Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 108 >> 

1(108-1) Kidung masmur anggitané Dawud. (108-2) Manah kawula bingah, dhuh Allah, badhé ngrepèkaken kidung, nglagokaken kidung masmur kagem Paduka. Dhuh nyawaku, bungaha!

2(108-3) Hé slukat lan clempung, padha tangia, srengéngé, tangia.

3(108-4) Paduka badhé kawula puji wonten ing tengahipun para bangsa, dhuh Allah, badhé kawula kidungaken mawi masmur ing tengahipun para umat.

4(108-5) Margi sih Paduka menika luhuripun ngungkuli langit, lan kasetyan Paduka ngungkuli inggiling méga.

5(108-6) Dhuh Allah, Paduka mugi ngetingalaken kaluhuran Paduka, ingkang ngungkuli sakathahing langit, saha kamulyan Paduka nyrambahana salumahing bumi.

6(108-7) Kawula mugi kawilujengaken srana pangwasa Paduka, Paduka nyembadani panyuwun kawula, mila para kekasih Paduka sami kaluwaran.

7(108-8) Allah wis ngandika ana ing pasucèné, "Penggalih-Ku rena banget, Sikèm arep Dakpérang-pérang. Lebak Sukot lan Giléad arep Dakedum marang umat-Ku.

8(108-9) Giléad iku kagungan-Ku, uga Manasyè; Éfraim dadi tutuping sirah-Ku, lan Yéhuda sasat jungkating keprabon-Ku.

9(108-10) Moab kuwi pawisuhan-Ku, Édom bakal Dakuncali sandhal-Ku, tandha yén kagungan-Ku. Lan merga Filistéa Aku surak-surak."

10(108-11) Sapa sing bakal ngirid aku mlebu menyang kutha sing dibètèngi? Sapa sing bakal ngirid aku menyang Édom?

11(108-12) Dhuh Allah, menapa èstu Paduka sampun nampik dhateng kawula? Menapa Paduka mboten miyos nyarengi tentara kawula?

12(108-13) Dhuh Allah, mugi paring pitulung nglawan dhateng mengsah kawula, awit pambiyantunipun manungsa menika tanpa gina.

13(108-14) Merga saka sih-pitulungané Allah kita bakal dadi kendel lan prakosa, sebab Panjenengané piyambak kang bakal nelukaké satru-satru kita.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 108 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel