Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 148 >> 

1Haléluya! Padha saosa puji marang Allah ana ing swarga! Padha saosa puji ana ing ngaluhur!

2Pujinen Panjenengané, hé sakèhé malaékaté, pujinen Panjenengané, hé sakèhé bala-tantrané.

3Pujinen Panjenengané, hé srengéngé lan rembulan, pujinen panjenengané, hé sakèhé lintang kang gumebyar.

4Pujinen Panjenengané, hé sakèhé lapisaning langit, apa déné banyu kang ana sandhuwuré awang-awang, padha saosa puji!

5Samubarang kabèh padha memujia marang asmané Allah, sebab Panjenengané ngandika, tumuli kabèh banjur ana.

6Panjenengané dhawuh, nuli samubarang manggon ing papané dhéwé-dhéwé. Panjenengané paring pathokan sing ora kena dilangkahi.

7Padha saosa puji marang Allah ana ing bumi, hé sakèhé iwak gedhé lan telenging samodra.

8Hé bledhèg lan udan ès, salju lan mendhung, lan angin lésus kang padha nglakoni dhawuhé Allah!

9Hé gunung-gunung lan sakèhé punthuk, wit-witan lan sakèhé wit èrès,

10hé sakèhé sato alasan lan sakèhé kéwan, kang rumangkang lan kang nganggo swiwi.

11Hé para raja ing salumahing bumi, lan sakèhé para bangsa, para penggedhé lan sakèhé para pangwasa ing jagad,

12hé para nonoman lan para prawan, para wong tuwa lan para wong nom.

13Kabèh padha mujia marang Pangéran, sebab mung Panjenengané piyambak kang luhur, kamulyané nglimputi bumi lan swarga.

14Panjenengané kang nyantosakaké umaté, mulané diluhuraké déning sakèhé umat kang dikasihi, yakuwi umat Israèl kang rumaket marang Panjenengané. Haléluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 148 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel