Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 136 >> 

1Padha saosa puji marang Allah, awit Panjenengané iku becik, sih-kasetyané langgeng selawasé.

2Padha saosa puji marang Allahé para allah, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

3Padha saosa puji marang Gustiné para gusti, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

4Mung Panjenengané piyambak kang nindakaké kaélokan gedhé, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

5Panjenengané nitahaké langit kanthi kawicaksanan, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

6Kang ngedegaké bumi ana ing dhasaring segara, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

7Kang nitahaké srengéngé lan rembulan, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

8Iya srengéngé kang ngwasani rina, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

9Sarta rembulan lan lintang-lintang sing ngwasani wengi, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

10Kang nekakaké pepati marang anak mbarepé wong Mesir, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

11Israèl banjur diirid metu saka ing kono, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

12Srana astané kang rosa lan lengené kang sekti, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

13Kang miyak banyuné Segara Teberau, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

14Israèl nuli disabrangaké metu ing segara mau, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

15Kang nglelepaké Raja Pringon sawadyabalané ing Segara Teberau, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

16Kang ngirid lakuné ana ing segara wedhi, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

17Kang perang lan ngalahaké raja gedhé-gedhé, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

18Kang matèni ratu-ratu sing kwasa, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

19Yaiku Sihon ratuné bangsa Amori, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

20Lan Og ratu ing Basan, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

21Tanahé banjur diparingaké dadi tanah pusaka, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

22Iya dadi tanah pusakané Israèl, umaté, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

23Iya Allah kang ngèngeti marang kita sajroning kita kasoran, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

24Kang ngrebat kita saka tangané mungsuh kita, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

25Kang paring pangan marang sakèhing tumitah, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.

26Padha saosa puji marang Allah ing swarga, awit sih-kasetyané langgeng selawasé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 136 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel