Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 139 >> 

1Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. Dhuh Allah, Paduka sampun njajagi sarta pirsa menggah kawontenan kawula.

2Kawula linggiha lan ngadega, Paduka nguningani, senajan saking katebihan Paduka pirsa saosiking manah kawula.

3Kawula nyambut-damela utawi ngasoa Paduka pirsa, samukawis ingkang kawula tindakaken Paduka tliti.

4Sebab sadèrèngipun ilat kawula kumecap, sedaya sampun Paduka uningani, dhuh Allah!

5Kawula Paduka apit-apit saking wingking lan saking ngajeng, sarta kawula tansah kaungkulan déning asta Paduka.

6Kawruh ingkang mekaten menika inggil sanget tumraping kawula, ngantos mboten saged kawula nalar.

7Saupami badhé ngoncati Roh Paduka, dhateng pundi enggèn kawula badhé mlajeng, nilar tingal Paduka?

8Saupami minggah dhateng swarga, Paduka wonten ing ngriku; utawi medhak ing kuburanipun tiyang pejah, Paduka inggih wonten ing ngriku.

9Kawula mabura dhateng tebing Wétan pisan, sarta manggèn ing pinggiring bumi ingkang Kilèn piyambak.

10Paduka inggih wonten ing ngriku nuntun kawula, saha asta Paduka mitulungi kawula.

11Saupami kawula mungela, awakku kalimputana ing pepeteng, utawi, pepadhang kang nglimputi aku dadia wengi,

12nanging pepeteng wau inggih mboten dados peteng tumraping Paduka, dalu inggih sami padhangipun kados siyang, pepeteng inggih sami kados pepadhang.

13Inggih Paduka ingkang nitahaken saben péranganing badan kawula. Paduka ingkang mangun kawula wonten ing guwa-garbanipun biyung kawula.

14Paduka kawula puji, margi enggèn kawula katitahaken élok nggumunaken. Iba élokipun sekathahing pakaryan Paduka, prekawis menika kawula akeni saèstu.

15Paduka pirsa nalika balung-balung kawula kawangun, nalika kawula katitahaken wonten ing pasingidan, sarta tuwuh presasat kasulam wonten panggènan ingkang samar; Paduka pirsa kawula wonten ing ngriku.

16Paduka pirsa kawula, sadèrèngipun kawula lair, sarta sakathahing dinten-dinten ingkang pinesthi kanggé kawula sampun kacathet wonten ing Kitab Paduka; sadèrèngipun kelampahan setunggal-tunggala.

17Dhuh Allah, iba angèlipun nggayuh penggalih Paduka, iba kathahing cacahipun.

18Menawi badhé kawula wical temtu langkung kathah tinimbang wedhi. Menawi kawula nglilir, kawula taksih wonten ing ngarsa Paduka.

19Dhuh Allah, tiyang duraka mugi Paduka tumpes, tiyang ingkang remen ngwutahaken rah mugi kasingkirna saking kawula.

20Mekaten ugi tiyang ingkang wicanten nggorohi Paduka, inggih ingkang ngawon-awon dhateng asma Paduka.

21Dhuh Allah, tiyang ingkang sami sengit dhateng Paduka, menapa mboten kawula sengiti? Tiyang ingkang mbaléla dhateng Paduka, inggih mesthi kawula sengiti sanget.

22Kawula sengiti saèstu, sarta kawula anggep mengsah.

23Dhuh Allah, kawula mugi Paduka titi-priksa, Paduka pirsani kawontenanipun ing sanyatanipun, kawula mugi Paduka uji, saha sapengangen-angen kawula mugi Paduka uningani.

24Mugi Paduka priksa, menapa lampah kawula nylèwèng, nunten Paduka tuntun ing margi ingkang langgeng.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 139 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel