, tur dadi wong neneka ana ing kono.

13Padha nglembara saka panggonané bangsa siji menyang bangsa liyané, saka kraton siji menyang kraton sijiné.

14Panjenengané ora nglilani yèn ngantia dianiaya déning sapa-sapa; malah raja-raja ana sing diukum krana saka umat mau.

15Pangandikané, "Para pilihan-Ku aja nganti kokgepok, lan para nabi-Ku aja koksiya-siya!"

16Nalika Panjenengané nekakaké paceklik ing negara kono, lan sakèhé tandhon pangan rusak kabèh.

17Panjenengané ngutus wong ndhisiki lakuné umaté, Yusuf diedol dadi batur-tukon.

18Sikilé diblenggu, guluné diranté.

19Nganti tekan wektuné pamecané katetepan, yakuwi nalika pangandikané Allah mbeneraké Yusuf.

20Sang Prabu ing Mesir nuli ngutus ngluwari, dililani medal déning ratuning para bangsa.

21Didadèkaké penggedhéning kedhatoné, lan dipasrahi mengku apa sakagungané Sang Prabu kabèh.

22Dikersakaké mréntah para penggedhé abdiné Sang Prabu ing sakersané Yusuf, sarta memulang kawicaksanan marang para pinituwané para abdi.

23Kaya mengkono tekané Israèl ing tanah Mesir lan Yakub manggon ing tanahé Kham dadi wong neneka.

24Pangéran banjur ndadèkaké umaté ngambra-ambra, diparingi kekuwatan ngluwihi para satruné.

25Atiné wong Mesir digawé sengit marang umaté Allah, mula padha ngapusi marang umat mau.

26Allah nuli ngutus Musa, abdiné, lan Harun, pilihané.

27Padha gawé kaélokan-kaélokan saka dhawuhé Allah, lan mujijat-mujijat ana ing tanah Mesir.

28Gusti Allah nekakaké pepeteng, temah sanegara peteng ndhedhet, nanging wong Mesir ora padha ngéstokaké dhawuhé.

29Gusti Allah banjur ndadèkaké banyu dadi getih, mula iwak-iwak ing kono padha mati kabèh.

30Gusti Allah banjur nekakaké kodhok ing tanah kono, malah nganti padha mlebu ing kamaré Sang Prabu.

31Pangéran ngandika, banjur laler cathak padha teka, semono uga lemut ing satlatahé negara.

32Banjur nekakaké udan ès lan bledhèg minangka gantiné udan.

33Wité anggur dibrukaké, mengkono uga wité anjir; lan sarupané wit-witan ing daérah kono kabèh.

34Allah ngandika, banjur ana walang padha teka, akèhé tanpa wilangan.

35Padha mangan sakèhé thethukulan kang ana ing negara kono, sapametuné palemahan kono diserang kabèh.

36Pangéran numpes sakèhé anak pembarep ing tanah Mesir kono.

37Bangsa Israèl banjur diirid metu, padha nggawa emas lan slaka, wong-wong mau kabèh padha waras lan rosa.

38Nalika bangsa mau metu, wong Mesir padha bungah, merga wis padha ngalami giris krana saka bangsa mau.

39Allah nggelar méga kagawé mayungi umaté, sarta geni kanggo madhangi ing wayah bengi.

40Nalika para leluhur mau padha nyuwun daging, Gusti Allah banjur nekakaké manuk gemak akèh banget, lan umaté diwaregi nganggo roti saka langit.

41Pangéran bengkah karang, kang metokaké banyu, iliné santer nganti dadi kali ana ing tanah mati.

42Iki merga Panjenengané ngèngeti marang pangandikané kang suci, iya ngèngeti marang Abraham, abdiné.

43Kaya mengkono enggoné ngirid umaté metu kalawan bungah saka tanah Mesir.

44Padha diparingi tanahé bangsa-bangsa liya, nganti padha mangan pametuné palemahané bangsa-bangsa mau.

45Iku supaya bangsa Israèl padha netepana prenatané Allah lan ngèstokna angger-anggeré. Haléluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 105 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel